wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

b. JAWA KELAS 8

Total questions: 20

Worksheet time: 10mins

Name
Class
Date
1.

Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..

a)

Tema

b)

Alur/plot

c)

Paraga /pamaragan

d)

Latar/setting

2.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

3.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

4.

"Kadaluwarsa katutuh"


Ukara kasebut yen ditulis nganggo Aksara Jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)
5.

Sore mau aku bali sekolah, bapak lagi nonton tv. Yen diowahi basa krama dadi ....

a)

Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg mirsani tv

b)

Sonten wau kula kondur sekolah, bapak saweg mirsani tv

c)

Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg ningali tv

d)

Sonten wau kula kesah sekolah, bapak saweg mirsani tv

6.

Paugerane tembang Maskumambang...

a)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 12i

b)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 12a

c)

4 gatra = 12a, 6i, 8a, 8i

d)

4 gatra = 12i, 6a, 8i, 8a

7.

Cerkak wancahan(singkatan) saka....

a)

Cerita cekak

b)

Cerita pendek

c)

Cerita cakak

d)

Cerita sambung

8.

Struktur teks cerkak ana....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

9.

Pambuka kang ngenalake latar, paraga, lan wektu dumadine crita yaiku....

a)

orientasi

b)

komplikasi

c)

resolusi

d)

konflik

10.

Opo sing dimaksud Homonim

a)

tembung nduweni makna podo nanging bedo panulisane

b)

tembung sing nduweni makna bedo nanging podo panulisane lan pangucapane

c)

tembung sing nduweni makna bedo lan bedo pangucapane

d)

tembung sing nduweni makna podo lan podo panulisane

11.

Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....

a)

Sudut Pandang

b)

Tema

c)

Kehidupan sosial panulis

d)

Amanat

12.

"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....

a)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

b)

Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah

c)

Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah

d)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

13.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep, yaiku ....

a)

"Tugase kae garapen!" Jarene Rina

b)

"Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan" pitakone Sasti

c)

"Coba wedang iki tilikana!"

d)

Katno kandha yen kelase arep diresiki.

14.

Crita kang surasane babagan panguripan manungsa kanthi tulisan cekak aos diarani ....

a)

crita cekak

b)

crita sambung

c)

crita rakyat

d)

crita fabel

15.

sing ora termasuk unsur intrinsik cerkak yaiku ....

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

koda

16.

katrangan ngenani papan panggonan, wektu, lan swasana utawa kahanan diarani ....

a)

alur

b)

komplikasi

c)

latar

d)

tema

17.

" Sidane ing bengi kuwi, najan wurung nikmati pasugatan ing resepsine Pak Kepala Dinas, nanging oleh ijol pasugatan sing ora oleh mirasa. Najan kanggo iku nimpuna Pardi kepeksa cucul dhuwit kanggo nraktir. Nanging tumrap nimpuna ora dadi apa, wong pancen wes diniyati".


tema sajroning crita yaiku ....

a)

kesehatan

b)

kekancan

c)

katresnan

d)

pendhidhikan

18.

ngisor iki titikane crita cekak yaiku, kejaba ....

a)

alure mung siji

b)

paraga sithik

c)

wose lelakon manungsa

d)

nyritakake akeh prastawa

19.

"Jam setengah siji kaya adhat sabene, wong loro leren ing ngarep benteng Vredeburg poncot kidul Malioboro, sinambi ngetung penghasilane".


Ukara ing ndhuwur nudhuhake latar ....

a)

papan

b)

wektu

c)

wektu lan papan

d)

papan lan wektu

20.

"Ratih kuwi pawakane dhuwur, putih, lan mripate njedjer kothak".


Paraga Ratih digambarake lumantar ....

a)

fisike

b)

pachelathone

c)

tindakane

d)

bathine