NEW
Font size
WorksheetsKuis
Total questions: 40
Worksheet time: 21mins
Unen-unen ajeg panganggone tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane
A. Paribasan
B. Cangkriman
C. Saloka
D. bebasan
E. Sastra
becik ketitik ala ketara tegese...
A. Golek wektu kang becik.
B. Tumindak ala lan becik iku bakal ketara
C. Ora ngrungokake omongan
D. Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak
E. Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka
Busuk ketekuk pinter keblinger tegese....
A. Golek wektu kang becik
B. Tumindak ala lan becik iku bakal ketara
C. Ora ngrungokake omongan
D. Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak
E. Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu cilaka
4. Anak polah bapa kepradhah tegese.....
A. Golek wektu kang becik
B. Tumindak ala lan becik iku bakal ketara
C. Ora ngrungokake omongan
D. Wong tuwa bakal ngrasakake tumindhake anak
E. Sing bodho lan sing pinter padha dene nemu
cilaka
Unen-unen ajeg wonge yaiku
panganggone ngemu
surasa pepindhan kang dipindahake?
A. paribasan
B. cangkriman
C. saloka
D. bebasan
E. sastra
7. Tumbu oleh tutup, tegese....
A. Dipercaya malah gawe rusak
B. Mungsuh wong sih isih sanak sedulur
C. Wis cocog banget
D. Rampung saka dayane dhewe
E. Wong sing kumudu-kudu ditakoni
6. Palang mangan tandur, tegese....
Dipercaya malah gawe rusak
Mungsuh wong sih isih sanak sedulur
Wis cocok banget
Rampung saka dayane dhewe
Wong sing kumudu-kudu ditakoni
8. Unen-unen utawa tetembung sing kudu dibatang utawa dibedhek maksude yaiku
paribasan
cangkriman
saloka
bebasan
sastra
9. Pitik walik saba kebon, arane.....
nanas
salak
Pring
ringin
kates
10. Ora mudhun-mudhun yen ora nggawa mrica sakanthong, arane.....
nanas
Salak
Pring
Ringin
Kates
11. Susastra/sastra utawa anggitan/ karangan kang kaiket dening guru lagu, guru
wilangan, lan guru gatra yaiku...
parikan
purwakanthi
tembung
Tembang
Geguritan
12. Tembung entar yaiku tembung kang tegese ora kaya makna salugune. Ing ngisor iki sing kalebu tembung entar yaiku ....
Abang kupinge
Pitik walik, jambu wulung
Ngetan, bali ngulon
Uwong urip ora gampang, mula padha ati-ati
Tresna Asih
13. Runtute swara ing ukara, wanda utawa tembung kang kapisan nggandheng wanda utawa tembung ing saburine....
parikan
purwakanthi
tembung
tembang
geguritan
14. Wohing susastra kang basane cekak, mentes lan endah yaiku.....
parikan
purwakanthi
tembung
tembang
geguritan
15. Dhek jaman biyen ing sawijining desa, ana sawijining ibu kang urip ijen. Dening wong-wong desane ibu iku diundang kanthi jeneng Mbok Randha. Mbok Randha iku wis suwe ditinggal mati dening sisihane. Mbok Randha iku ora duwe anak lan sedulur liyane. Saben dina Mbok Randha iku tansah memuji lan dedonga marang Gusti Kang Murbeng Dumadi, amrih diparingi anak saengga dheweke ora urip ijen maneh. Nilai luhur ing pethikan crita kasebut yaitu.....
Nilai religius
Nilai sosial
Nilai paseduluran
Nilai kerukunan
Nilai keadilan
16. Para kadang tani, ora sah bingung yen arep nenandur "Pari Unggul". Gampang golek-golekane lan gampang nandure. Pak Tani tak aturi mundhut Winih Pari Unggul ing toko "Tani Makmur". Toko "Tani Makmur" alamat Jl. Kapten Mulyadi, Karanganyar. Telp 0271-733 352. Sepisan malih mangga para miyarsa kula aturi tindak ing toko Tani Makmur" mundhut wiji pari unggulan. Para Tani mesthi makmur. Pariwara kasebut nawakake....
winih jagung
winih pelem
winih pari
winih lombok
winih dhele
17. Kakang Dasamuka, aku ora arep perang. Aku wegah memungsuhan karo Prabu Rama. Aku suthik ngrewangi tekadmu kang murang tata. Elinga
kakang, mumpung durung kebacut, balekna Dewi Sinta ya kakang".
Miturut pacelathon ing dhuwur iku kalebu seni pertujukan
Kethoprak
Sandiwara
Ludruk
Wayang
Lenong
18. KINANTHI
Mangka kanthining tumuwuh
Salami mung awas eling
Eling lukitaning alam Dadi wiryaning dumadi
Supadi nir ing sangsaya
Yeku pangreksaning urip Paugeran tembang ing dhuwur yaiku .....
gatra: 7: wilangan: 8,11,8.7.12,8,8: lagu: u.i.a.i.a.i.i
gatra: 7: wilangan: 8.8.8.8.8.8.8: lagu: u.i.a.i.a.a.i
gatra: 7: wilangan: 8.11.8,7,12,8,8: lagu:
u.i.a.i.a.u.i
gatra: 6; wilangan: 8,8,8,8,8,8: lagu: u.i.a.i.a.i
gatra: 6; wilangan: 8.11.8.7.12.8: lagu: u.i.a.i.a.i
19. Perangan busana jawa kang fungsine kanggo nutup sirah. Kang umume digawe saka kain bathik lan digunakake dening priya. Ing tlatah Jawa akeh jinise, ana model Solo, Surabayan, Jogja, Banyumasan, Sunda, Kedu. Isp. Perangan kasebut minangka sawijining busana kang digunakake supaya rambute wong lanang ing jaman semono akeh kang gondrong bisa sinawang katon rapi. Perangan busana Jawa kang jumbuh karo pratelan
ing dhuwur yaiku ....
