NEW
Font size
WorksheetsSoal Tata Krama lan Unggah-ungguh Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Vania lan Susanti kanca sekelas lan umure subabag. Susanti takon marang Vania. Mangkene pitakone kang bener manut unggah-ungguhe....
Vania apa sliramu wis sida tuku buku?
Vania apa sliramu wis sida tumbas buku?
Vania menapa sliramu wis mundhut buku?
Vania apa njenengan wis sida tumbas buku?
Ukara-ukara ing ngandhap menika mujudake tuladha basa karma lugu, inggih menika....
Sliramu dina iki sida metu?
Simbah lagi sare, aja diganggu!
Sliramu sida nonton wayang?
Prasetya pukul 06.30 sampun bidhal sekolah.
Bapak : “Enggal ta, wis kawanen iki!”
Ibu : “Wis pener kabeh, wis kana enggal tindak!”
Sanajan wis kulina, Ibu anggone ngendikan marang Barang migunakake basa....
ngoko lugu
ngoko alus
krama lugu
krama alus
Tumrap tiyang Jawi, ringgit purwa mujudaken salah satunggaling seni tradisional edi peni saha narik kawigatosan, langkung-langkung tumrap kasepuhan.
Ukara ing dhuwur migunakake basa...
Ngoko lugu
Ngoko Alus
Krama Lugu
Krama Alus
Nalika wulangan Basa Jawa Juwita ditimbali Pak Mintaraja. Kadospundi ature Juwita dhateng guru ingkang nembe ngasta ing kelas?
“Nuwun sewu Bu, kula ditimbali pak guru.”
“Nuwun sewu Bu, Bu kula ajeng teng kantor guru ditimbali Pak Mantarja.”
“Nuwun sewu Bu, menawi kepareng kula nyuwun idin badhe sowan Pak Mantarja.”
“Nuwun sewu Bu, kula badhe kepanggih Pak Mintarja ing ruang guru amargi kula ditimbali Pak Mintarja.”
Kadospundi patrapipun siswa ingkang leres nalika arep matur marang guru?
Ngadeg jejeg, tangan ngapurancang, awak rada mbungkuk, ulat sumeh
Ngadeg jejeg, mbanda tangan, awak rada mbungkuk, ulat sumeh
Ngadeg jejeg, tangan ngapurancang, dhungkluk, karo ngguyu
Ngadeg jejeg, tangan malang kerik, ndangak, ulet sumeh
Nalika ing rapat OSIS, Rulli minangka ketua OSIS mimpin rapat. Ing ruangan iki kahanane rame. Kepriye Ruli anggone njaluk kawigaten?
“He, Kanca-kanca bisa meneng ora!”
“Kanca-kanca njaluk kawigatenmu sedhela!”
“Kanca-kanca aja rame dhisik ana rapat!”
“Meneng-meneng”
Winarni minangka wakil saking kaneman badhe urun rembag ing parepatan PKK. Kadospundi caranipun nyuwun kawigatosan nalika parepatan PKK?
“Nuwun sewu kepareng kula nyuwun lilah dalah kawigatosan panjenengan sedaya kangge matur sawetawis.”
“Nuwun sewu kepareng nyela pangandikan dhateng para ibu sedaya kangge matur sawetawis.”
“Nuwun sewu kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.”
“Nuwun sewu kula suwun ibu-ibu mendel rumiyin, kula badhe matur.”
1. Pinasti lara weteng nalika ulangan Basa Jawa. Kepriye ature Pinasti menawa arep idin menyang UKS?
“Nuwun sewu, Bu! Weteng kula saking ajeng teng UKS.”
“Nuwun sewu, Bu! Kula nyuwun idin badhe teng UKS amargi pandharan kula sakit.”
“Nuwun pangapunten Bu, Kula nyuwun idin badhe dhateng UKS amargi weteng kula sakit.”
“Nuwun pangapunten, Bu. Kula nyuwun idin badhe dhateng UKS amargi padharan kula nembe gerah.”
Sliramu wis kangsenan menawa dina Minggu arep gladhen karawitan ing bales desa, nanging sliramu ora bisa melu. Kepriye anggonmu idin karo koncomu?
“E, aku mengko ora isa teka.”
“Kanca-kanca aku njaluk idin ora bisa melu gladhen karawitan.”
“Kanca-kanca kula nyuwun palilahmu menawi boten saged tindak gladhen.”
“Kanca-kanca kula nyuwun idin boten saged ndherek gladhen karawitan sareng-sareng.”
