NEW
Font size
WorksheetsPENGAYAAN BAB 2 TEKS PACELATHON BASA JAWA KELAS 4
Total questions: 25
Worksheet time: 50mins
Teks kaya ing duwur iki diarani ....
geguritan
crita
pacelathon
jagongan
Pacelathon iki irah-irahane yaiku ....
sumber energi
energi panas
energi alternatif
panase srengenge, angin, panas bumi, lan bio solar
Sing diomongke ing pacelathon iki bab ....
dolanan sing arep dilakoni kanca-kanca
papan wisata sing arep dituju wayah preian sekolah
tugas sekolah materi energi alternatif
tabung gas LPG sing kosong stok e ing warung sebelah omah
Sing durung paham bab energi alternatif yaiku ....
Zufar
Nazwa
Bayu
Raqila
Manut katrangane Raqila, energi alternatif tegese ....
energi cadangan
energi sing ana terus ing alam
energi sing digunakake kanthi tujuan ngganti bahan bakar sing saksuwene iki digunakake
energi pengganti
Guneman/omong-omongan antarane wong siji lan sijine diarani ....
rasan-rasan
pacelathon
geguritan
pidato
Pacelathon antarane bocah karo kancane nggunakake basa ....
krama alus
krama madya
ngoko
ngoko lan krama
Pacelathon kudu nggunakake basa krama yen paragane antarane ....
bocah cilik marang wong tuwa
wong enom marang wong enom
wong tuwa marang wong enom
wong tuwa karo kancane
Bapak Bupati ijik lara.
Yen dikramakne alus sing bener yaiku ....
Bapak Bupati ijik gerah
Rama Bupati taksih gerah
Bapak Bupati taksih gerah
Rama Bupati ijik gerah
Pak Andik : "Bin, TV ne yen ora kokdeleng, patenana !"
Bintang : ....
Ukara sing cocok nganggo ngiseni pacelathon ing dhuwur yaiku ....
"Kula badhe ningali film kartun, Pak."
"Aku arep ndelok film kartun, Pak."
"Aku dakndelok film kartun sek, Pak."
"Kula ajeng ningali film kartun, Pak."
Salah sijine cara nganggo ngirit listrik yaiku ....
ngurupake lampu awan sore bengi
ngurupake lampu sing gedhe-gedhe
ngurupake lampu yen perlu wae
wis ing omah ora usah dipasangi lampu
sumber energi sing paling utama kanggo bumi yaiku ....
bensin
solar
srengenge
angin
Contone energi alternatif yaiku ....
bio solar
batubara
bensin
pertamax
srengenge iku bisa dimanfaatne tetuwuhan kanggo ....
nggaringake godhong
nyeblokake woh lan godhong
fotosintensis
matengne woh
Kanggo olahraga prau layar mbutuhake energi ....
srengenge
solar
angin
panase dunyo
Iline banyu kali sing gedhe kaya sing ana Pulau kalimantan akeh digunakake kanggo ....
gawe waduk
ngingu iwak
adus lan nglangi
sarana transportasi
Sajerone pacelathon, wong Jawa biasa nuduhake subasita. Subasita sing diduduhake kaya ing gambar diarani ....
tangane ngapurancang
sirah e tolah-toleh
kukur-kukur sirah
awak lan sirahe mbungkuk/ndhingkluk minangka tandha pakurmatan
Ing ngisor iki sing diarani tandha pitakon yaiku ....
(.)
(?)
(,)
(/)
Ing ngisor iki sing diarani titikane pacelathon, kajaba ....
katulis wujud dhialog
nggunakake ukara kandha
nggunakake ukara cekak aos
nggunakake ukara dowo-dowo
Unggah-ungguh basa bisa nuduhake kapribadene masyarakat Jawa. Yen unggah-ungguh basane trep tegese pribadine ....
luhur
ala
asor
jahat
Miturut undha usuk, Basa Jawa kaperang dadi loro yaiku ....
Basa Nasional lan Basa Daerah
Basa Dina-dina lan Basa Ibu
Basa Jawa lan Basa Sunda
Basa Ngoko lan Basa Krama
Tata krama sing kudu diugemi sajerone pacelathon yaiku unggah-ungguh basa lan subasita. Bedane unggah-ungguh basa mujudake tata krama bab guneman, nanging yen subasita mujudake tata krama bab ....
solah bawa
carane ngomong
basa
nulis
Nemtokake tema kaya ngirit setrum lampu kalebu trap-trapan nyusun teks pacelathon sing ....
kapapat
katelu
kapindho
kapisan
Gambar ing ngisor iki sing diarani jinise lampu LED yaiku ....
...
Pakdhe : "Bener, matura bapakmu dhisik ! Aku yakin bapakmu mesthi sarujuk."
Iqbal : "Inggih Pakdhe, kula nyuwun pamit."
Pakdhe : "Sing ati-ati dhuwite ojo nganti ceblok ! Mengko bengi rasakna gumebyare sinar lampu hemat energi !"
Tembung sing kacethak miring tegese ....
padhange, bentere
mendrip
remeng-remeng
peteng, mati pet
