NEW
Font size
WorksheetsPENILAIAN TENGAH SEMESTER BASA JAWA KELAS XI
Total questions: 25
Worksheet time: 29mins
Ancas dianakake upacara adat tingkeban yaiku ...
kanggo kaslametan bapa biyunge
kanggo kaslametan jabang bayi
kanggo kaslametan calon ibu
kanggo tulak balak
kanggo kaslametan calon bayi lan ibune utawa kanggo sing sipate tolak balak
Apa sebabe tingkeban dipengeti nalika jabang bayi umur pitung sasi?
awit nalika jabang bayi umur 7 wulan wis bisa dioprasi sesar
awit nalika jabang bayi umur 7 wulan wis bisa diarani bayine wis tuwa
awit nalika jabang bayi umur 7 wulan wis bisa kalairake kanti sempurna
awit nalika jabang bayi umur 7 wulan si jabang bayi wis disebulake ruhe
awit nalika jabang bayi umur 7 wulan iku wis nduweni raga sing sempurna
Ing ngisor iki sing dudu kalebu urut-urutane ing upacara adat tingkeban yaiku ...
siraman
menek andha tebu
medhot lawe
brojolan
salin rasukan
Sing ditindakake nalika adicara brojolan ing tingkeban yaiku ...
nglebokake klapa gadhing enom
medhot lawe utawa lilitan benang (janur)
mecahake wajan lan gayung
nyolong endhoge tanggane
kendhuren ngundang wong sakampung
Adicara siraman ing tingkeban iku kanggo mitoni anak sing nomer...
siji
loro
telu
papat
lima
Miturut adat jawa mitoni iku kudu dianakake ing dina sing temenan apik utawa dina becik, yaiku dina ...
Selasa awan nganti bengi
Rebu awan nganti bengi
Kemis awan nganti bengi sadurunge wanci rembulan purnamasidi
Setu lan Ahad awan nganti bengi sadurunge wanci rembulan purnamasidi
Senen lan Jemuwah awan nganti bengi sadurunge wanci rembulan purnamasidi
Ing ngisor iki kang dudu kalebu pahargyan yaiku ...
ringgit purwa
brokohan
ngundhuh mantu
tedhak siti
sekaten
Ing ngisor iki sing kalebu upacara adat sing ana gegayutan karo manungsa nalika isih ing kandhutan nganti ing kaseban jati yaiku..
Petik Laut
Bersih desa
Brokohan
Sedhekah Bumi
Grebeg Sura
Kang diarani tedhak siten yaiku ...
cedhak lemah
mudhun lemah
sepasaran
lair sapisan
upacara slametan
Kang dikarepake ing upacara tedhak siten yaiku ...
kareben bocahe sehat
kasiapan bocah kanggo nglakokake kauripan kang bener ing mangsa ngarep
cedhake manungsa karo bumi
kanggo ngindhari kedadean kang ora becik
Atur puji syukur marang Gusti kang murbeng dumadi.
Dene ing rantaman adicara kang sepisanan yaiku bocah dituntun mlaku maju ngidak jadah 7 werna. Pralambang apajadah 7 werna iku?
Bocah saget ngliwati tantangan ing uripipun
Supaya bocah nduweni dalan urip kang apik lan bisa agawe seneng kaluwarga
Bocah kuwi mlebu donya lan ing njero uripe bisa kacukupan awit saka pakaryane sing wis dipilih awit cilik.
Bocah iku nyeker-nyeker pasir kang nduweni teges nggolek panganan
Bocah nalika dewasa bisa dadi bocah sing dermawan lan seneng tetulung
Ing kegiayatn iki dumadi balang-balangan suruh. Iki tinemu ing adicara ....
Dhahar kembul
Kacar-kucur
Bobot timbang
Gantalan
Singep sindur
Penganten kaloro kapangku dening bapake penganten putri kanthi tangan loro, karangkulake ing pamidhangane penganten sarimbit, sineksenan dening ingkang ibu lan para tamu, para sepuh. Iki tinemu ing adicara ....
Dhahar kembul
Kacar-kucur
Bobot timbang
Gantalan
singep sindur
Gambar kasebut nunjukake rantaman adicara ing pengantenan kang diarani ?
