NEW
Font size
WorksheetsGamelan Jawa kelas XII
Total questions: 10
Worksheet time: 30mins
Gamelan Jawa
Gamelan menika salah satunggaling seni musik tetabuhan tradhisional aseli saking Indonesia mliginipun ing pulo Jawa, Madura, Bali lan Lombok. Tembung gamelan piyambak menika saking tembung Jawa inggih menika “gamel” ingkang gadhahi teges “tabuh”. Wosipun gamelan menika saprangkat piranti musik ingkang diagem ngiringi tembang utawi dipuntabuh tanpa tembang kawastan klenengan. Jinis musik menika kasebar ngantos dumugi pulo-pulo saindenging tlatah Nusantara lan sakmenika malah sampun kasebar ngantos dumugi Amerika, Eropah lan tlatah sanesipun. Jinis musik tradhisional sanes uga wonten ingkang memper kaliyan gamelan wonten tlatah Filipina, Malaysia lan Suriname.
Saking wacana punika nuduhaken babagan . . . .
Alesan utawi argumentasi
Pernyataan umum
Sipatipun imajinatif
Namung paring informasi kemawon
Adhedasar dudutan wawanpirembagan
Gamelan Jawa
….……..
Gamelan kalebet perangan ing kabudayan Jawa. Wonten Jawa, gamelan biyasanipun kangge musik pangiring pagelaran wayang kulit utawi ringgit, beksan, uyon-uyon, ketoprak lan sanesipun. Jinisipun laras gamelan wonten kalih inggih punika laras pelog lan laras slendro. Saben seset gamelan nggadhahi instrumen kangge laras pelog lan slendro. Gamelan laras slendro gadhahi titi laras 1 2 3 5 6, menawi gamelan laras pelog gadhahi titi laras pepak. Ateges pepak menika titi larasipun 1 2 3 4 5 6 7. Dados ingkang bentenaken inggih menika titi laras 4 (papat) lan 7 (pitu).
….………
Saking wacana punika wosipun paragraf inggih punika . . . .
Gamelan Jawa kathah peranganipun.
Gamelan namung kangge musik pangiring wonten pagelaran wayang kulit.
Gamelan Jawa nggadhahi titi laras kalih, inggih menika sledro lan pelog.
Laras slendro menika gadhahi titi laras pepak.
Uyon-uyon kedhah dipunuri-uri supados lestantun.
Wujudipun arupi kados lempengan emas ingkang kasusun wonten kajeng. Saben lempengan menika gadhah titilaras ingkang benten. Deskripsi ingkang jumbuh kaliyan gamelan menika . . . .
Gamelan Jawa menika kedhah dipunuri-uri supados lestantun.
Titi larasipun gamelan Jawa menika wonten kalih, slendro lan pelog.
Gamelan Jawa sampun ngrembaka, menika katingal saking pandemenipun ingkang kathah.
Saron menika salahsatunggaling gamelan ingkang mungelaken kanthi cara dithuthuk.
Samenika tiyang manca sami remen sinau gamelan Jawa amargi mungelipun.
Wonten pakeliran wayang, gender dipunginakaken kangge ngiringi cariyos, wawan ginem antawisipun paraga wayang setunggal lan sanesipun. Deskripsi ingkang jumbuh kaliyan gambar gamelan menika . . . .
Gendher salah satunggaling ricikan gamelan ingkang ancasipun kangge instrumen melodi.
Gamelan punika namung wonten ing gamelan Jawa, wonten sanesipun boten wonten.
Bali ugi gadhah gamelan ingkang meh sami kaliyan gamelan Jawa.
Titikanipun gamelan Sunda menika wontenipun swanten suling ingkang dominan.
Gamelan kangge ngiringi wayang, beksan, kethoprak lan langgam.
Saron penerus menika salah satunggaling perangkat gamelan Jawa ingkang ditabuh, saron penerus dipunselehaken kemawon wonten wilah kajeng ing kalih sisi ngandap, wonten slendro, saron penerus dipunwastani peking.
Ukara wonten inggil kalebet paragraph eksposisi….
definisi
proses
klasifikasi
ilustrasi
perbandingan
Gamelan Jawa
….……
Gamelan kalebet perangan ing kabudayan Jawa. Wonten Jawa, gamelan biyasanipun kangge musik pangiring pagelaran wayang kulit utawi ringgit, beksan, uyon-uyon, ketoprak lan sanesipun. Jinisipun laras gamelan wonten kalih inggih punika laras pelog lan laras slendro. Saben seset gamelan nggadhahi instrumen kangge laras pelog lan slendro. Gamelan laras slendro gadhahi titi laras 1 2 3 5 6, menawi gamelan laras pelog gadhahi titi laras pepak. Ateges pepak menika titi larasipun 1 2 3 4 5 6 7. Dados ingkang bentenaken inggih menika titi laras 4 (papat) lan 7 (pitu).
….…….
Saking wacana menika saged katingal menawi gamelan Jawa menika gadhahi instrumen ingkang . . . .
Awujud perkusi sedaya
Namung kangge ngiringi beksan
Namung kangge ngiringi wayang kulit
Titi larasipun pelog lan slendro
Titi laras slendro wonten gangsal
Rebab menika salah satunggaling racikan gamelan ingkang kangge ngiringi gendhing-gendhing Jawa nalika pentas wayang, kethoprak lan ing langgam langgam. Caranipun mungelaken gamelan menika kanthi cara . . . .
Dithuthuk
Dikeplak
Digesek
Didamu
Disebul
Kendhang punika sipunselehaken wonten panyangga kajeng ingkang saemper huruf Y.. Kendhang wonten pagelaran musik ancasipun kangge mimpin lan ngarahaken musikipun. Piranti menika caranipun mungelaken kanthi cara . . . .
Dithuthuk
Dikeplak
Digesek
Didamu
Disebul
Salah sijine kesenian sing ana nang tatar Penginyongan yakuwe ebeg. Ebeg lamona manut critane kuwe jenis ibing-ibingan sing nyritakna latian perang wektu semono. Ebeg biasane dimaina nang wong 5-8. Lumrahe ya deiringi karo tabuhan gamelan.
Tembung perang nggadhahi dasanamanipun . . . .
pasamuan
palagan
patirtan
pawiwahan
pasugatan
Gamelan Jawa menika salah satunggaling corak gamelan ingkang dipunuri-uri wonten tlatah Jawa Tengah, Yogayakarta lan Jawa Timur. Gamelan Jawa menika benten kaliyan gamelan saking tlatah sanesipun. Gamelan Jawa limrahipun gadhahi nada langkung alus lan alon. Benten kaliyan gamelan Bali ingkang gadhahi nada langkung cepet, ugi gamelan Sunda ingkang raosipun nglaras sanget lan kathah swanten suling. Gamelan Jawa menika gadhah gatra-gatra pentatonis lan kapantha 2 laras, inggih menika laras slendro lan karas pelog.
Ukara wonten inggil kalebet paragraph eksposisi….
definisi
proses
klasifikasi
ilustrasi
perbandingan
