wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS Basa Jawa MINU Kelas IV

Total questions: 20

Worksheet time: 2hrs 40mins

Name
Class
Date
1.

-Cashless, Blanja Ringkes- Jaman saiki wis mulai umum istilah cashless. Cashless iku makna harfiahe “tanpa dhuwit tunai”, nanging makna sejatine “dhuwit elektronik” utawa “dompet elektronik”. Dadi iki sawijining teknologi sing gawe kegiatan blanjane awak dhewe dadi luwih ringkes. Amarga ra perlu ndadak nggembol dhuwit akeh neng endi-endi. Cukup install aplikasi cashless neng handphone seka Google Play utawa App Store, nggawe akun ing hp kuwi, terus transfer dhuwit neng aplikasi cashless iku lewat ATM utawa transfer bank kanggo ngisi saldo dhompet elektronike. Mengko awakke dhewe isa bayar blanjan nganggo aplikasi cashless kuwi. Sing penting sakdurunge blanja aplikasi cashless wis diisi saldo cukup. Aja lali sakdurunge takon bakule, apa neng kono isa mbayar nganggo aplikasi cashless apa ora. Aja banjur jajan neng angkringan mbayare arep nganggo cashless, ha kuwi padha wae mung arep ngebon.(kanggo nomer 1-4)


Apa irah-irahan wacan ing dhuwur iku?

a)

Duwit elektronik

b)

Dompet elektronik

c)

Carane ngebon

d)

Cashless, Blanja Ringkes

2.

Makna sejatine Chashless yaiku....

a)

Dhuwit elektronik

b)

Tanpa dhuwit tunai

c)

Transfer dhuwit

d)

Aplikasi ngebon

3.

Chasless ndadeake kegiatan blanjane awake dhewe dadi ringkes amarga....

a)

Blanja ra perlu mbayar

b)

Ra perlu ndadak nggembol dhuwit akeh neng endhi-endhi

c)

Blanjane tambah akeh

d)

Blanjane tambah larang

4.

Kepiye carane ngisi saldo dhompet elektronik?

a)

Transfer dhuwit neng aplikasi Chasless lewat ATM

b)

Blanja nganggo sakakeh-akehe nganggo dhompet digital

c)

Install aplikasi chasless sing akeh

d)

uninstall aplikasi chasless

5.

-Medsos utawa medprok?- Media sosial utawa uga siningkat medsos ing dina-dina kang mutakhir iki wus dadi kalumrahan kang ora bisa pinisahake saka urip lan kegiatane kabeh wong. Nalika kabar globalisasi kesebar ing laladan jagad, para winasis percaya yen iki bakal dadi pratanda becik kanggo sesrawungane para manungsa ing alam donya. Kanthi pengarep-arep becik globalisasi bisa ‘nyempitke jagad saengga karengkuh ing kepelan tangan’. Apa bisa mawujud karep sing mokal ngono kuwi?

Ing antarane perkara piranti globalisasi kuwi mau banjur ana pawongan aing jenenge Mark Zuckerberg, Jan Koum, utawa para pawongan liyane kang bisa mujudake impen 'rinengkuhe jagad ing pucuk ing driji’. Kekarone bisa mujudake media komunikasi sosial kang sinebut Facebook lan WhatsApp. Wong ora perlu ketemu yen ta arep ngobrol. Akeh fasilitas media sosial sing bisa nyranani. Apa perkara iki tememen bisa mujudake semangat ‘connecting with people’s?’. Kanggone saperangan masyarakat maju mbok menawa mangkono, ananging ana ing Indonesia perkara kuwi nuwuhake perkara anyar liane. Perkara apa? Media sosial utawa kasebut medsos pranyata ora kaya sebutane. Medsos kanyatane nuwuhake watak ‘anti-sosial’. Kekudhung ukara ‘connecting with people’s’ ngeruh-ruhi kanca adoh ananging sing cedhak wae ditilapke. Ora gumun yen ana wong lima kumpul ananging meneng-menengan jalaran kabeh pada ‘nggenggem jagad’ ing drijine dewe. Apa nyambi sapa, utawa sapa nyambi apa dadi ora cetha. Emane maneh, perkara kang digelar digulung ing drijine dhewe-dhewe kuwi mau ya mbok menawa durung karuwan temanja. Ora kok lagi maca informasi kang wigati, malah kepara ngikik dhewe jalaran gojek beregu utawa chat group. Durung maneh pranyata medsos uga dadi undering perkara kang nuwuhake padudon rame ora sembada. Medsos ora ateges ‘otomatis’ bisa njembarke sesrawungan sosial. Kepara malah dadi medprok ‘alias’ media ndeprok. Kaya-kaya tekan ngendi-endi ning sakjane ya pancen ora nang ngendi-endi. Pancen bener kandane para pendekar buntas ing kawruh kae, yen barang kuwi gumantung sapa sing nyekel. Pisau komando bisa kanggo ngonceki brambang, nanging lading pawon isa uga munthes uripe wong. Dibutuhke wong kang mangerti cara kanggo ngemonah sawijining piranti supaya maedahi ing liyan lan kapribadene dhewe.(kanggo nomer 5-8)