Widada :”Nuwun sewu, Pak. Mekaten Pak, kala wau wonten pengumuman saking sekolah menawi benjing minggu ngajeng, sekolah badhe ngawontenaken lomba maos geguritan. Kamangka satunggaling syarat para siswa ingkang ndherek lomba....................kedah ngagem rasukan Jawi jangkep, Pak.”
Bapak : “Wah becik banget kui Wid. Bapak sarujuk banget karo acara kaya mangkono ku. Banjur kepriye karepmu?”
Widada : ....
Pacelathon ing dhuwur Widada arep matur Bapake supaya numbasake klambi adat Jawa. Kepriye ature Widada?
“Nuwun sewu Pak gandheng kula boten gadhah ageman adat Jawi kula dipundhutaken ageman Jawa.”
“Nuwun sewu Pak gandheng kula boten gadhah rasukan adat Jawi kula dipuntumbasaken rasukan adat Jawi.”
“Nuwun sewu Bu, kula pamit ajeng nyiapaken piranti kangge kemah teng anggene Wulandari.”
“Nuwun sewu Bu, menawi kepareng kula pamit badhe nyamektakaken piranti kemah wonten griyanipun Wulandari.”
Sedhela maneh sekolahmu arep ngganakake kemah. Dina Minggu sakelompokmu arep nyiapake piranti kemah ana ing omahe Wulandari. Kowe pamit karo ibumu. Kepriye anggonmu matur?
“Bu kula pamit. Ajeng nyiapaken piranti kemahing griyane Wulandari.”
“Bu kula ajeng nyamektakaken piranti kemah wonten dalemipun Wulandari.”
a“Nuwun sewu Bu, kula pamit ajeng nyiapaken piranti kangge kemah teng nggene Wulandari.”
“Nuwun sewu Bu, menawi kepareng kula pamit badhe nyamektakaken piranti kemah wonten griyanipun Wulandari.”
Para wiranem ing RT 1 badhe ngawotenaken gladhi sesorah, mapanipun ing bale RT. Minangka ketua pemudha Sujatmika nyuwun idin dhateng Pak RT. Kadospundi aturipun Sujatmika?
“Pak, para wiranem ing RT 1 badhe ngawontenaken gladhi sesorah, menawi dipunparengaken Bapak, papanipun ing bale RT.”
“Pak, para wiranem ing RT 1 ajeng nganake latihan sesorah, nek nyilih bale RT entuk ora?”
“Pak RT, menapa angsal menawibale RTne dingo gladhen sesorah?”
“Pak RT kula nyuwun idin”
Sliramu arep nyilih andha anggone tanggamu. Anggonmu matur kang bener yaiku...
“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyilih andha.”
“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyambut andha.”
“Nuwun sewu Pak, kula badhe nyuwun ngampil andha.”
“Nuwun sewu Pak, kula badhe mundhut ngampil andha.”
1Sawise rampung anggonmu nyilih andha, dina candhake sliramu mbalekake andha mau. Kepriye aturmu kang trep?”
“Kula badhe mbangsulaken andha. Matur nuwun Pak.”
“Kula badhe ngonduraken andha, matur nuwun Pak.”
“Kula ajeng mbangsulaken andha, nuwun nggih Pak.”
“Kula ajeng mbalekaken andha, suwun nggih Pak.”
Tetembungan kanggo njaluk pangapura marang kancamu dhewe, kang bener....
“Aku njaluk tetesing samodra pangaksama.”
“Nyuwun lumunturing sih pangapunten.”
“Njaluk sih pangapuramu.”
“Apuranen ya luputku.”
Tanti nyilih buku kagungane Bu Rumanti. Tanti rumangsa luput lali ora enggal-enggal ngondurake buku, mula ature kang becik mengkene....
“Nyuwun agunging pangaksama Bu kula kesupen saestu.”
“Boten sah dipunpenggalih Bu, kula kesupen saestu.”
“Boten napa-napa Bu, tiyang kula kesupen saestu.”
“Nyuwun pangapunten Bu, kula kesupen saestu.”
1. Nalika bihalalan sliramu njlauk ngapura marang simbah. Ukarane kang bener, yaiku....
“Simbah kula dipunapunten nggih!”
“Sowan kula menika nyuwun pangapunten.”
“Nuwun sewu Mbah, kula nyuwun pangapunten sedaya kalepatan nggih!”
"Nuwun sewu Mbah, ngaturaken sugeng riyadi sedaya kalepatan nyuwun pangapunten.”
Gesang ing jagading pasrawungan kedah ngangge....
Tata Krama
Basa Jawa
Basa Indonesia
Pacelathon
Menawa leres menawi Bapak kalawau ......... kula?
Ngaturi
Nyeluke
Nggoleki
Nimbali
