NEW
Font size
WorksheetsPTS Basa Jawa MINU Kelas VI
Total questions: 25
Worksheet time: 2hrs 5mins
-RINGIN KURUNG- Keraton Ngayogyakarta Hadiningrat, kaya dene adate kraton-kraton kawit jaman Majapahit, nduweni lapangan amba nang sisih lor lan kidule. Lapangan amba iku mau asring diwenehi jejuluk alun-alun. Ciri wancine alun-alun iku yaiku, platarane dikebaki wedhi, kanggo pralambang uripe manungsa kang isih musah-masih, molah-malih, uga kanggo gambaran segara kang tanpa winates, merlambangake kuwasane Gusti Allah kang murbeng dumadi. Sing uga dadi ciri wancine alun-alun iku yaiku anane ringin sapit urang. Ringin iku diwenehi pager mubeng, pagere diwenehi ornamen awujud gandewa (busur) lan bunderan. Amerga saka iku ringin kembar iku uga kondhang ajejuluk Ringin Kurung. Ringin Kurung kembar iku yen miturut catetane BPAD Daerah Istimewa Yogyakarta, lan uga didokumentasekake awujud video nang channel youtube, padha duwe jeneng/aran dewe-dewe. Ringin kang ana ing sisih wetan nduweni asma Kyai Janadaru, dene ringin kang ana ing sisih kulon arane Kyai Dewadaru. Miturut dokumentasi saka BPAD uga, ana ing sasi Maret 1989, amerga Kyai Dewadaru ambruk nalika Sri Sultan Hamengku Buwono IX surud, banjur diganti nganggo winih saka Kyai Dewadaru kang ambruk mau, lan diparingi asma Kyai Dewata Daru.(kanggo nomer 1-5)
Apa Irah-irahan wacan ing dhuwur?
Alun-aluk kraton
Kyai Dewadaru
Kyai Janadaru
Ringin Kurung
Lapangan amba nang sisih lor lan kidule kraton diarani....
Stadion
Alun-alun
Karangan
Tegalan
Platarane alun-alun dikebaki wedhi, kanggo pralambang....
Akehe wedi ing alun-alun
Akehe bakul ing alun-alun
Akehe wong ing alun-alun
manungsa kang isih musah-masih
Apa wujude ornamen ing pager mubeng ringin kurung ?
Gandewa (busur) lan bunderan
Panah lan keris
Tombak lan panah
Tombak lan keris
Ringin kang ana ing sisih wetan nduweni asma....
Dewata Cengkar
Dewata Daru
Kyai Janadaru
Kyai Dewadaru
-Chandhi Sewu- Saking akehe cacahe, nek wong jaman semana muni cacahe sewu. Senajan ngono, candhi Sewu iki cacahe ora nganti sewu, nanging 249 candhi. Candhi Sewu iki kalebu candhi Budha sing paling gedhe nomer loro, nomer sijine yaiku candhi Borobudur. Dhuwure candhi utama iku nganti 30 meter, lan neng ngarep lawang mlebune ana gupala sing ukurane 2,3 meter. Total jembare kabeh komplek candhi Sewu iki 185 meter x 165 meter. Jembar tenan. Candhi Sewu iki ana ing jero komplek candhi Prambanan sisih lor. Yen disawang seka ndhuwur, jarene candhi Sewu iki wujude kaya Mandhala. Ing sakiwa tengene ana candhi Apit lan candhi Perwara. Senajan candhi Sewu iki kalebu candhi Budha, nanging lokasine ana ing sajroning komplek candhi Hindu. Iki mratandani, toleransi ing jaman biyen kuwi uwis ana lan uwis apik. Yen arep mrene, bukake seka jam 6 isuk nganti jam 5 sore. Tiket mlebune kanggo dewasa 30.000 rupiyah lan anak-anak mung 12.500 rupiyah. (kanggo nomer 6-10)
Apa Irah-iarahan wacan ing dhuwur?
candhi Barong
Chandi Sewu
Candhi Palosan
Candhi Prambanan
Geneya candhi iki diarani Chandi Sewu?
