NEW
Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN KLAS 10 BAB TEKS CRITA WAYANG
Total questions: 25
Worksheet time: 3600secs
Sawijining seni pagelaran kang nganggo boneka kang dilakokake dening dhalang kanthi iringan gamelan, diarani ?
Kethoprak
Ludruk
Wayang
Drama
Teater
Wayang kuwi dumadi saka tembung "hyang" kang oleh ater-ater "wa-", tegese yaiku
Ayang-ayang (bayangan)
Ruh kang mung bisa nggawe bejane manungsa
Ruh kang bisa gawe beja lan cilakane manungsa
Wong kang nglakokake wayang
Wong kang nglagokake tembang
Pokok pikiran utawa babagan kang dirembug ing sawijine crita kang arep disampekake pengarang liwat rerangkene crita arane ...
Gaya basa
Tema
Alur
Paraga lan pamragan
Papan panggonan
Perangan wiwitane carita kanggo nepungake tokoh/paraga, swasana, lan bibit kawit tumuju crita sabanjure, ing struktur teks lakon diarani ...
Orientasi
Resolusi
Koda
Revolusi
Komplikasi
Ing jaman semono wayang bisa kaanggit lan luwih ngrembaka maneh amarga lumantar saka kaprigelan lan kawicaksanane ...
Para Wali kang nyebarake kabudayan lan agama
Para sarjana kesenian lan kabudayan kang kreatif
Para Dhalang minangka sarana golek pangupa jiwa
Para orientalis walanda wiwit abad 19 lan abad 20
Para sutrsna kabudayan Jawa kareben lestari
Dumadine perkara kang kudu diadhepi dening para tokoh/paraga, ing struktur generik teks carita wayang, diarani ….
Orientasi
Resolusi
Koda
Revolusi
Komplikasi
Teks carita wayang sing digelar sajrone pentas pewayangan, bisa dadi sarana pasinaon basa, jalaran ...
Antawacanane dhalang bisa kaprungu endhek-dhuwure dening para siswa sajerone
Undha-usuke basa kang diandharake para paraga sajrone wayang, bisa didadekake tuladha panggunaning basa kang laras karo unggah-ungguh
Basaning teks carita wayang biasane laras karo basa sing digunakake para siswa saben dinane
Nyinau nyimak basa Jawa
Paraga Dhalang nalika ngurip-uripi wayange, bisa sinambi mulang basa Jawa
Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani ...
Perang Bubat
Perang Mahabharata
Perang Baratayudha
Perang Badar
Perang Grilya
Pawongan kang nglakokake gamelan diarani ...
Sindhen
Niyaga
Dhalang
Dagelan
Limbukan
Gamelan ing pagelaran wayang, mralambangake ...
Donya
Langit
Lakune getih
Kabutuhane manungsa
Srengenge
Blencong ing pagelaran wayang, mralambangake ...
Donya
Langit
Lakune getih
Kabutuhane manungsa
Srengenge
Paraga-paraga wayang iki sing ora nduweni watek ala, yaiku ...
Duryudhana
Citraksa
Arjuna
Sengkuni
Dursasana
Perangan kang ora kalebu inti/isi crita sajrone struktur pagelaran wayang yaiku ...
Suluk
Sabetan
Janturan
Antawacana
Pocapan
Kang kalebu unsur ekstrinsike teks crita wayang yaiku ...
Orientasi lan kahanan sosial
Piweling lan budaya
Latar wuri panguripane pengarang lan pandhangan hidhup pengarang
Kahanan sosial lan latar panggonan
tema lan alur
Wayang kang salah sijine nyritakake lelakone Jaka Kembang Kuning kaliyan Dewi Sekartaji yaiku diarani ...
Wayang kulit purwa
Wayang golek
Wayang Beber
Wayang wahyu
Wayang Madya
Bageyan struktur teks crita wayang sing nuduhake yen paraga ing crita wiwit ngalami prakara sing bakal dadi inti lan ndadekake aluring crita, diarani orientasi
Bener
Salah
Paraga ing pagelaran wayang, yakuwi ...
Dhalang, keprak, kelir, Gamelan
Dhalang, sindhen, gamelan, wayang
Dhalang, sindhen, niyaga, dhagelan
Dhalang, sindhen, niyaga, gamelan
Dhalang, sindhen, gamelan, limbukan
Perang Baratayuda tambah dina ora rampung, ananging tansaya sengit lan nggegirisi. Layone prajurit wor suh karo kunarpane para pangeran lan raja wadyabala Kurawa lan Pandhawa. Ana sing bisa dirukti, disuceni lan disampurnakake, nanging isih luwih akeh sing ora karukti. Ambu anyir ludirane para prajurit campur bawur bangere bathang kewan tunggangan. Aneng pakuwoning wadyabala Pandhawa, putra wayah Pandhu atetawang tangis amelas arsa, anggetuni sedane para pepundhene lan putra-putrane sing dadi bantening perang Baratayuda.
Pethikan kasebut yen katitik saka strukture kalebu bagean ...
Orientasi
Resolusi
Revolusi
Komplikasi
Koda
Ukara kang isine merlokake wangsulan utawa jawaban yaiku ukara ...
Pakon
Pangkon
Pitakon
Carita
Pawarta
"Prajurit. Ayo budhal ing glanggang payudan Tegal Kurusetra!"
Ukara ing ndhuwur kalebu ukara ...
Pitakon
Carita
Pawarta
Pakon
Langsung
"Sendika dhawuh, Kakangmas. Para mudha ingkang kula gladhi kaprajuritan sampun sami siyaga bela kaprawiran ing madyaning palagan."
Cuplikan ukara ing ndhuwur kalebu ukara ...
Pakon
Pitakon
Pawarta
Pangkon
Ukara ora langsung
Paraga kang dadi panyengkuyung paraga utama diarani paraga ...
Utama
Tritagonis
Protagonis
Antagonis
Figuran
Sudut pandang wong katelu nduweni titikan anane tembung ... sajrone crita.
Aku
Dheweke
Sampeyan
Kula
Kowe
Kanggo nemtokake watak watune paraga bisa dideleng saka, kejaba ...
Apa sing ditindakake paraga
Pocapan-pocapane paraga
Panggambaran fisik paraga dening pangripta
Panggambaran watak kanthi cara langsung dening pagripta
Katrangan langsung saka paraga liya
Gathotkaca kuwi satriya ing ppringgodani, putrane Werkudara karo Dewi Arimbi. Gathotkaca kaloka satriya otot kawat balung wesi, sungsum gegala, bisa mabur tanpa elar, turu kepenak ing angkasa. Gathotkaca satriya kang cukat trengginas, yen perang tandange kaya sikatan nyamber walang.
Pethilan paragrap ing ndhuwur kalebu tahapan alur bab ...
Tetepungan
Tumujuning perkara
Konflik
Klimaks
Perang
