Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

bahasa Daerah

Total questions: 25

Worksheet time: 13mins

Name
Class
Date
1.

Teks laporan asil observasi kudu sisajekake cocok klawan keadaan kang nyata ing lapangan. iki mujudajake titikan/ ciri.....

a)

obyektif

b)

universal

c)

faktual

d)

sistematis

2.

tembung "wacanen" migunakake swara....

a)

a miring - a miring - e pepet

b)

a jejeg - a jejeg - e pepet

c)

a miring - a miring - e taling

d)

a jejeg -a jejeg - e taling

3.

Teks diskriptif kang nggambarake objek kaya tafsiran penulis yaiku teks diskripsi....

a)

spasial

b)

objektif

c)

subjektif

d)

faktual

4.

teks diskriptif kang nglukisake ruwang utawa panggonan yaiku teks diskriptif....

a)

spasial

b)

bjektif

c)

subjektif

d)

faktual

5.

Pitik iku asikil loro, dene wedhus asikil papat

ater-ater a ing tembung asikil pangertene.....

a)

nganggo

b)

duwe

c)

nggawa

d)

tumemplek

6.

Nalika nekani ulang taune kancane, adhiku aklambi abang kembang kembang

ater ater a - ing tembung aklambi mengku karep

a)

nganggo

b)

duwe

c)

nggawa

d)

tumemplek

7.

Xocolati iku ateges inuman pait. tembung ateges mengku karep

a)

nganggo

b)

duwe

c)

padha

d)

njaluk

8.

Bocah bocah asring mangan permen coklat

twmbung bocah bocah kalebu ewone tembung.....

a)

dwipurwo

b)

dwiwasana

c)

dwilingga

d)

dwilingga andahan

9.

Wiji kakao dadi komoditas utama dedagangan ing wilayah meso amerika.

tembung dedagangan klebu ewone tembung

a)

dwipurwo

b)

dwiwasana

c)

dwilingga

d)

dwilingga andahan

10.

ukara sing ora migunakake ater - ater tripurusa .....

a)

soklat dikenal kanthi aran kakawa

b)

wiji kakao iki dialusake lan dicampur banyu

c)

suku maya melu nandur KAKAO ing omahe

d)

permen sokat asring dipangan bocah - bocah

11.

Tembung misahake yen diudhal manut linggane...... :

a)

mi + sah + ake

b)

m + isah + ake

c)

m + pisah +ake

d)

m + isa + hake

12.

Tembung seng entuk ater ater anuswara

a)

modern

b)

mbukak

c)

mbok menawa

d)

menkone

13.

Jeneng "agus" diwaca nganggo swara

a)

A jejeg lan u jejeg

b)

A miring lan u miring

c)

A jejeg lan u miring

d)

A miring lan u jejeg

14.

teks kang nggambarake sawijine babagan utawa pawongan kanthi ngungkapake identitase yaiku teks diskripsi.....

a)

spasial

b)

objektif

c)

subjektif

d)

faktual

15.

Bapak dereng.....saking Ngayokyakarta [krama alus]

a)

Dugi

b)

Dhateng

c)

Mantuk

d)

Rawuh

16.

Basa iki ora bener manut unggah ungguhe...

a)

Adhik sinau basa jawa

b)

Adhik bayi ngunjuk susu

c)

Aku mangan roti keju

d)

Ibu kesah dateng peken

17.

Tembung " ketabrak" migunakake swara....

a)

E taling - a miring - a miring

b)

E pepet - a miring - a miring

c)

E taling - a jejeg - a jejeg

d)

E pepet - a jejeg - a jejeg

18.

Sing kalebu seselan iku....

a)

Ni, ma, er, el

b)

In, m, er, el

c)

In, um, a, ana

d)

In, um, er, el

19.

Adhiku saiki isih......angler ana ing kamare [ngoko lugu]

a)

Turu

b)

Tilem

c)

Sare

d)

Ngantuk

20.

"Aku lan adhiku tuku buku tulis" ukara iki mawa basa.....

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

Krama lugu

d)

Krama alus

21.

Teks biografi iku ngemot informasi adhedasar.....

a)

faktane paraga

b)

faktane pangripta (penulis biografi)

c)

fantasine paraga

d)

fantasine pangripta ( penulis biografi)

22.

teks biografi iku ditulis liyan kanthi tujuan kanggo...

a)

pamer kepinteran

b)

unggul unggulan

c)

ndadekake pahlawan

d)

tepa tuladha / conto

23.

Pawongan ing gambar iki ibu Tri Risma harini mujudake.... surabaya

a)

wali kota

b)

wakil wali kota

c)

bupati

d)

gubernur

24.

titikane/ cirine unggah ungguh basa ngoko lugu yaiku

a)

tembung tembunge nganggo basa krama alus

b)

tembung tembung krama dicampur kraama inggil

c)

tembung tembunge ngoko kabeh

d)

nganggo bahasa Inggris

25.

gambar iki yaiku salah sijine tokoh nasional Indonesia seng lair ing Blitar tgl 6 juni 1901. jeneng cilike Kusno Sosro Karno lahir soko bapak keturunan jawa ibune asli Bali. penjenengane ugo mangku presiden pertama RI. pawongan kasebut yaiku.....

a)

Gus Dur

b)

Soekarno

c)

Adam malik

d)

Ki Hajar Dewantoro