wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Latihan soal wulangan 2 Bahasa Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 44mins

Name
Class
Date
1.

Tembang pocung ing dhuwur, saben sapupuh kadadean saka .... larik

a)

3

b)

4

c)

2

2.

Pungkasane swara saben larik tegese ....

a)

guru lagu

b)

guru wilangan

c)

guru gatra

3.

Pupuh kapindho isine nyritakake bab ....

a)

bocah sregep sinau

b)

wajib manembah marang Gusti

c)

murid mituhu marang guru

4.

Isine tembang pocung bisa kanggo cangkriman.

Cangkriman tegese ....

a)

pitakonan

b)

geguritan

c)

bedhekan

5.

Tapak kebo lelene satus.

Cangkrimane ....

a)

pakbomba

b)

pakboletus

c)

gowang pelot

6.

Bapak pocung dudu watu dudu gunung,

sangkamu ing Plembang,

ngon-ingone sang Bupati,

yen lumampah si pocung lembehan grana.


Batangane yaiku ....

a)

gajah

b)

sepur

c)

klenthing

7.

Bapak pocung dudu watu dudu gunung,

dawa kaya ula,

pencokanmu wesi miring,

yen lumampah si pocung ngumbar suwara.


Guru wilangan larik katelu saka tembang pocung ing dhuwur yaiku ....

a)

8

b)

6

c)

12

8.

Tembang pocung kalebu tembang cilik.

Tembang cilik kuwi padha karo ....

a)

dhaerah

b)

dolanan

c)

macapat

9.

Pitik walik saba meja.

Bedhekane ....

a)

salak

b)

sulak

c)

nanas

10.

Bapak pocung bisa nggereng bisa mbengung

Ngambah jumantara

Kaya manuk rajawali

Wira-wiri nggawa barang lan manungsa


Guru lagu saka tembang pocung ing dhuwur yaiku

a)

a, u, i, a

b)

u, a, a, i

c)

u, a, i, a

11.

Suwe-suwe bocahe ngguyu tuwa

Ngguyu tuwa kuwi padha karo ....

a)

nangis

b)

kemekelen

c)

kelaran

12.

Ora medhun-medhun yen ora nggawa mrica sakanthong.

Bedhekane ....

a)

kathok

b)

semangka

c)

kates

13.

Murid iku kudu tangi ingkang esuk,

nuli ndang adusa,

yen wus adus age nuli,

nggonmu dandan aja nganti kethothoran.


Tembang pocung ing dhuwur ngemu pitutur ....

a)

dadi murid kudu tangi esuk

b)

menawa adus sing resik

c)

murid kuwi ora kudu dandan

14.

Sapa iku ora seneng ngudi ngelmu,

uripe ngrekasa,

senenge kepati-pati,

ora sugih nanging ora rumangsa.


Guru wilangan saka tembang pocung ing dhuwur yaiku ....

a)

12, 6, 8, 12

b)

12, 8, 6, 12

c)

12, 6, 12, 8

15.

Unen-unen utawa ukara kang kudu dibatang utawa dibedhek kuwi jenenge ....

a)

tembang dolangan

b)

tembang macapat

c)

cangkriman