wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LATIHAN BAHASA JAWA BAB GEGURITAN

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Guyub tegese ....

a)

gregeten mulane ora tumindak

b)

greget tumindak bebarengan

c)

urip sing selaras

d)

urip ngedohi pasulayan

2.

Geguritan yaiku ....

a)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

b)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang ora kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

c)

Puisi basa Jawa gagrag anyar (modern) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

d)

Puisi basa Jawa gagrag lawas (kuna) kang kaiket dening paugeran (aturan) sing gumathok

3.

Pamilihe tembung sing pantes lan mentes ndadekake geguritan dadi ....

a)

alus lan nrenyuhake

b)

endah lan aji

c)

kasar lan mangkelake

d)

suci lan nyenengake

4.

Salah sijine cara kanggo mahami geguritan, yaiku kanthi ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud teks gancaran (prosa/crita). Pakaryan ngowahi wujud iki diarani ....

a)

ngowahi gancaran

b)

prosa/crita

c)

ngarang gancaran

d)

parafrase

5.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

katon seneng supaya sing ngrungokake melu seneng

b)

katon bungah supaya sing ngrungokake melu bungah

c)

katon nelangsa supaya sing ngrungokake melu sedhih

d)

katon sedhih supaya sing ngrungokake melu seneng

6.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah. Tegese ....

a)

Cecongkrahan ndadekake kuwat, nanging rukun ndadekake korat-karit

b)

Rukun kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit

c)

Cecongkrahan kadhang-kadhang ndadekake kuwat utawa korat-karit

d)

Rukun ndadekake kuwat, nanging cecongkrahan ndadekake korat-karit

7.

Tema karangan yaiku ....

a)

gagasan pokok sing arep diwadhahi sajerone tulisan

b)

gagasan tambahan sing arep diwadhahi sajerone tulisan

c)

gagasan tambahan sing diandharake sajerone tulisan

d)

gagasan pokok sing arep diandharake sajerone tulisan

8.

Saben sapada geguritan, dumadi saka siji ....

a)

tema

b)

gagasan

c)

gagasan tambahan

d)

gagasan pokok

9.

Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....

a)

kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe

b)

kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

kanthi tanpa solah bawa lan patrap

d)

kanthi solah bawa sing digawe-gawe

10.

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....

a)

wirama

b)

purwakanthi

c)

surasa

d)

sastra

11.

Puisi Jawa iku uga diarani ....

a)

tembang

b)

geguritan

c)

syair

d)

japa mantra

12.

Tembung-tembung sing digunakake sajerone geguritan yaiku tembung sing ....

a)

angel

b)

mentes

c)

mbingungake

d)

gampang dinalar

13.

Kanggone wong sing maca teks geguritan sing wis dadi, tema geguritan bisa ditemokake kanthi cara ....

a)

maca pisan wae

b)

maca sing penting-penting wae

c)

maca kang titi lan yen perlu dibolan-baleni

d)

ora usah diwaca

14.

Ora ana sing rumangsa dikuwalonake. Dikuwalonake tegese ....

a)

dianggep kaya anak kuwalon/tiri

b)

dianggep anak kesayangan

c)

dianggep anak kebanggaan

d)

dianggep anak e dewe

15.

Rukun agawe ....

a)

santosa

b)

bubrah

c)

getun

d)

keduwung

16.

Geguritan Sapu Sada duwe ... pada.

a)

4

b)

3

c)

2

d)

1

17.

Pada katelu Sapu Sada duwe ... gatra.

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

18.

Pakaryan sing abot bakal dadi entheng manawa ditindakake ....

a)

bebarengan

b)

dhewe-dhewe

c)

ijenan

d)

dijarne wae

19.

Crah agawe ....

a)

santosa

b)

bubrah

c)

cecongkrahan

d)

tukar padu

20.

Kita kudu ... marang dhawuhe guru lan wong tuwa.

a)

ngabekti

b)

mituhu

c)

nginggati

d)

netepi

21.

Cantholan e Gong diarani ....

a)

Cagak

b)

Kayu

c)

Pager

d)

Gayor

22.

Nemtokake tema iku termasuk tahap e nulis geguritan sing kaping ....

a)

1

b)

2

c)

3

d)

4

23.

Geguritan Tim Futsal digurit dening ....

a)

Liner V

b)

Auliya Azizah

c)

Astuti

d)

Ali Akbar

24.

Larik duwe teges liane yaiku ....

a)

Pada

b)

Gatra

c)

Tembung

d)

Geguritan

25.

Geguritan


Mudha-mudhi jaman saiki,

Aja lali dhiri pribadi

Ngangsu kawruh sing ngati-ngati

Singkirana luput lan lali

Saben dina kudu ngabekti

Mring Gusti kang murbeng dumadi


Ngangsu kawruh pada tegese karo tembung ....

a)

Golek ngilmu

b)

Golek sangu

c)

Golek dungo

d)

Golek kanca

26.

Jangkepana geguritan ing ngisor iki !


Wayah esuk

Jagone wis kluruk

Pak tani manggul pacul

Nggarap sawah

Nandur ....

a)

Suket teki

b)

Aglonema

c)

Kembang

d)

Pari

27.

Sapu Sada kui piranti kanggo ....

a)

nyundhuki sate

b)

resik-resik

c)

dolanan

d)

bal-balan

28.

Sing ora kalebu struktur teks geguritan yaiku ....

a)

tembung

b)

tembang

c)

surasa

d)

larik

29.

Ngowahi wujud geguritan dadi parafrase kui kalebu cara kanggo ....

a)

mahami isine teks geguritan

b)

nggawe crita anyar

c)

maca geguritan

d)

ngowahi geguritan supaya ora kedawan

30.

Sing kalebu sarana kanggo maca geguritan yaiku ....

a)

headphone

b)

microphone

c)

sapu sada

d)

kabel

31.

Cacahe pada ing Geguritan kuwi ana ... .

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

32.

Geguritan ono ing duwur iku ana 3 pada. Cacahe gatra ing pada kapindo ana ... .

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

33.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

34.

Salah sijine struktur teks geguritan yaiku ....

a)

Patrap

b)

Nyawiji

c)

Sarana

d)

Larik

35.

Kumpulan larik kang selaras diarani ....

a)

Bait

b)

Tembung

c)

Larik

d)

Irah-irahan

36.

Wirama yaiku ....

a)

Kumpulan larik kang selaras

b)

Tujuane penulis gawe geguritan

c)

Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake

d)

Tembung seng ora sebenere

37.

Parafrase yaiku ngowahi wujud teks geguritan dadi wujud ....

a)

Tembang / lagu

b)

Gambar

c)

Prosa / cerita

d)

Diagram

38.

Supaya bisa maca geguritan kanthi becik kudune ....

a)

Bisa ngarang

b)

Pinter nembang

c)

Ngerti pengarange

d)

Paham isine

39.

Tema geguritan bisa ditemoake kanthi cara ....

a)

Ngerungokno kanthi saksama

b)

Ngerungokno kanthi ngomong

c)

Maca geguritan kang titi

d)

Maca kanthi ngomong

40.

Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu ....

a)

Lemes

b)

Sedih

c)

Teges

d)

Seneng