Apa Irah-iarahan wacan ing dhuwur?

a)

Barang gumantung sapa sing nyekel

b)

Medsos utawa medprok?

c)

Medsos panggon padudon

d)

Nggenggem jagad

6.

Salah siji gunane medsos yaiku...

a)

Ora perlu ketemu yen ta arep ngobrol.

b)

kanggo ngoceki brambang

c)

kanggo munthes uripe wong

d)

kanggo ngrajang lombok

7.

Sapa pawongan kang bisa mujudake media komunikasi sosial kang sinebut Facebook lan WhatsApp?

a)

Mark Zuckerberg lan Jan Koum

b)

Jack Dorsey lan Biz Stone

c)

Evan Williams lan Noah Glass

d)

Elon Musk lan Kevin Systrom

8.

Apa sing diarani "Medprok" miturut penulis?

a)

Media sosial

b)

Media ndeprok

c)

Media provokasi

d)

Media propaganda

9.

Cacahing gatra ing saben pada diarani...

a)

Guru Lagu

b)

Guru Gatra

c)

Guru wilangan

d)

Guru Sejati

10.

Guru Wilangan lan Guru Lagu tembang macapat Gambuh yaiku....

a)

17u, 10u, 12i, 8u, 8o

b)

12u, 8i, 8i, 8i, 8o

c)

12u, 6a, 8i, 12a

d)

12i, 6a, 8u, 8a

11.

Syair/tembang kang tanpa nganggo paugeran/pathokan tartemtu diarani...

a)

Parikan

b)

Saloka

c)

Geguritan

d)

pepindhan

12.

Mampir satengahing wengi

Dening: Adhy Sri Wahyudi

Menenga sedela

Aja nggresula

Rungakna unine banyu

Rungakna unine angin

Rungakna unine lemah

Menenga sedela

Buwangen samubarang ala lan angkara

Weningna lathi

Rungakna unine ati lan nyawiji dadi geni

(Kanggo nomer 12-13)


Apa irah-irahan wacan ing dhuwur?

a)

Rungakna unine banyu

b)

Mampir satengahing wengi

c)

Rungakna unine lemah

d)

Weningna lathi

13.

Sapa sing ngripta geguritan kasebut?

a)

Angkara

b)

Dening

c)

Wening

d)

Adhy Sri Wahyudi

14.

Wayang iki arane?

a)

Raden Arjuna

b)

Raden Werkudara

c)

Raden Yudhistira

d)

Raden Kakrasana

15.

Wayang iki arane?

a)

Bima

b)

Pandhu

c)

Abiyasa

d)

Sadewa

16.

Pandhawa iku putrane?

a)

Pandhu

b)

Yama widura

c)

Destarata

d)

Salya

17.

Wayang iki arane?

a)

Kuthi talibrata

b)

Madrim

c)

Sumbadra

d)

Anjani

18.

Dasanamane tembung Putra yaiku...

a)

netra, mata, soca

b)

gugur, palastra, mati

c)

yoga, atmaja, anak

d)

ratu, narendra, raja

19.

Dasanamane tembung nata yaiku...

a)

brahmana, wiku, resi

b)

ratu, narendra, raja

c)

praja, negara, nagari

d)

gunung, arga

20.

Dasanamane tembung seda yaiku...

a)

gugur, palastra, mati

b)

jeneng, peparab, asma

c)

redi, gunung, arga

d)

putra, yoga, atmaja