WorksheetsBasa Jawa ==> Dongeng Kewan
Total questions: 10
Worksheet time: 21mins
Dongeng ingkang nyritakake kewan yoiku ...
Legenda
Fabel
Mite
Dongeng kanggo jawab soal no. 2-5
"Macan Lan Manuk Gagak"
Ing sawijining dina, ana macan mlaku turut pinggir kali.
Dheweke luwe banget ,kepingin mangan enak.
Karo ngendhus-endhus golek pangan, banjur weruh ana manuk gagak mencok ing pang.
Manuk gagak kuwi nggondhol daging. “Daging kae mesthi enak banget!
Gagak entuk saka endi daging kaya ngono enake.” mengkono ing jero batine macan.
Macan banjur nyedhaki uwit sing dienggo mencok manuk gagak iki mau karo nggrenyem,
”Yen daging kae ora dadi mangsaku, dudu macan aranku.”
Karo ngatur strategi, macan mlaku alon-alon nyedhaki uwit.
“Bagus banget manuk iki, wulune apik, irenge kinclong, gumunku ngudubillah.
Aku kok urung tau tumon manuk kaya ngono iku becike.
Sajake ora ana manuk ngungkuli apike, endah unine mesthi yo uapik.”
Krungu tembung kaya mangkono manuk gagak mongkog atine,
banjur pamer swarane kang dialem macan mau.
Bareng muni, daging sing digondhol mau tiba.
Banjur diplayoni macan, manuk gagak gela banget.
Merga iku, aja seneng dilem dening liyan. Mbok menawa sing ngelem nduweni kepenginan sing ora becik. Sipat gampang mongkog utawa gumedhe iku ya ora becik, mangka dadia bocah sing andhap asor.
Pertanyaan :
Apa judul dongeng ing nduwur kui ?
Macan Lan Manuk Gagak
Macan Lan Manuk Dara
Manuk sing Pamer Swara
Manuk Gagak nggondol daging banjur mencok ono ing ngendi ?
pang uwit
pager
godong
Kepie carane macan iso ngolehke daging e manuk gagak ?
ngoyak manuk
menek uwit
ngalem manuk gagak
Apa pelajaran ingkang saget dipendet saking dongeng "Macan Lan Manuk Gaga" kui mau ?
Dadia bocah sing andhap asor.
Dadia bocah sing gumedhe
Dadia bocah sing seneng tetulung
Apa arane gambar kewan kui ?
Kethek
Bulus
Guguk
Kewan apa sing ora ana ing dongeng nomor 2 ?
Apa tegese *seneng dialem* kui ?
senang dipuji
senang diberi
senang di tolong
Kewan sing ndue sikil 4 yoiku ...
Kucing
Ulo
Pithik
Macan luwe banget, kepingin mangan enak. Apa arane *luwe* ?
Senang
Kenyang
Lapar