Amrga sing gawe candhi wong sewu
Amarga saking akehe candhine
Amarga tiket mlebune regane sewu rupiyah
Amerga digawe ing taun sewu
Pira cacahe candhi ing Candhi Sewu?
244 candhi
999 candhi
1000 candhi
249 candhi
Candhi Sewu klebu candhi...
Budha
Hindu
Sikh
Zoroasterisme
Dhuwure candhi utama ing Candhi Sewu yaiku....
0,3 km
3000 cm
300 m
3 m
Nezuko dadi kembang desa.
Tembung "kembang desa" tegese....
Ayu dhewe
Bakul kembang
Seneng nandhur kembang
Anake bakul kembang
Randhen Puntadhewa iku satria kang dawa ususe.
Tembung "dawa ususe" tegese...
Tatag
Gampang nesu
Sumeh
Sabar banget
Muga-muga bu Eni diparingi padhang dalane lan jembar kubure.
Tegese tembung "padhang dalane lan jembar kubure" tegese...
Seda
Sabar
Mlebu suwarga
Sadhar
Bu Eni sampun puput yuswa.
Tembung "puput yuswa" tegese...
Seda
Ditresnani
Akeh sing nangisi
Sumeh
Saben sapada tembang macapat Mijil nduweni pirang Gatra?
6
5
7
12
Guru wilangane tembang mijil yaiku...
8, 8, 8, 8, 8, 8
7, 10, 12, 8, 8
10, 6, 10, 10, 6
12, 8, 8, 8, 8
Guru Lagune tembang macapat mijil yaiku....
i, a, i, a, a
u, i, a, i, a, i
u, u, i, u, o
i, o, e, i, i, u
Tegese tembung catur ing tembang macapat Mijil ing dhuwur yaiku...
Dholanan
Ampuh
Omongan/guneman ala
Ndhungkluk
Sinau tembang macapat kudu ngerti cengkok. sing diarani "cengkok" ing tembang macapat yaiku...
ombaking swara
maneka warnaning lagu
membat menthuling swara
rasa kang katon liwat paraupan
Goreng tempe nyumet geni
Tempe kanggo suguh manten
Wong tuwo kudu diajeni
...........................................
ukara kang pas kanggo njangkepi parikan iki yaiku...
Ngrekam video digawe konten
Dadio bocah sing kebangeten
Saben dina ngukur amben
Dadi bocah sing pangerten
..............................................
Nembang lagu judule pangkur
Kowe aja kakehan sambat
Akehi ibadah lan syukur
Ukara kang pas kanggo njangkepi purwakane parikan iki yaiku...
Mangan iwak diolah soto
Mangan iwak diolah babat
Manganiwak diolah sate
Mangan iwak diolah rawon
Puisi Basa Jawa uga diarani....
Saloka
Parikan
Geguritan
Pepindhan
Carane maca geguritan kang becik lan endah sakurang-kurange ana 4, yaiku....
Wibawa, Wibrama, Widagdya, lan Widayat
Wicara, Wirama, Wirasa, lan Wiraga
Widaran, Widasari, Widigda, lan Widigdya
Widita, Widuri, Wiguna, lan Wigraha
-ES-
Dening: Tri Ayu Yuliani Lestari
Anyesing hawa wengi iki
Katon ngelus-elus balung
Sumrambah tekaning ati
Amarga sipatmu kang melu anyes
Kayata es sing pingin dak gegem
Nanging ora kuat
Senadyan ora kuat anggonku nggegem
Bakal dak peksa
Amarga anyesing sipatmu kuwi
Ora bakal salawase
(kanggo nomer 24-25)
Irah-irahana Geguritan ing dhuwur yaiku...
Es
Hawa wengi
Sipatmu
Ati
Sapa sing ngripta geguritan kasebut?
Senadyan
Sumambrah
Sipatmu
Tri Ayu Yuliani Lestari
