wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA

Total questions: 30

Worksheet time: 2hrs 30mins

Name
Class
Date
1.

Gambar ing sisih kiwa iki nyritakake bab apa?

a)

Gambar bocah lagi engklek

b)

Gambar bocah kang lagi ajar baris

c)

Gambar bocah kang lagi donana egrang ing pekarangan sekolah

d)

Gambar bocah kang lagi dolanan tongkat ing pekarangan sekolah

2.

Karangan sing isine nyritakake sawijining rerangken kedadiyan sing runtut diarani ....

a)

narasi

b)

diskusi

c)

diskripsi

d)

argumentasi

3.

Struktur teks narasi ana 3 yaiku, kajaba ....

a)

alur

b)

latar

c)

amanat

d)

paraga lan watake/penokohan

4.

Struktur narasi kang nduduhake tanggal lan dina kedadean diarani ....

a)

objek

b)

kahanan

c)

latar waktu

d)

latar kahanan

5.

Karangan kang nggambarake obyek kanthi tujuan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dewe obyek kang digambarake diarani ....

a)

Karangan Narasi

b)

Karangan Eksposisi

c)

Karangan Deskripsi

d)

Karangan Argumentasi

6.

Sing dolanan kasti yaiku Yudi, Edo, Dimas, Rudi, Amir lan Budi. Kabeh iku diarani....

a)

latar

b)

obyek

c)

waktu

d)

paraga

7.

“Sing ngemong Arjuno iku Semar, Gareng, Petruk, Bagong” iki ciri-cirine teks karangan

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

8.

Pawarta paling ora kudu bisa mangsuli pitakon-pitakon kang nggunaake 5 W + 1 H.

1 H iku maksute....

a)

hiburan

b)

himbauan

c)

how / Kepriye

d)

H aksara mati

9.

Festival Dolanan Tradisional


Isih jam setengah wolu. Ing alun-alun wis kebak uwong. Dina iki ana Festival Dolanan Tradisionall sa-kota. Pesertane para siswa SD wakili saka 5 kecamatan.

Dolanan tradisional kang dilombakake, yaitu : egrang, balap karung, gobag sodor, patil lele, betengan, dhakon, lan gedrig.

Bima wis siaga kanthi egrange. 3 peserta liyane mengkono uga.

“Prriiiittt...!” Swara aba sempritan muni banter. Bima enggal munggah enggrang lan jumangkah miwiti lomba. Egrang iku ginawe saka pring. Ing perangan ngisor ana tlapakan kanggo sikil kang sinangga sikon ing ngisore. Tlapakan mau ana sing ditali ing cagake, ana uga sing dibolongi.

Senajan wis latihan, ana wae alangane. Ana peserta sing tiba nalika wiwit munggah ing tlapakan amarga ndhedheg. Aturane ing babak penyisihan ora kena tiba luwih saka kaping telu. Jarak kang kudu diliwati 5 meter bola-bali.

Bima bisa ngliwati babak penyisihan mau. Dheweke menang terus. Kabeh padha seneng weruh ketrampilane egrangan. Iki sebabe Bima kerep latihan sadurunge lomba.


.......


Wacan ing dhuwur kalebu jinise teks ....

a)

deskripsi

b)

narasi

c)

ekspositoris

d)

pawarta

10.

Miturut wacan ing dhuwur, prayatan ing ngisor iki kang ora kalebu alur crita yaiku...

a)

Isih jam setengah wolu

b)

Ing alu-alun wis kebak uwong

c)

Bima wis siaga kanthi egrange

d)

Bima enggal munggah enggang lan jumangkah

11.

Miturut wacan ing dhuwur, prayatan ing ngisor iki kang dadi latar crita yaiku....

a)

Ing alun-alun

b)

Ana peserta kang tiba

c)

Isih jam setengah wolu

d)

Dolanan tradisional kang dilombakake

12.

Ing ngisor iki kalebu struktur teks deskripsi, kajaba ....

a)

alur

b)

klasifikasi

c)

identifikasi

d)

Dheskripsi bagena

13.

Bebayane Mbuwang Sampah Sembarangan


Ing wayah rendheng larahan utawa sampah-sampah mau akhire mbunteti dalan banyu. Ing kutha-kutha apa maneh. Kalen-kalen ing antarane perumahan iku dadi kebak larahan. Ana botol plastik,bungkus jajan, tas kresek, godhong, sayuran, lan sapanunggalane.

Yen udane deres banget, kalen-kalene buntet, akhire banyune mbludag ing dalan-dalan. Suwe-suwe banyune dadi mambeg saenggon-enggon. Apa maneh yen ora banjir? Alon-alon banyune saya dhuwur, anguk-anguk ing plataran omah.

Nalika udane wis rampung, larahan sing mbunteti banyu isih ing panggonane. Sing liyane semburat tekan endi-endi. Ana ing pager,ana ing plataran, ing dalan-dalan, malah ana sing ing ngarep lawang. Tur ambune banger banget. Yen ora enggal diresiki, sedhela bae laler-laler padha teka. Larahan mau marakake penyakit.

Wacan ing duwur kagolong karangan ....

a)

narasi

b)

deskrpisi

c)

sugestif

d)

ekspositoris

14.

Miturut wacan ing dhuwur, larahan kang bunteti kalen-kalen kang nyebabake banjir kalebu struktur ....

a)

alur

b)

wektu

c)

klasifikasi

d)

identifikasi

15.