Dhahar kembul
kacar kucur
Bobot timbang
gantalan
singep sindur
geguritan iku kangga gampange diarani uga ...
kakawin jawa kuna
kidung jawa pertengahan
tembang macapat
tembang campursari
puisi gagrag anyar
kalebu struktur batin geguritan yaiku ...
tema lan amanat
diksi lan tipografi
enjambemen dan lelewaning basa
purwakanthi lan wirasa
panyitra lan diksi
gemricik swaramu ing wayah esuk/ agawe tentrem ning ati/ kricik-kricik kaya tatanan tembang kang endah//
kutipan geguritan dhuwur nggunakake panyitra...
pandeleng
pangganda
pangrungu
pangarasa
panindak
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Ing geguritan dhuwur, panggurit dadi ...
bapak
ibu
anak
putu
sedulur
Aja nangis anakku
Ibumu isih lunga
Sedhela maneh teka
Aja nangis, anakku
Umpama hongkong kuwi mung lor kali
Wis wingi-wingi dakparani
Isi saka geguritan dhuwur yaiku ...
wong tuwa kudu mesti nduweni rasa kangen marang anak
bapak kang goleki bojone nganti tekan lor kali
susahe bapak dening tangise anak, sebab kangen ibune kang lagi nyambut gawe ing hongkong
bapak kang goleki ibu tekan hongkong amarga anake lara
susahe bapak marang ibu kang nyambut gawe golek duit nganti tekan hongkong gawe anak
jalaran dheweke jatining tresna// asalira tresna/ busana tresna/ watak tresna/ jatining tresna.
tembung sing dibolan baleni dening panggurit diarani ...
purwakanthi guru swara
purwakanthi guru sastra
purwakanthi lumaksita
diksi
tipografi
Geguritan minangka salah siji wujude karangan/anggitan sing ora migatekake pathokan ...
Guru gatra, guru wilangan lan guru lagu
Basane endah, mentes lan mantes
Basa rinengga, mentes lan mantes
Guru swara, guru sastra lan guru basa
Purwakanthi, pepindhan lan paribasan
Jingglengana geguritan ing ngisor!
Medhitasi Mangsa
Sumono Sandy Asmoro
....
Bumi kae ora nate mbedak-mbedakake
Samubarang kang ana ing sadhuwure
Kabeh winih dithukulake
Ora metung papak lancipe
Isine pethikan geguritan ing dhuwur yaiku manungso ...
Kudu milah lan milih
Tumindak sakarepe
Kang ngina mring sasama
Ora oleh mbeda-mbedake
Kudu bisa mbeda-mbedakake
Wujud guritan : kaca ora dikebaki tembung, pinggir(tepi) kiwa tengene, pengaturane gatrane, gatra ora diwiwiti huruf kapital lan dipungkasi tandha titik.
Bab-bab ing dhuwur kuwi diarani ...
tipografi
diksi
enjambemen
imaji
purwakanthi
Uneg-uneg tukang rosok marang calon pemimpin
Dening Siti Purwati, S.Pd.
....
Nanging, jajalen ..... titenana
Yen panjenengan klakon lungguh kursi
Aja maneh kok takon lan nyalami aku
Yen ketemu, noleh wae panjenengan ora duwe wektu!
Opo maneh kok mujudake janji-janji jenengan
Tembung “lungguh kursi” ing pethikan geguritan iku ateges ...
Dadi pemimpin
Dadi Juwara
Lungguh kepenak
Lungguh empuk
Kursi sing empuk
Angen-Angen
Fara Fitriana
Yen ta iso, aku pengin sampurna
Sakora-orane kaya pari ing sawah
Migunani tumrap bebrayan
Nanging tetep ndingkluk andhap asor
Yen ta isa, aku kepingin dadi kelapa
Migunani wiwit oyot nganti janure
Utawa dadi wit ringin
Kuwat ngayomi sapada-pada
Yen ora aku pengin dadi lilin
Menehi pepadhang kanggo liyan
Ning nyatane aku amung manungsa sawantah
Ora rosa nadhan sesangan
Amung bisa netesake luh ing batin
Nalika gawe gela liyan
Tulung, aku aja dipeksa mbangun turut wae
Aku ngerti,
Aku amung ora pengin ana sing lara ati maneh
Aku lan sapa wae sing iso ngayomi
Aku
Aku mung pengin urip mulya kegaro angen-angenku
(Penyebar semangat, No 18-30 April 2016)
Angen-angen iku ngemu teges ...
Gegayuhan sing wus klakon
Gegayuhan sing durung klakon
Kanyatan sing wis dilakoni
Kanyatan sing durung dilaksanake
Kanyatan sing mokal kelakon
