NEW
Font size
Worksheetsteks laporan asil observasi
Total questions: 25
Worksheet time: 13mins
Perangan teks kang isine ngandharake pangerten sawijine objek kang diamati diarani....
Definisi umum
Deskripsi bageyan
Deskripsi gunane
Deskripsi umum
Perangan teks kang isine ngandharake paedah saka objek kang diamati yaiku....
Definisi umum
Deskripsi gunane
Deskripsi umum
Deskripsi bageyan
Titikane teks palapuran asil observasi yaiku asipat objektif. Tembung objektif tegese...
Sumber pawarta
Apa anane
Gampang dipahami
Jangkep
Basa kang digunakake sajrone teks lapuran asil observasi yaiku....
Objektif
Ringkes lan cetha
Apa anane
Becik lan cetha
Sakdurunge gawe cengkorongan teks palapuran asil observasi kang kudu ditindakake luwih dhisik yaiku....
Gawe irah-irahan
Nulis pambuka
Nyusun isi
Nulis panutup
Teks lapuran asil observasi kudu ditulis lelandhesan kasunyatan yaiku....
Konotatif
Fakta
Informatif
Komunikatif
Teks lapuran asil observasi kudu "komunikatif" tegese yaiku....
Asipat apa anane
Bisa dadi sumber pawarta
Gampang dipahami
Ditulis kanthi sampurna lan jangkep
Ing struktur Laporan Asil Observasi, perangan sing mujudake dudutan utawa simpulan asil observasi diarani : ...
Dhefinisi Umum
Identifikasi
Dheskripsi Bagean
Dheskripsi Manfaat
Kaya dene teks-teks liyane, teks laporan asil observasi uga katulis kanthi nggunake olah basa. Basa kang digunakake ing teks laporan asil observasi, yaiku ......
Basa kang kulina digunakake ing karya sastra
Basa Rinengga
Basa baku utawa basa kang gampang dimangerteni
Basa Kawi utawa Basa Jawa Kuna
Ukara miturut kalungguhane tembung-tembunge, perangan kang mratelakake tindakan utawa kaanane jejer diarani : ...
Jejer
Wasesa
Lesan
Katrangan
Ing ngisor iki tuladhane ukara tanggap
Kancaku maca buku nganggo kacamata.
Bukuku disilih Darwanto wis telung dina.
Bocah kae nyekel kucing dhewe ora ana kancane.
Ibu masak sayur lodheh senenganku.
Sing diarani ukara andharan yaiku : ...
Ukara kang mratelakake rasa pangrasa
Ukara kang isine aweh pawarta
Ukara kang isine ngongkon
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan
Ukara kang medharake rasa pangarep-arep, saupama lan senajan, diarani : ...
Ukara Sambawa
Ukara Panguwuh
Ukara Pitakon
Ukara Andharan
Ing ngisor iki tuladhane Ukara Panguwuh : ...
Panasa ta klambiku ben ndang garing.
Muraha kae aku ora duwe dhuwit ya ora tuku.
Diparingana slamet anggone lunga, supaya enggal ketemu adhine.
Hore ,aku entuk biji satus !
Aksara kang digawe kanggo
njangkepi cacahe aksara kang gunane kanggo nulis tembung manca kang dicethakake, diarani : ...
Aksara Rekan
Aksara Swara
Aksara Murda
Aksara Legena
Ing ngisor iki sing klebu struktur lan isi laporan asil observasi yaiku ....
latar panggonan
latar wektu
amanat
obyek sing diobservasi
Dina Sabtu, Ahmad lan kanca-kancane nyemak/ ngobservasi maneka kewan ing Kebun Binatang Surabaya.
Obyek sing diobservasi yaiku ....
dina Sabtu
Ahmad lan kanca-kancane
maneka kewan
Kebun Binatang Surabaya
Dina Sabtu, Ahmad lan kanca-kancane nyemak/ ngobservasi maneka kewan ing Kebun Binatang Surabaya.
Papan observasi ing teks dhuwur yaiku ....
dina Sabtu
Ahmad lan kanca-kancane
maneka kewan
Kebun Binatang Surabaya
Bab sing dilaporake kudu bener-bener dilakoni. Bab kasebut diarani ....
objektif
jangkep
tepat waktu
narik kawigaten
Panyusune laporan kudu rapi lan narik kawigatene wong liya, supaya padha gelem maca laporan kegiatan mau. Bab kasebut diarani ....
objektif
jangkep
tepat waktu
narik kawigaten
Bab-bab ing ngisor iki sing kudu digatekake nalika nulis laporan, KECUALI ....
judul kegiatan
objektif
jangkep
tepat waktu
pengalaman sing isine kedadeyan-kedadeyan sing gawe ati seneng diarani ....
pengalaman sing nrenyuhake
pengalaman sing nyedihake
pengalaman sing nyenengake
pengalaman gawe susahe ati
Pengalaman sing isine kedadeyan-kedadeyan sing gawe susahe ati diarani ....
pengalaman sing nyenengake
pengalaman sing nrenyuhake
pengalaman sing nengsemake
pengalaman gawe senenge ati
Ing ngisor iki sing klebu pengalaman sing nyenengake yaiku .....
dadi juara lomba agustusan
tiba saka sepedha
nandang lara untu
kucingku ilang
Sawijine kagiyatan kang panlitine ora melu ngamati diarani....
Partisipatif
Langsung
Nonpartisipatif
Ora langsung
