wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA KD 3.2 KELAS 6

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Kanggo pitakon no 1-15 !

Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki!

Kinanti

Padha gulungen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

ing kaprawiran den kaesthi,

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling.


Dadia lakunireku,

cegah dhahar lan guling,

lan aja sukan-sukan,

anganggoa sawatawis,

ala watake wong suka,

nyuda prayitnaning batin.


Yen wis tinitah wong agung,

aja sira nggunggung dhiri,

aja leket lan wong ala,

kang ala lakunireki,

nora wurung ajak-ajak,

satemah anelulari.


  1. Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....
a)

a. kinanthi

b)

b. pucung

c)

c. asmarandana

d)

d. maskumambang

2.

1. Wacana tembang Macapat ing dhuwur dumadi saka ... pada.

a)

a. 1

b)

b. 2

c)

c. 3

d)

d. 4

3.

3. Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.

a)

a. 3

b)

b. 4

c)

c. 5

d)

d. 6

4.

4. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....


a)

a. biasa

b)

b. kulina

c)

c. pinter

d)

d. trampil

5.

5. Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....

a)

a. mangan karo turu

b)

b. mangan karo ngombe

c)

c. mangan karo sinau

d)

d. mangan lan dolanan

6.

6. Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....

a)

a. sembrana

b)

b. temen

c)

c. sabisane

d)

d. sakarepe

7.

7. Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut, yaiku ....

a)

a. dadi wong iku santai wae

b)

b. wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup

c)

c. dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup

d)

d. wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake mangan lan turu

8.

8. Tegese ukara " Dadia lakunireku lan aja sukan-sukan" ing pada 2 wacana kasebut, yaiku dadi wong iku aja mung urip ....

a)

a. sedhih

b)

b. susah

c)

c. prasaja

d)

d. seneng-seneng

9.

9. Tegese ukara “ Yen wis tinitah wong agung” ing pada 3 wacana kasebut, yaiku yen wis ditakdirake dadi ....

a)

a. wong gedhe

b)

b. wong cilik

c)

c. wong mlarat

d)

d. wong apik

10.

10. Tegese tetembungan " nggunggung dhiri " ing pada 3 wacana kasebut, yaiku ....

a)

a. pinter

b)

b. wasis

c)

c. sombong

d)

d. prasaja

11.

11. Paugeran(aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....

a)

a. guru gatra

b)

b. guru wilangan

c)

c. guru lagu

d)

d. guru sastra

12.

12. Cacahe gatra(baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....

a)

a. guru basa

b)

b. guru sastra

c)

c. guru gatra

d)

d. guru wilangan

13.

13. Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....

a)

a. guru sastra

b)

b. guru gatra

c)

c. guru lagu

d)

d. guru wilangan

14.

14. Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....

a)

a. guru gatra

b)

b. guru wilangan

c)

c. guru lagu

d)

d. guru sastra

15.

15. Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....

a)

a. kudu apal isine geguritan

b)

b. kudu nggatekake pocapan lan wiramane

c)

c. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep

d)

d. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake

16.

16.Wit gedhang arane (a)  

17.

17.Isine asem arane (a)  

18.

18.Godhong asem arane (a)  

19.

19.Witing jagung, mas, yen ... kudu dietung.

(a)  

20.

20.Roning mlinjo,sampun sayah nyuwun (a)