Font size
WorksheetsPTS B JAWA XII 2020
Total questions: 34
Worksheet time: 17mins
Pupuh ing Serat Wedhatama ingkang pungkasan inggih menika...
Gambuh
Pocung
Sinom
Kinanthi
Pangkur
Marma den taberi kulup. Makna taberi inggih menika...
dipuntuladhani lan dipuntlateni
dipuntlateni lan dipunsregepi
dipuntuladhani lan dipunsregepi
dipuntampani lan dipuntuladhani
dipuntampani lan dipunsregepi
Salami mung awas eling. Menapa ingkang dados makna saking ukara menika...
Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah ngawasi lan eling dhateng Gusti ingkang kuwaos
Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah ngawasi lan eling marang sapadha
Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah waspada lan eling marang sapadha
Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah waspada lan eling dhateng Gusti ingkang kuwaos
Menawi kersa gesangipun rahayu, kita kedah was sumelang lan eling dhateng Gusti ingkang kuwaos
Nalika panjenengan nitih motor, panjenengan boten kesupen anggenipun ngangge helm, lan ugi boten nate mbucal uwuh sembarangan kangge njagi lingkungan. Menika kalebet realita saking makna ukara...
supadya dadya utami
salami mung awas eling
marma den taberi kulup
mangka kathining tumuwuh
yeku pangreksaning urip
Paugeran tembang Kinanthi inggih menika...
6 gatra, 8u-8i-8a-8i-8a-8i
6 gatra, 8u-8a-8i-8a-8i-8i
6 gatra, 8u-8i-8i-8a-8a-8i
6 gatra, 8u-8a-8a-8i-8i-8u
6 gatra, 8u-8i-8a-8i-8a-8a
Geguritan menika kalebet kasusatran Jawi...
Kuno
Tengahan
Anyar
Modern
Kawi
Pilih kalih (2) jawaban ingkang leres! Bentenipun geguritan kaliyan tembang macapat inggih menika...
geguritan boten gadhah paugeran, macapat gadhah paugeran
geguritan gadhah paugeran, macapat boten gadhah paugeran
geguritan gadhah notasi, macapat gadhah intonasi
geguritan gadhah intonasi, macapat gadhah notasi
kekalihipun sami
Ingkang boten dipunbiji nalikanipun maos geguritan inggih menika...
ekspresi/mimik
intonasi
irama
jeda
awalan
Ingkang sanes kalebet syarat geguritan inggih menika..
wirama
wirasa
wiraga
wicara
wibawa
saben wayah lingsir wengi, eseme candra kang nyekseni. Tembung candra anggadhahi teges...
bagaskara
lintang
kartika
rembulan
mega
Wiru tiyang estri agengipun se... utawi ... dene wiru tiyang jaler agengipun...
driji, 2 driji, 4 driji
jempol, sedriji, 4 driji
driji, 2 driji, 5 driji
jempol, 2 driji, 3 driji
jempol, sedriji, 3 driji
Motif batik menika kagungan asma...
kawung
sido luhur
sido asih
sido mukti
truntum
Pamor inggih menika motif...
jarik
epek
timang
surjan
keris
Bentenipun iket lan udheng inggih menika...
udheng langsung saged dipunagem, iket boten
iket langsung saged dipunagem, udheng boten
iket dipunagem teng mustaka, udheng sanes
udheng dipunagem teng mustaka, iket sanes
udheng lan iket menika boten wonten bentenipun
Jinis beskap ing gambar menika...
V
atela
surjan
rasukan
beskap
Nalika sliramu matur bapak lan ibu becike nganggo ragam basa apa?
basa ngoko lugu
basa krama lugu
basa ngoko alus
basa krama alus
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
Kepriye aturmu nalika nyuwun idin arep nginep ing daleme simbah?
Bu, menapa pikantuk menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah.
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun
simbah?
Bu, menapa kepareng menawi ngenjang kula nyipeng wonten griyanipun
simbah?
Bu, menapa angsal menawi ngenjang kula nyipeng wonten dalemipun simbah?
Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?
Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.
Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!
Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan
pangandikan.
Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
Pratelan ngisor iki kang ora migunakake basa ngoko alus yaiku…
Priyayi kakung marang garwane.
Srawunge wong dewasa kang wis kulina.
Bocah cilik karo bocah cilik sing wis akrab.
Wong tuwa marang wong enom kang luwih dhuwur pangkate.
Ature Sita ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.
njaluk, aweh
nyuwun, paring
njaluk, caos
njaluk, paring
Para wiranem ing Rt 1 arep nganakake gladhi sesorah, mapane ing bale Rt. Minangka ketua Pemudha Rendi nyuwun idin marang pak Rt kang ndilalah kok bapake Rendi dhewe. Kepriye ature Rendi?
Pak, kula ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale Rt entuk ora?
Pak, menawi angsal kula ajeng nyilih bale Rt ngge gladhen sesorah.
Pap Rt, menapa angsal menawi bale Rtne dingge gladhen sesorah?
Pak, Para wiranem ing Rt 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.
Dasanama aksara Jawa legena
aksara swara
aksara rekan
aksara carakan
aksara murda
aksara mandaswara
Pinten cacahipun aksara Jawa legena?
5
8
10
20
2
Pinten cacahipun aksara rekan?
2
5
8
10
20
Pinten cacahipun aksara swara?
20
10
8
5
2
Pasangan aksara Jawa ingkang manggen ing ngiringan inggih menika ....
pasangan ha, sa, pa
pasangan ka, ta, la
pasangan ca, ja
pasangan ya, ga, ma
pasangan dha, tha
Pundi ingkang kalebet sandhangan swara?
cakra, keret, pengkal
wulu, suku, pepet, taling, taling tarung
layar, cecak, wignyan
cakra, wulu, layar
keret, suku, cecak
Pundi ingkang kalebet sandhangan panyigeg wanda?
cakra, keret, pengkal
wulu, suku, pepet, taling, taling tarung
layar, cecak, wignyan
cakra, wulu, layar
keret, suku, cecak
Pundi ingkang kalebet sandhangan wyanjana?
cakra, keret, pengkal
wulu, suku, pepet, taling, taling tarung
layar, cecak, wignyan
cakra, wulu, layar
keret, suku, cecak
Pundi ingkang kalebet aksara mandaswara?
ha, na
da, ta
pa, dha
wa, ya
ba, nga, nya
