WorksheetsULANGAN TENGAH SEMESTER BASA JAWA KELAS 8A
Total questions: 20
Worksheet time: 7mins
Crita gancaran sing ngandharake sarining kedadean utawa lelakon saka wiwitan nganti pungkasan mung cekak wae. Diarani..
cerbung
cerkak
novel
cerpen
Unsur sajerone crita iku disebut apa....
unsur ekstrinsik
unsur instrinsik
unsur resolusi
unsur orientasi
Tema, plot, setting iku klebu unsur apa
unsur ekstrinsik
unsur instrisik
unsur komplikasi
unsur orientasi
Punjering crita ing sawijinging karangan iku disebut....
setting
alur
tema
point of view
Wis, wis, wong tuwa padha sembrana, yen nganti kesiku tenan terus kepriye?” panyelane sisihane Pandaya bareng wis ngerti dhodhok selehe kiriman panggang ayam. Wong papat padha ngguyu bareng, Imam Supari nganti keselak-selak, dene Pandaya kang dadi sutradhara mripate nganti mbrebes mili marga anggone ngguyu.
Ing ndhuwur klebu unsur...
instrinsik
ekstrinsik
orientasi
resolusi
“Panggang ayam saka sapa?”
“Hla embuh, jare Bu Tum saka warung Padha WaregNgraho, ngono.”
“Bu Tum Ngraho?” sing lanang sajak kaget.
“Hlo, kok sajak kaget. Mengko gek kleru tenan, ora nggo kene.”
“Hla sing ngeterke mau kandha piye?”
“Jare kagem bapak, marga saka bantuan njenengan, nggone dodol Bu Tum jare malih rame lan laris.”
“He? Wah gawat.”
“Gawat piye?”
Ing ndhuwur ikun klebu unsur....
latar /setting
alur / plot
Orientasi
Komplikasi
Baskom gedhe dibungkus taplak meja ditampani, banjur digawa memburi.
Ukara ing ndhuwur klebu ukara...
Pitakon
Pawarta
Sambawa
Sananta
Muga-muga warunge bu Tum bisa malih laris temenan!
Klebu ukara ...
Pawarta
Pitakon
Sambawa
Sananta
Mangga pinarak rumiyin!
Klebu ukara....
Sambawa
Pakon
Pitakon
Pawarta
Basa sing dipaesi utawa dipacaki supaya katon luwih endah, merbawani, lan ngresepake.
sinebut apa...
Rura basa
Parikan
Basa rinengga
Geguritan
Tembung-tembunge ngoko kabeh ora kecampuran basa krama utawa basa krama inggil.
Iku diarani basa....
NGoko andhap
Krama alus
Krama lugu
Ngoko lugu
Panjenengan mengko sida tindak menyang Surabaya apa ora?
ing ndhuwur iku klebu basa...
Ngoko alus
Krama lugu
Krama alus
Ngoko lugu
Sampeyan kalawingi menapa tamtu kesah kaliyan Hadi?
ukara ing ndhuwur klebu basa...
Ngoko lugu
Ngoko andhap
Krama lugu
Krama alus
Basa krama alus iku ana ing.....
Sampeyan lungguha ngarep ben katon genah.
Panjenengan sampun maem apa durung
Menawi badhe sare samenika, mangga kula aturi dhahar rumiyin!
Lenggahe wonten wingking mawon
Basa ngoko alus ana ing ukara ...
Bocah-bocah, kowe sesuk nggawaa buku cathetan dhewe-dhewe!
Pak camat awan durung dhahar lo, mulane kowe metua dhisik!
Pak Lurah tindak pundi ?
Sesuk isuk ulangan basa jawa
Sadhumuk bathuk sanyari bumi.
Unen-unen ing ndhuwur iku klebu...
Saloka
Bebasan
Paribasan
Tembung entar
Kanggo miwiti ukara ing aksara jawa digunakake....
Pada Lingsa
Pada Lungsi
Pada adeg-adeg
Pada Pangkat
Kanggo nulis koma ing aksara jawa nganggo
Pada pangkat
Pada lingsa
Pada lungsii
Pada adeg-adeg
Becik ketitik ala ketara nduweni teges...
Becik iku apik ala iku elek
Tumindak apik iku ya apik tumindak ala iku ala
Tumindak apik lan ala iku mesthi ketara
Tumindak apik iku kudu dilakoni.
Luwih sejam anggone ubeg ana ruwang kepala sekolah,bacute loro-lorone pamitan mulih.
Crita ing ndhuwur iku LATAR ana ing endi...
Sekolahan
Ruwang tata usaha
Ruwang Kelas
Ruwang kepala sekolah
