wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pre Tes Bahasa Jawa Wulangan 3

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Yen guru lagi nerangake aja seneng … karo kancane.

Tembung entar kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ….

a)

saur kethek

b)

saur manuk

c)

abab manuk

d)

kaya kethek

2.

Sing kalebu tembang saroja ing ngisor iki yakuwi ….

a)

idu geni

b)

entek atine

c)

andhap asor

d)

jembar segarane

3.

Urip ana ing kampung mono kudu tepung marang tangga ….

Tembung saroja kang trep kanggo njangkepi ukara ing dhuwur yaiku ....

a)

teparo

b)

tangga

c)

sedulur

d)

bocah

4.

Yen matur karo wong tuwa sing terus terang , aja ....

a)

ewuh kaweruh

b)

ewuh pakewuh

c)

ewuh kemeruh

d)

ewuh gemeruh

5.

Pak Karto kuwi priyayine pancen jembar segarane mulane bocah-bocah padha seneng marang Pak Karto. Tembung jembar segarane tegese ....

a)

cethil

b)

loma

c)

sabar

d)

medhit

6.

Tembung gotong royong kalebu tembung ....

a)

saroja

b)

entar

c)

camboran

d)

garba

7.

Sawise Pandhawa menang saka perang Baratayudha karo Kurawa, Pandhawa pindhah kraton menyang negara ....

a)

Ngalengka

b)

Ngastina

c)

Jodhipati

d)

Jodhipan

8.

Wwatake Raden Puntadewa lan adhi-adhine yaiku ....

a)

sekti mandraguna

b)

ngangsu kesakten

c)

ambeg drengki

d)

andhap asor

9.

Ing nghisor iki dudu kalebu Pandhawa lima, yaiku ....

a)

Yudha

b)

Puntadewa

c)

Sadewa

d)

Janaka

10.

Cacahe anak lanange Pandhudewanata yaiku ....

a)

lima

b)

sepuluh

c)

satus

d)

sewu

11.

Dewi Kunti kagungan putra cacahe ....

a)

loro

b)

telu

c)

papat

d)

lima

12.

Asmane garwane Prabu Pandhudewanata yaiku ....

a)

Dewi Arimbi

b)

Dewi Madrim

c)

Srikandi

d)

Subadra

13.

Prabu Pandhudewanata iku ratu ing Negara ....

a)

Candradimuka

b)

Ngalengkadiraja

c)

Ngastina

d)

Pancala

14.

Dewi Kunthi peputra telu lanang kabeh, kang pambayun asmane ....

a)

Raden Yudhistira

b)

Raden Werkudara

c)

Raden Harjuna

d)

Raden Janaka

15.

Putrane Dewi Kunthi kang nomer loro asmane ....

a)

Raden Bima Sena

b)

Raden Janaka

c)

Raden Sadewa

d)

Raden Nakula

16.

Putra Pandhu kang prigel lan pinter manah, uga putra katelu Pandhawa yaiku ....

a)

Sadewa

b)

Nakula

c)

Arjuna

d)

Bima

17.

Putra Padhu kang duwe watak wicaksana, adil, lan ambeg darma yaiku ....

a)

Puntadewa

b)

Bimasena

c)

Janaka

d)

Sadewa

18.

Ibune Raden Nakula lan Sadewa yaiku ....

a)

Dewi Durga

b)

Dewi Madrim

c)

Dewi Kunthi

d)

Subadra

19.

Putra Pandhu kang gedhe dhuwur, gagah prakosa, lan nduweni watak jujur yaiku ....

a)

Werkudara

b)

Puntadewa

c)

Arjuna

d)

Nakula

20.

Satriya kang sekti mandraguna, kondhang baguse, lan jejuluk lelananging jagad yaiku ....

a)

Sadewa

b)

Nakula

c)

Janaka

d)

Bima

21.

Putra Pandhu kang kembar yaiku ....

a)

Puntadewa lan Sadewa

b)

Bima Sena lan Nakula

c)

Bima lan Janaka

d)

Sadewa lan Nakula

22.

Tembung entar kang tegese nyambut gawe mempeng banget yaiku ....

a)

adus kringet

b)

lunyu ilate

c)

nggadho ati

d)

cancut taliwanda

23.

Tembung entar peteng jagade duwe teges ....

a)

mencla-mencle

b)

susah

c)

tandang gawe

d)

abang kupinge

24.

Sing diarani tembung entar yaiku ....

a)

lunga

b)

mangkat

c)

tembung sing tegese dudu salugune utawa sabenere

d)

silihan

25.

Sanajan kowe duwe bondho akeh, aja gedhe endhase. Tembung entar gedhe endhase duwe teges yaiku ....

a)

sombong

b)

seneng omong

c)

ndhase gedhe

d)

prihatin

26.

Tembung entar kang tegese seneng omong lan criwis yaiku ....

a)

klambi tipis

b)

lambe tipis

c)

dawa ususe

d)

dawa tangane

27.

Tembung entar dawa tangane duwe teges ....

a)

prihatin

b)

mangan kudu sarwa enak

c)

seneng colong jupuk

d)

sabar

28.

Tembung kang kedadeyan saka rong tembung sing tegese bisa mbangetake, kosok balen, lanang wadon yaiku ....

a)

tembung saroja

b)

tembung camboran

c)

tembung entar

d)

tembung kawi

29.

Tembung camboran kang kedadeyan saka rong tembung utawa luwih ning tegese mung siji yaiku tembung ....

a)

saroja

b)

camboran

c)

camboran tugel

d)

entar

30.

Tembung bangjo saka tembung ....

a)

abang bojo

b)

abang ijo

c)

abang bongkot

d)

ibu ijo

31.

Bulik tindak menyang pasar. Tembung bulik saka tembung ....

a)

ibu cilik

b)

ibu paklik

c)

ibu kulit

d)

ibu tutik

32.

Tembung kanca lan dhewe yen dadi tembung camboran tugel dadi ....

a)

cobek

b)

cowe

c)

cowek

d)

cawe

33.

Adit yen diutus ibu mesthi njawab kosik. Tembung kosik saka tembung ....

a)

mengko sik

b)

mengko dhisik

c)

ojo dhisik

d)

takon dhisik

34.

Tembung kotcuk saka tembung ....

a)

pucuk krokot

b)

kecokot ing pucuk

c)

bongkot pucuk

d)

nyokot pucuk

35.

Anjasmara kae saiki dhegus. Tembung camboran dhegus saka tembung ...

a)

budhene agus

b)

gedhe agus

c)

adhik bagus

d)

gedhe bagus

36.

Basa jawa kuna kang biasanae dienggo dening para dhalang sing lagi ndalang diarani ....

a)

tembung kuna

b)

tembung kawi

c)

tembung saroja

d)

tembung camboran

37.

Tembung kawi kang tegese tunggal yaiku ....

a)

Esa

b)

Eka

c)

Eksi

d)

Driya

38.

Tembung kawi dwija duwe teges ....

a)

guru

b)

loro

c)

ora

d)

sepuluh

39.

Tembung kawi kang duwe teges papat yaiku ....

a)

caraka

b)

catur

c)

cidra

d)

cipta

40.

Tembung saroja arum wangi duwe teges ....

a)

apik banget

b)

sarwa wangi

c)

mantra warna warna

d)

wangi banget