wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PTS semester 1 (Bahasa Jawa)

Total questions: 40

Worksheet time: 2hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Puisi modern iku pada karo . . . .

a)

cangkriman

b)

geguritan

c)

pacelathon

d)

parikan

2.

wujude dialog, ukarane cekak aos/singkat, bahasa apik iku ciri-cirine . . . .

a)

geguritan

b)

pacelathon

c)

cangkriman

d)

parikan

3.

Babagan sing ora klebu kanggo nulis pacelathon yaiku . . . .

a)

Ekspresi

b)

nentokake tema

c)

golek info sing cocok karo tema

d)

ngembangake tema dadi ukara

4.

Pacelathon ibu marang bapak, adik marang kangmase. Nggunakake basa . . . .

a)

Ngoko lugu

b)

Ngoko alus

c)

krama lugu

d)

krama alus

5.

Puisi jawa gagrak anyar sing ora kaiket dening paugeran, nanging isih ngugemi rasa kaendahan, diarani . . . .

a)

pepindhan

b)

cangkriman

c)

geguritan

d)

pacelathon

6.

Babakan kan kudu digatekake maca pacelaton, kajaba . . . .

a)

Ekspresi

b)

vokal

c)

intonasi

d)

birama

7.

"Simbah durong ngombe kopi"

Ukara ing nduwur yen diowahi dadi basa krama yaiku . . . .

a)

Simbah dereng ngunjuk kopi

b)

Simbah durong ngunjuk kopi

c)

Simbah nembe ngunjuk kopi

d)

Simbah badhe ngombe kopi

8.

Ing ngisor iki tuladhane ngoko alus, kajaba . . . .

a)

kowe apa wis sinau?

b)

Bu Yuli tindak pasar tumbas gula

c)

Mbak Ani sesuk sore tindak Jakarta

d)

Simbah durong sare

9.

Salah sijine struktur teks geguritan yaiku ....

a)

Patrap

b)

Nyawiji

c)

Sarana

d)

Larik

10.

Wirama yaiku ....

a)

Kumpulan larik kang selaras

b)

Tujuane penulis gawe geguritan

c)

Endhek-dhuwur, cendak-dawa, utawa alus kasare swara seng diucapake

d)

Tembung seng ora sebenere

11.

Wong maca geguritan, sing paling apik yaiku ....

a)

Kanthi solah bawa lan patrape dhewe-dhewe

b)

Kanthi nuladha solah bawa lan patrape liyan

c)

Kanthi tanpa solah bawa lan patrap

d)

Kanthi solah bawa sing digawe-gawe

12.

Yen isine geguritan iku sedhih, polatane sing maca kudu ....

a)

Katon seneng supaya ngrungokake melu seneng

b)

Katon bungah supaya sing ngrungokake melu bahagia

c)

Katun nelangsa supaya sing ngrungokake melu nelangsa

d)

Katun sedhih supaya sing ngrungokake melu sedhih

13.

Kita kudu gemi energi supaya ora kentekan.

Tembung gemi tegese ....

a)

Awet

b)

Boros

c)

Utuh

d)

Irit

14.

pertamax, pertalite uga batubara mujudake energi kang asale saka ....

a)

omahan

b)

bumi

c)

manungsa

d)

pabrik

15.

Bapak: "Dar, kowe wis mangan?"

Darno: "...."

ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing nduwur yaiku ...

a)

inggih, pak sampun

b)

ya, pak wis.

c)

inggih, pak wis.

d)

ya, pak sampun

16.

Judul kang trep kanggo geguritan ing ngisor iki yaiku ....


Papanmu pinggir samodra

Gedhe labuhmu marang Negara

Baitha-baitha

Saben dina teko lungo

Padha lelayaran

Saka manca Negara

Teka ing nusantara

Para wiyasa mira

Nrajang ombaking samodra

Ora peduli angin gedhe

Ora peduli panasing srengenge

Tanjung Emas

Jenengmu cinatha sejarah

Nganggo mangsi retna

Prasasti saka karang jati

Dadi saksi Labuhmu marang nagari

a)

Gunung

b)

Pesawat

c)

Tanjung Emas

d)

Wayang

17.

Tembung kang tegese padha karo biyunge yaiku ....

a)

adine

b)

bapake

c)

kangmase

d)

ibune

18.

Mbah Marijan badhe tindak Jakarta nitih kreta. Pramila Mbah Marijan tindak dhateng ....

a)

stasiun

b)

pelabuhan

c)

bandara

d)

pasar

19.

