NEW
Font size
WorksheetsREMIDI BAHASA JAWA KELAS 6
Total questions: 20
Worksheet time: 10mins
Jinise tembang macapat ana . . .
sewelas
pitu
wolu
sepuluh
samengko ingsun tutur,
sembah catur supaya lumuntur,
dhingin raga cipta jiwa rasa kaki,
ing kana lamun tinemu,
tandha nugrahaning Manon.
tembang ing dhuwur kalebu jenis tembang macapat apa?
sinom
pangkur
gambuh
durma
titikane tembang gambuh, yaiku ...
7u, 11o, 12i, 8o, 8u
7u, 10u, 12i, 8u, 8o
7u, 10u, 11i, 8u, 8o
7u, 12u, 11i, 8u, 8u
tembang kang nggambarake wong isih ana ing kandhutan ibune yaiku ...
dhandhanggula
kinanthi
sinom
maskumambang
tembang kang nggambarake pisahing antarane jiwa lan raga ...
megatruh
durma
dhandhanggula
pocung
Guru gatra yaiku .....
Tibane swara ing pungkasane gatra
Cacahe gatra saben sapada
Cacahe wanda saben sagatra
Tibane swara saben sawanda
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Tembang kasebut kedadean saka ... pada
1
4
5
6
PUCUNG
Urip bareng iku kudu guyub rukun
Ora nggolek perkara
Ngomong ya sing ati-ati
Aja nganti bubar gegara perkara
Pesen sing bisa dijupuk saka tembang kasebut yaiku ...
Yen urip kudu ngati-ati
Dadi wong kudu seneng tulung-tinulung
Dadi wong kudu seneng golek gegara
Yen urip iku kudu guyub rukun
Jinejer neng Wedhatama
Mrih tan kemba kakembeng ing pambudi
Mangka nadyan tuwa pikun
Yen tan mikani rasa
Yekti sepi asepa lir sepah samun
Samangsane pakumpulan
Gonyak-ganyuk nglelingsemi
Tembang macapat ing ndhuwur tuladhane tembang...
Dhandhanggula
Pangkur
Sinom
Kinanthi
Sing kalebu jinis tembang macapat yaiku .....
Maskumambang
Balabak
Citramengeng
Girisa
Tibane swara ing pungkasane gatra yaiku ...
Guru lagu
Guru wilangan
Guru swara
Guru basa
Bapak pucung amung sirah klawan gembung
Padha dikunjara
Mati sajroning ngaurip
Mijil baka sipucung dadi dahana
Wangsulan saka tembang kasebut yaiku ...
Geni
Gajah
Sepur
Penthol korek
Setitekna tembang ing ngisor iki !
Mingkar mingkuringangkara,
Akarana karenan mardi siwi,
Sinawung resmining kidung,
Sinuba sinukarta,
Mrih kertarta pakartining ngilmu luhung,
Kang tumrap wong tanah Jawa,
Agama ageme aji.
Tembang apa iki ?
Kinanthi
Pocung
Pangkur
dolanan
Ana pira cacahing gatra tembang pangkur?
songo
pitu
wolu
enem
Akarana karenan mardi siwi,
Tembung siwi tegese ... .
murid
anak/putra
bocah wadon
bocah
Gatra tembang sing unine:
Agama ageming aji
Pira lan kapriye guru wilangan lan guru lagune ?
8i
3i
8a
8ji
Setitekna tembang iki !
Bapak pucung,
saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutukira pan persagi,
Saben dina pucung nguntal buntutira.
Tembang apa iki ?
Pocung
Dhandhanggula
Megatruh
Pangkur
Setitekna tembang iki !
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutukira pan persagi,
Saben dina pucung nguntal buntutira.
Tembang ing ing nduwur satemene arupa ... .
lelucon
Cangkriman
pitutur
pasemon
Tembang kang nduweni watak sembrana parikena yaiku ...
pocung
pangkur
megatruh
sinom
Teks sing isi lan andharan ngajak-ajak, narik kawigatene liyan, lan ngyakinake wong sing maca kalebu teks ... .
eksposisi
deskripsi
narasi
persuasi