Perbedaan teks narasi dan teks deskripsi adalah.....

a)

Teks narasi menceritakan suatu objek, sedangkan teks deskripsi menceritakan suatu kejadian

b)

Teks narasi menceritakan penokohan, sedang teks deskripsi menceritakan tempat kejadian

c)

Teks narasi menceritakan suatu kejadian yang seolah-olah pembaca mengalami sendiri, sedang teks deskripsi menggambar objek secara terperinci

d)

Teks narasi menceritakan objek secara terperinci, sedangkan teks narasi menceriritakan seolah-olah pembaca melihat dan mendengar secara langsung.

16.

Apa kang diarani pawarta?

a)

Teks wacan kang ngandharake objek

b)

Andharan marang liyan ngenani kedadean kang nyata

c)

Teks wacan kang ngandharake kedadean kanthi runtut

d)

Tulisan sing gagasan pokoke kanthi cara nggambarake objek

17.

Gambar ing sisih kiwa iki nggambarake apa?

a)

Jembatan kang keno banjir

b)

Omah kang ditumpuki larahan

c)

Panggonan buwang sampah kang akeh banyune

d)

Kahanan banjir amerga seneng buwang sampah sembarangan

18.

Teks pawarta iku mujudake informasi kang ....

a)

fiksi

b)

nyata

c)

direka-reka

d)

ngayawara

19.

Ing ngisor iki Kalawarta kang nganggo basa Jawa, kajaba ....

a)

Kompas

b)

Jemparing

c)

Jaya Baya

d)

Penyebar Semangat

20.

Wacanen kanthi setiti!


Wong Paling Tuwa ing Indonesia Tinggal Donya


Sodimejo aliyas Mbah Gontho, manungsa paling tuwa se-Indonesia asal dhukuh Segeran, Desa Cemeng Kecamatan Sambung Macan, Kabupaten Sragen, Jawa Tengah, tinggal Donya dina Ahad, 30 April 2017. Kalawarti Minggon “Penyebar Semangat” tanggal 13 Mei 2017 ngabarake, Mbah Gotho diyakini minangka wong paling tuwa sadonya adhedhasar Kartu Identitase. Penjenengane kecathet lair tanggal 31 Desember 1870, saenggo nalika tinggal donya dikira-kira yuswane Mbah Gotho 146 tahun. Sok ngonoa ora ana katrangan gumathuk bab umure Mbah Gontho awit dhokumen klairane kang dilacak ing kantor Dinas Kependhudhukan lan Catatan Sipil Sragen nuduhake menawa identitase Mbah Gotho wis ana kawit jaman Landa.


Puthune Mbah Gotho, ngandharake yen simbahe ora mangan lan ora ngombe kawit sesasi sadurunge katimbalan. Putu-putune wes mbudidaya ngrimuk supaya Mbah Gotho gelem mangan lan ngombe, nanging diwangsuli yen ora luwe lan ora ngelak. Merga kahanane saya lemes, Mbah Gotho digawa menyang RSUD Sragen, tanggal 12 April 2017. Nanging Mbah Gotho malah nesu-nesu ngajak mulih jalaran selawase uripe ya lagi pisan kui mlebu rumah sakit.


Wacan ing dhuwur kalebu ....

a)

crita

b)

fiksi

c)

pawarta

d)

dongeng fiksi

21.

Manut wacan ing dhuwur kalawarta ingkang ngabarake berita bab Mbah Gotho yaiku ....

a)

Jaya Baya

b)

Jemparing

c)

Joko Lodhang

d)

Panyebar Semangat

22.

Kang mujudhake unsur what isine teks warta ing dhuwur yaiku ....

a)

Sadimejo alias Mbah Gotho

b)

Tinggal Donya Nalika Yuswa 146 tahun

c)

Kalawarta minggon “Penyebar Semangat”

d)

Wong Paling Tuwa ing Indonesia Tinggal Donya

23.

Unsur-unsur pandhapuke pawarta ana ....

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

24.

When iku mujudake katrangan ....

a)

cara

b)

wektu

c)

paraga

d)

pananan

25.

Unsur pembangun pawarta kang mujudake panggonan dumadine prastawa yaiku ....

a)

apa

b)

geneya

c)

kapan

d)

ing ngendi

26.

Unsur pembangun pawarta kang mujudake kepriye kedadeane yaiku

a)

apa

b)

kapan

c)

geneya

d)

ing ngendi

27.

Pawarta kang ditulis kanthi ringkes, padet, lugas lan apa anane. Diarani pawarta ....

a)

Pawarta Opini

b)

Pawarta Penjelas

c)

Pawarta Langsung

d)

Pawarta Interpretatif

28.

Kang kalebu media cetak yaiku ....

a)

TV

b)

radio

c)

internet

d)

kalawarta

29.

Miturut pawarta, Covid-19 utowo Corona kui kalebu sawijine penyakit sing disebabake virus.

Adhedhasar isine kalebu kalawati bab....

a)

hiburan

b)

ekonomi

c)

kewarasan

d)

pendidikan

30.

Pakulinan sing kudu ditrapne dening brantas penyebaran virus Corona, kejaba

a)

gawe masker

b)

social distancing

c)

ngumpul rame-rame

d)

wisuh gawe sabun lan banyu mili