Aku maca buku, yen Bapak .............. koran.

a)

Sare

b)

Siram

c)

Dahar

d)

Maos

20.

Geguritan ing basa Indonesia diarani........

a)

Cerita

b)

Dongeng

c)

Puisi

d)

Wacana

21.

Wong kang gaweane nggarap sawah diarani................

a)

Blantik

b)

Balandong

c)

Nelayan

d)

Tani

22.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Apa irah-irahane geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantingingsih

b)

Pahlawan

c)

Pahlawanku

d)

Karajang

23.

Pahlawanku

(R. Tantiningsih)


Pahlawanku

Wutahing ludirmu

Nyiram ibu pertiwi

Nadyan sang ibu

Kudu muwun sedhih

Karajang-rajang manahe

Karujit-rujit rasa pangrasane


Sapa kang nulis geguritan ing dhuwur?

a)

R. Tantiningsih

b)

R. Tanti

c)

R.A. Tantiningsih

d)

R.A. Kartini

24.

Kumpulan larik ing sak jrone geguritan diarani . . . .

a)

pada

b)

swara

c)

surara

d)

swasana

25.

Sapu Sada

(Dening: Astuti)

Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kabecikan

Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu

Crah agawe bubrah

Rukun agawe santosa

Guyub rukun kaya sapu sada


Irah-irahan geguritan ing dhuwur yaiku ....

a)

Guyub rukun

b)

Sapu sada

c)

Adiwiyata murih rahayu

d)

Jumat asri

26.

Yen isine geguritane bab semangat polatane sing maca kudu ....

a)

Lemes

b)

Sedih

c)

Teges

d)

Seneng

27.

Becike sing guyup ............. aja seneng congkrah.

a)

sayuk

b)

rukun

c)

repot

d)

padu

28.

Ibu tindak menyang pasar nitih microlet. Tembung nitih ngokone….

a)

Nunggang

b)

Nunut

c)

Numpak

d)

Melu

29.

Bocah-bocah lagi dolanan.........

a)

Bethengan

b)

Egrang

c)

delikan

d)

guyonan

30.

Sapu Sada

(Dening : Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kebecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Nalika maca geguritan, solah lan polatan kudu . . .

a)

Nelangsa

b)

seneng

c)

dislarasake

d)

endah

31.

''Cilik gedhe bagus ayu''tegese

a)

besar kecil gagah cantik

b)

gagah cantik

c)

laki-laki ,perempuan

d)

bisa bekerja sama

32.

Sapu Sada

(Dening : Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kebecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Pada (bait) ing puisi ana . . .

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

33.

Sapu Sada

(Dening : Astuti)


Jumat asri

Resik lan sehat

Cancut tali wanda

Nandur kebecikan


Cilik gedhe bagus ayu

Ora mung padha gumuyu

Ora tinggal glanggang colong playu

Tumuju adiwiyata murih rahayu


Larik ing puisi ana . . .

a)

papat

b)

enem

c)

wolu

d)

sepuluh

34.

Mas Bima tumbas layangan kertas.


Tembung tumbas basa ngokone dadi …

a)

beli

b)

tuku

c)

bali

d)

lagi

35.

Tembung kramane dina yaiku . . .

a)

dinten

b)

siyang

c)

dalu

d)

sonten

36.

Melebu omahe uwong ngucapake ... .

a)

matur nuwun

b)

kula nuwun

c)

tindak pundi

37.

Kanca


Ayo padha ngudi laku utama

Ngayahi pakaryan agung

Mbudidaya beciking pribadi

Ayo gelis sigra mbangun

Labuh nusa lan bangsa

Najan abot urip iki

Akeh krikil lan watu ngalang-alangi dalan

Serik tangis lan rasa kuciwa dadi

Pepalange laku

Aja dumeh lan aja keduwung


Kang dikarepake krikil lan watu ngalang-alangi dalan yaiku ... .

a)

kanca

b)

pacoban

c)

Ora duwe bandha

d)

wong liya

38.

ing ngisor iki sing jenenge Gong yaiku ....

a)
b)
c)
d)
39.

Thiwul iku di gwe saka....

a)

Tela

b)

Beras

c)

Jagung

d)

Tepung kanji

40.

Tembung asri tegese Padha Karo...

a)

Kerep

b)

Endah

c)

Rame

d)

Sepi