WorksheetsUH-2 upacara adat XI
Total questions: 25
Worksheet time: 25mins
Sakderenge jinamas ing warih. Tembung warih nunggal teges karo …
banyu, tirta, tonya
tirta, toya, bayu
toya, bayu, arga
bayu, arga, agni
arga, agni, samodra
Trenyuh jroning wardaya. Wardaya nunggal teges karo …
wadana, nala, kalbu
nala, kalbu, tyas
kalbu, tyas, soca
tyas, soca, penggalih
soca, penggalih, ati
Tembung sing ora ngemu surasa kosok balen …
putra-putri
rama-biyung
nangkal-wangkal
rina-wengi
bapak-ibu
Sing dudu mujudake tembung saroja …
sungkem pangabekti
agunging pangaksama
dhaup palakrama
bagya mulya
lega lila
Tembung sing ora kadunungan seselan in …
sinayudan
sinendhal
sinembah
kinasih
paningaling
Tembung sing ora kadunungan seselan um …
sumungkem
sempulur
sumembah
sumendhal
tumetes
Tetembungan: sarwa sumembah, paring pangapura ngemu purwakanthi …
guru lagu
guru gatra
guru basa
guru sastra
guru swara
Tetembungan: muga-muga bagya mulya ngemu purwakanthi ...
guru lagu
guru gatra
guru basa
guru sastra
guru swara
Tumetesing waspa iku metune saka ...
irung
talingan
tutuk
mripat
kulit
Isi teks perangan wacan ing dhuwur yaiku wong tuwa ...
aweh donga pangestu putrine
ora lega lila marang putrine
sumungkem marang putrine
ngerti nakal wangkale putrine
lumebet ing bebrayan enggal
Para dwija lagya mulang muruk putra bangsa. Para dwija ateges ...
para wong tuwa
para guru
para kyai
para tokoh masyarakat
para ulama
Nalika jalma manungsa ketaman lelara kudune digawa menyang ...
panti wredha
panti asuhan
panti husada
panti jompo
panti kridha
Ukara sesanti iki sing ngemu tembung Kawi ...
Sluman slumun slamet
Becik kethithik ala ketara
Tansah tata titi tatas titis tuntas
Setan ora doyan dhemit ora ndulit
Suradira jayaningrat lebur dening pangastuti
Ukara semboyan: "Yitna yuwana lena kena," ngemu teges ...
Sing banget ngati-atikareben slamet lan ora cilaka
Sing ngati-ati bakal slamet, sing sembrana bakal cilaka
Sing ketaman lara bakal waras, sing kebacut lara bakal seda
Sing ngalang-alangi sedyane bakal dilarani lan nemu cilaka
Luwih becik njaga aja ketaman lelara tinimbang kudu ngobati
Sing kresna kumpul pada ... kaya dhandhang reraton
rekta
seta
langking
wilis
pita
Jalak pita,pita ngemu teges ...
ireng
abang
ijo
kuning
putih
"yen ing tawang ana kartika, aku ngeteni tekamu."
Tawang-kartika ngemu teges ...
akasa-rembulan
akasa-lintang
langit-srengenge
langit-srengenge
langit-anginangin-lintang
Bacutna itungan iki : eka, dwi, tri ...
papat
sekawan
gangsal
catur
panca
"Adicara pasrah lamaran sampun kalampahan kanthi ... kalis ing rubeda nir ing sambekala."
reja raharja
rahayu wilujeng
terang trawaca
suka rena
lila legawa
"Bagaskara nyumunarake cahyane agawe jagad raya sumilak padhang."
Bagaskara nunggal teges klawan ...
sasangka,siteresmi
wintang,kartika
pratanggapi,baskara
baskara,arga
surya,dirgantara
"... cundhuk kaliyan kuncaraning bangsa ingkang linambaran agunging Pancasila." Kuncara nunggal teges klawan ...
wangi,arum
aman,tentrem
kerta,raharja
guyub rukun
kondhang,kaloka
Minangka tetungguling kulawarga darbe tangung jawab nyukupi sandhang pangan ing kulawarga, tampa kaya kacang kawak, dhele kawak, jagung kawak, woh jenar, dhuwit pralambanging boga lan wastra.
dhahar kembul
kacar-kucur
bobot timbang
gantalan
singep sindur
Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro, karangkulake ing pamidhangane penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu, para sepuh.
iki tinemu adicara ...
dhahar kembul
kacar kucur
bobot timbang
gantalan
singep sindur
Singep sindur iku awarna rekta lan seta, tegese ...
warna abang lan biru
warna abang lan putih
warna putih lan biru
warna putih lan abang
warna putih lan ijo
Ing kegiyatan iki dumadi balang-balangan suruh iki tinemu ing adicara ...
dhahar kembul
kacar-kucur
bobot timbang
gantalan
singep sindur
