wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Kraton Ngayogyakarta

Total questions: 10

Worksheet time: 5mins

Name
Class
Date
1.

Pangeran Mangkubumi ingkang yasa Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat punika rayi saking...

a)

Raden Mas Sujana

b)

Pakubuwana II

c)

Tumenggung Martapura

d)

Pangeran Harya

e)

Pakubuwana I

2.

Mlebetipun Sultan HB I kaliyan para kulawarga ing Karaton Ngayogyakarta saking iring kidul, dinten Kemis Paing, 13 Sura 1682 utawi 7 Oktober 1756, ing ukiran tembok kiwa-tengen Regol Magangan sisih kidul dipuntengeri kaliyan candrasengkalan...

a)

Dwi Naga Rasa Tunggal

b)

Dwi Naga Rasa Wani

c)

Marganing Swara Retuning Bumi

d)

Dwi Swara Rasa Tunggal

e)

Marganing Swara Retuning Nagari

3.

Sasampunipun mlebet Karaton, sawatis wekdal Sri Sultan Hamengku Buwana I kaliyan kulawarga manggen wonten ing...

a)

Gedhung Kuning

b)

Bangsal Srimanganti

c)

Alas Mberingan

d)

Gedhung Sedhahan

e)

Ambar Ketawang

4.

Sasampunipun dadaos raja, Pangeran Mangkubumi ajejuluk...

a)

Sampeyan Dalem Ingkang Sinuwun Kangjeng Susuhunan Senapati Ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama Kalifatullah

b)

Ngarsa Dalem Sampéyan Dalem Ingkang Sinuhun Sri Sultan Hamengku Bawana Ingkang Jumeneng Kasepuluh Surya ning Mataram, Sénapati ing Alaga, Langgenging Bawana Langgeng.

c)

Susuhunan ing Mataram Senopati ing Ngalaga Ngabdurrahman Sayidin Panatagama ingkang Tuhu Narendra Mandireng Amengku Tlatah ing Nuswa Jawa

d)

Gusti Bendara Pangéran Harya

e)

Gusti Bendara Pangéran Adipati Anom

5.

Minangka mula buka madegipun Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat dipuntengeri kanthi prajanjen ingkang dipunsebat...

a)

Palihan Nagari

b)

Konferensi Meja Bundar

c)

Janji Giyanti

d)

Palihan Giyanti

e)

Prajanjen Kumpeni

6.

Pangeran Mangkubumi damel punjering perjuwangan minangka Karaton sepisanan ing Ngayogyakarta mapan ing...

a)

Alas Mberingan

b)

Alas Pacethokan

c)

Regol Gadhung Mlathi

d)

Pasanggrahan Ambar Ketawang

e)

Surakarta

7.

Pamilihing papan Karaton punika awit saking pitedahipun satunggaling pakathik , mrangguli kathah peksi Kontul lan Blekok ingkang mengku teges..

a)

bilih wonten sumber toya ing papan kasebut

b)

bilih wonten sumber pagesangan ing papan kasebut

c)

bilih wonten sumber toya lan pagesangan ing papan kasebut

d)

bilih wonten sumber pangan ing papan kasebut

e)

bilih wonten sumber toya suci ing papan kasebut

8.

Tetenger madegipun Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat kinanthi Candrasengkala Dwi Naga Rasa Tunggal, ingkang ateges taun...

a)

1682 taun Masehi

b)

1756 taun Jawa

c)

1755 taun jawa

d)

1755 taun Masehi

e)

1682 taun Jawa

9.

Penobatan Pangeran Mangkubumi minangka Sunan Kabanaran ing dinten Jum’at Legi 1 Sura taun Alip 1675, kanthi dipuntengeri candrasengkalan...

a)

Dwi Naga Rasa Wani

b)

Marganing Swara Retuning Bumi

c)

Dwi Naga Rasa Tunggal

d)

Marganing Swara Retuning Nagari

e)

Dwi Swara Rasa Tunggal

10.

Kekancingan asma tumrap putri dalem ingkang mijil saking garwa permaisuri nanging dèrèng pala krama inggih punika...

a)

G.R.Ay. (Gusti Radèn Ayu)

b)

G.K.R (Gusti Kanjeng Ratu)

c)

B.R.A (Bendara Radèn Ajeng)

d)

G.R.A (Gusti Radèn Ajeng)

e)

R.A (Radèn Ajeng)