WorksheetsEvaluasi Wacana Eksposisi
Total questions: 10
Worksheet time: 5mins
Teks menika peranganipun namung wonten tiga lan saged kangge sarana ningkataken pangertosan babagan salah satunggaling subjek, saengga pamaos saged pinaringan pangerten ingkang linuwih babagan salah satunggaling teks. Teks menika kasebut teks .......
narasi
eksposisi
argumentasi
persuasi
deskripsi
Teks eksposisi menika minangka salah satunggaling teks ingkang mbetahaken fakta, dene fakta ing salebeting teks eksposisi saged dipunjlentrehaken mawi.....
angka
data
tulisan
laporan
peta
Wonten salebeting upacara adat mantu saderengipun upacara kawiwitan, tiyang sepuhipun penganten putri masang saperangan janur kang rinonce ing ndhuwur lawang kang adatipun kasebat menapa.....
tarub
tetuwuhan
bleketepe
njanur gunung
woh-wohan
Salah satunggaling tatacara mantu inggih menika wonten upacara siraman ingkang katindakaken saderengipun upacara midodareni, wonten ing upacara siraman menika gadhah ancas ingkang sae. Miturut panemumu menapa ancasipun saking upacara siraman menika.....
temanten saged nuwuhaken gesang mulya dados tuladhaning kulawarga
calon penganten resik lair batin, dipuntindakaken sesepuhing penganten
supados calon penganten endahing warna kadya widadari
mbucal sedaya sukerta lan pepalng supados pakaryan ingkang dipuntindakaken boten wonten alangan
wujud tanggung jawab ingkang badhe dipunayahi calon penganten
Wonten ing upacara adat mantu wonten ingkang dipunwastani balang suruh, wiji dadi, pupuk, sinduran. Rerangkening acara menika wonten ing salebeting acara menapa.....
ijab
buwangan
midodareni
srah-srahan
panggih
Nalika tiyang gesangipun jejaka mara dhateng griyanipun tiyang sepuhipun ingkang putri ingkang dipuntuju dados jodhonipun. Ingkang badhe bebesanan rembagan bab sesambetan tresna para putranipun dipunsekseni kulawarga lan sanak sedherek dipunwastani tatacara ?
ijab
lamaran
resepsi
panggih
midodareni
Nalika nindakaken rerangkening acara mantu, wonten paraga ingkang sae sanget peranipun. Paraga menika kasebut congkong. Miturut panemumu menapa tugasipun congkong menika wonten ing rerangkening acara mantu.....
paraga ingkang kagungan kersa mantu
paraga ingkang masrahaken temanten kakung
paraga ingkang atur pambagyaharja salebeting pahargyan
wali penganten wanita kangge ndaupaken putrinipun kaliyan penganten kakung
utusan saking kulawarga penganten kakung kangge ngawontenaken pirembagan kaliyan tiyang sepuhipun penganten putri
Salah satunggaling tatacara upacara mantu inggih menika wonten ingkang dipunwastasi nontoni. Tatacara nontoni kathah ingkang boten nindakken kepara meh ical. Bab menika dipunsebabaken menapa.....
tatacaranipun ribet
kirang wonten maknanipun
mbetahaken ubarampe kathah
calon penganten sampun sami tepang
tatacaranipun mbetahaken wragad kathah
Srah-srahan ubarampe kados dene arta, ageman, mas-masan, jajanan, woh-wohan, pithik iwen kadosta ayam, bebek, banyak, lan sapanunggalanipun nggadhahi makna, meturut panemumu menapa makna saking ubarampe menika.....
temanten saged nuwuhaken gesang mulya, dados tuladhaning kulawarga
calon penganten resik lair lan batinipun dipuntidakaken sespuhing penganten
supados calon penganten endah ing warna kadya widadari
mbucal sedaya sukerta lan pepalang supados pakaryan ingkang dipuntindakaken boten wonten alangan
wujud tanggung jawab ingkang badhe dipunayahi calon penganten kakung dhumateng calon penganten putri lan kulawarganipun kedah nyekapi sandhang, pangan, lan ubarampe kangge pagesangan
Wonten ing upacara adat mantu wonten pangandikan saking wali penganten wanita kangge ndhaupaken putrinipun kaliyan penganten kakung menika mujudaken tatacara menapa.....
ijab
panggih
buwangan
midodareni
srah-srahan
