wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS BAHASA JAWA

Total questions: 21

Worksheet time: 1hrs 3mins

Name
Class
Date
1.

Nama:

4 lines
2.

Rukun agawe santosa, crah agawe bubrah, tegese....

a)

rukun bisa kuwat,nanging bisa marakake bubrah

b)

rukun ndadekake bubrah, cecongkrahan marakake kuwat

c)

rukun ndadekake kuwat, cecongkrahan marakake bubrah

d)

rukun kadhang-kadhang kuwat,kadhang-kadhang maraka

3.

Geguritan, yaiku .....

a)

puisi jawa gagrag anyar sing ora kaiket paugeran

b)

puisi jawa gagrag anyar sing kaiket paugeran

c)

puisi jawa gagrag lawas sing kaiket paugeran

d)

puisi jawa gagrag lawas sing ora kaiket paugeran

4.

Guyub tegese .....

a)

ora gampang gegeran

b)

urip sing serasi

c)

greget tandang bebarengan

d)

gregeten ora tandang gawe

5.

Gagasan popok sing arep diandharakake sajrone tulisan, diarani

a)

tema

b)

bait

c)

pada

d)

pugera

6.

Strukture geguritan iku ana ... perangan

a)

4

b)

5

c)

6

d)

7

7.

Dhiksi yaiku mujude pilihan ................................

a)

larik

b)

tembung

c)

bait

d)

paugeran

8.

Saben sapada geguritan, dumadi saka siji....

a)

tema

b)

gagasan

c)

gagasan tambahan

d)

gagasan pokok

9.

Tetembungan sing runtut karo tembung ngarepe diarani ....

a)

sastra

b)

wirama

c)

surasa

d)

purwakanthi

10.

Geguritan kang nggambarake kahanan seneng, mula sing maca polatane kudu ....

a)

katon sedih

b)

katon nelangsa

c)

katon seneng

d)

katon priharin

11.

Pakaryan ngowahi geguritan dadi prosa/crita diarani ....

a)

parafrase

b)

ngarang gancaran

c)

ngowahi gancaran

d)

crita

12.

supaya ora kentekan bahan energi kita kudu gemi nggunakake. tembung gemi tegese padha karo ...

a)

awet

b)

boros

c)

utuh

d)

irit

13.

pertamax, pertalite uga batubara mujudake energi kang asale saka ....

a)

omahan

b)

bumi

c)

manungsa

d)

pabrik

14.

pacelathon tegese ...

a)

rembugaane wong loro utawa luih ngeneni saweneh bab

b)

beda karo percakapan utawa dialog ing bahasa Indonesia

c)

ing bahasa Indonesia diarani drama utawa teater

d)

pangudarasane pawongan ngeneni sawenehe bab

15.

pacelathon antarane wong tuwa karo bocah migunakake basa

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

16.

manut undha usuk ing basa jawa keperang dadi loro yaiku ...

a)

krama lugu lan krama inggil

b)

basa ngoko lan basa krama

c)

ngoko lugu lan ngoko alus

d)

krama lugu lan krama alus

17.

pacelathon batur marang juragan migunakake basa ....

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

18.

Bapak: "Dar, kowe wis mangan?"

Darno: "...."

ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing nduwur yaiku ...

a)

inggih, pak sampun

b)

ya, pak wis.

c)

inggih, pak wis.

d)

ya, pak sampun

19.

budhe badhe ... pundi?

a)

lunga

b)

tindhak

c)

kesah

d)

wangsul

20.

kanggo niteni teks pacelthon yaiku ...

a)

nggunakake ukara sing ngambrawara

b)

katulis kanthi wujud dhialog

c)

mung nggunakake ukara crita

d)

diparagani dening wong siji

21.

Ibu Mundhut roti kanggo Darno lan Surti. ukara mau nggunakake basa ...

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus