wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

2020 PTS BAHASA JAWA XI - SEMUA JURUSAN

Total questions: 20

Worksheet time: 3600secs

Name
Class
Date
1.

Mula buka busana salajengipun saged kaperang dados kalih amargi kala semanten Walandi ndherek tumut cawe-cawe paprintahanipun kerajaan Mataram. saking ontran-ontran punika lajeng ngasilaken....

a)

Prajanjen Roem-Royen

b)

Prajanjen Meja Bundar

c)

Prajanjen Linggarjati

d)

Prajanjen Bongaya

e)

Prajanjen Giyanti

2.

Saderengipun pinaringan gelar Ngarsa Dalem Sultan Hamengku Buwana Kaping 1 punika kagungan asma....

a)

Pangeran Pakubuwono

b)

Pangeran Arya Penangsang

c)

Pangeran Arya Mangkubumi

d)

Pangeran Harya Nata Legawa

e)

Pangeran Ageng Mangkunegara

3.

Hadeging kraton Ngayogyakarta punika wonten titi wanci...

a)

17 Februari 1755

b)

16 Februari 1755

c)

15 Februari 1755

d)

14 Februari 1755

e)

13 Februari 1755

4.

Wewujudan iket ingkang wonten mondholan wonten sawingkingipun punika kalebet gagrag....

a)

Bali

b)

Sala

c)

Ngawi

d)

Surakarta

e)

Yogyakarta

5.

Rasukan ingkang dipunagem dening Sri Sultan Hamengku Buwana punika dipunwastani rasukan ....

a)

Surjan sembagi

b)

Busana peranakan

c)

Busana antari

d)

Beskap atela

e)

Surjan lurik

6.

Benik ingkang wonten saking rasukan punika dipunperang dados tigang (3) perangan, inggih punika ....

a)

Jaja, lengen, lan padharan

b)

Jangga, jaja, lan lengen

c)

Jangga, pundhak lan padharan

d)

Jangga, jaja, lan padharan

e)

Pundhak, lengen, lan padharan

7.

Gunggung benik saben peranganipun, menawi dipunserat saking nginggil gunggungipun inggih punika ....

a)

3, 2, lan 6

b)

3, 3, lan 3

c)

3, 5, lan 2

d)

6, 2, lan 3

e)

6, 3, lan 3

8.

Tegesipun benik ingkang gunggungipun wonten enem (6) inggih punika...

a)

Rukun iman

b)

Dasadharma

c)

Sabdatama

d)

Pranatacara

e)

Piwulangan

9.

Rasukan ingkang dipunginakaken dening para abdi dalem kraton Ngayogyakarta inggih punika ....

a)

Surjan

b)

Beskap atela

c)

Busana antari

d)

Peranakan

e)

Kebaya

10.

Rasukan putri gagrag Ngayogyakarta dipunwastani...

a)

Kebaya kuthu baru

b)

Kebaya sembagi

c)

Kebaya Kartini

d)

Kebaya keki

e)

Kebayaan

11.

Sasampunipun migunakaken stagen, kangge priyantun kakung lajeng migunakaken...

a)

Timang

b)

Lonthong

c)

Semekan

d)

Kemben

e)

Epek

12.

Wiron ingkang dipunginakaken dening para abdi dalem dipunwastani wiron ....

a)

Wiron limrah

b)

Wiron engkol

c)

Wiron ebah

d)

Wiron sala

e)

Wiron luk

13.

Ambanipun wiru kangge priyantun putri inggih punika...

a)

5

b)

4

c)

3

d)

2

e)

1

14.

Caranipun migunakaken dhuwung utawi keris inggih punika...

a)

Dipuntlesepaken wonten geger kanthi nyuwun tulung tiyang sanes

b)

Disukakaken lebet rasukan mundhak damel ajrih ingkang sumerep

c)

Dipuncangking menawi mlampah lajeng mangke dipasang wonten ngajeng

d)

Dipunlebetaken sak clana lajeng dipunmedalaken menawi dipunbetahaken

e)

Dipuntlesepaken ngajeng lajeng dipungeser menengen dugi wingking

15.

Canthelna jroning nala punika kerata basa saking canela. Canela inggih punika...

a)

Bros

b)

Masker

c)

Selop

d)

Suweng

e)

Topi

16.

Cengkorongan teks pranatacara sasampunipun ngaturaken “atur pamuji syukur” inggih punika ngaturaken ....

a)

Pakurmatan

b)

Panuwun

c)

Reroncening acara

d)

Sugeng Kondur

e)

Pangapunten

17.

Perangan ingkang kedah dipunsamektakaken dening Pranatacara inggih punika ....

a)

Tamu undangan

b)

Konsumsi

c)

Teks pranatacara

d)

Sound system

e)

Pamedhar sabda

18.

Menawi dados pranatacara, pocapan kedah cetha, wiramanipun sae. Punika ateges kedah gatosaken ....

a)

Olah swara

b)

Olah basa

c)

Olah raga

d)

Olah rasa

e)

Olah busana

19.

Paraga pranatacara punika kedah saged ngolah raganipun, ing ngandhap punika ingkang leres dipuntindakaken dening paraga pranatacara inggih punika ....

a)

Mangu-mangu

b)

Tansah lenggah anggenipun ngaturaken acara

c)

Paningalan namung ningali teks

d)

Astanipun ngapurancang

e)

Badan dhoyong

20.

Pangolahing busana dening paraga pranatacara punika kedah ....

a)

Jumbuh kaliyan acaranipum

b)

Milih warninipun

c)

Ingkang enggal ditumbas

d)

Mompyor – mompyor

e)

Kathah gambaripun