NEW
Font size
WorksheetsGLADHEN BASA KRAMA
Total questions: 10
Worksheet time: 14mins
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan
pangandikan.
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…
Priyayi kakung marang garwane.
Srawunge wong dewasa kang wis kulina.
Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.
Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.
Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.
njaluk, aweh
nyuwun, paring
njaluk, caos
njaluk, paring
Para wiranem ing Rt 1 arep nganakake gladhi sesorah, mapane ing bale Rt. Minangka ketua Pemudha Rendi nyuwun idin marang pak Rt kang ndilalah kok bapake Rendi dhewe. Kepriye ature Rendi?
Pak, kula ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale Rt entuk ora?
Pak, menawi angsal kula ajeng nyilih bale Rt ngge gladhen sesorah.
Pap Rt, menapa angsal menawi bale Rtne dingge gladhen sesorah?
Pak, Para wiranem ing Rt 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.