Blangkon
Dhestar
Beskap
Keris
Kebaya
20. Jrone nuturi anak putune, Budaya Jawa iku migunakake kang diarani pituduh lan wewaler. Pituduh iku dikon nglakoni dene wewaler pamenging supaya disingkiri utawa ora dilakoni. Salah sijine wewaler yaiku ora kenal nglangkahi gamelan, ukara ing ngisor iki kang ora jumbuh karo wewaler kasebut yaiku
Amarga gamelan iku keramat, yen dilangkahi marai kuwalat
Piwulang babagan tatakrama supaya tumindak kang sopan lan santun
Gamelan iku budayane bangsa, yen ora awake dhewe kang ngajeni banjur sapa maneh.
Ora kena dilangkahi supaya ora kesandhung, jalaran menawa nganti kesandhung mbebayani.
Isi piwulang awujud tumindak, dadi ora mung bisa prentah nanging uga bisa nyontoni/aweh tuladha langsung
21
Roti Pungkasan
Pak Bahri iku wong sugih sing dermawan. Dheweke seneng tetulung. Pitulungan sing diwenehake kala-kala arupa dhuwit. barang, utawa panganan. Kanggo mbangun papan ngibadah utawa dalan, Pak Bahri uga kerep nyumbang bahan bangunan arupa watu, wedhi, kapur, lan semen. Menyang wong ngemis. Pak Bahri menehi bantuan arupa panganan. Para pelayane kerep diperentahake ngladeni wong ngemis ing omahe. Sawijining wektu dhaerahe Pak Bahri ketekan mangsa ketiga dawa. Tanduran padha garing utawa mati. Lemah-lemah nela amba. Akeh pendhudhuk kentekan pasedhiyan panganan. Pak Bahri pengin nulung para pendhudhuk. "la kok bisa ana ali-ali jroning roti iki? Pitakone ibune kanthi swara lirih," ali
ali iki endah banget." "banjur ali-ali iki arep kokapakake?"
"ya takbalekake menyang sing duwe, Bu. Awake dhewe ora duwe hak nganggo ali-ali iki, kandhane Halimah. Dumadakan Pak Bahri lan pembantune jedul ing ruwangan iku. Halimah lan ibune mesti bae rada kaget. "kowe duwe hak nganggo ali-ali iku,' kandhane Pak Bahri mesem," ali-ali iku pancen sengaja takseleh ing sajroning roti. Aku pengin nguji kejujuranmu. Pranyata kowe pancen bocah sing jujur. Minangka hadhiyahe, nggonen ali-ali iku."
"matur nuwun. Pak," kandhane Halimah.
Kapethik Saka: Panjebar Semangat No.2/2001
Piwulang saka cerkak ing dhuwur ngenani tumindak becik kang prelu ditiru yaiku.....
Seneng tetulung marang sopo wae
Seneng kekancan
Seneng tilik kanca kang lara
Seneng urmat wong tuwane kanca
Seneng ngina kanca
22. Bahan gamelan sing becik digawe saka......
Emas
perunggu
kaca
aluminium
Kawat
23. Tukang nglakokake lakon wayang yaiku ....
waranggana
niyaga
dhalang
Lakon
Artis
2. Nang ngisor iki anggota punakawan, kajaba ....
Semar
Gareng
Petruk
bagong
Mbilung
25. "kowe kudu sing sregep sinau", dawuhe ibu
ukara ing dhuwur kasebut ukara
crita
tanggap
panjaluk
kandha
tanduk
26. Tembang jawa sing kalebu tembang macapat yaiku.....
pucung
citramengeng
jurudemung
kusumastuti
girisa
27. Budhe nyapu latar mau esok
Ukara ing nduwur sing termasuk keterangan wayah yaiku
budhe
Mau esuk
nyapu
latar
disapu
28. Adhik kesandhung watu ing ratan Ukara ing dhuwur wasesane yaiku
adhik
Adhik kesandhung
kesandhung
watu
Ing ratan
29. Ukara kang jejere nandhang utawa ketaman dening penggawene lesan kasebut ukara...
crita
tanggap
panjaluk
kandha
tanduk
30. Paljo nemokake teknologi tepat guna telung taun kepungkur.
Ukara kasebut nggunakake katrangan
wayah
wewatesan
panggonan
asal
wates
31. Andin kelangan sepatu ing sekolahan esuk mau Ukara kasebut yen diudhal kalungguhane dadi....
Jejer-wasesa-lesan- katrangan wayah- katrangan panggonan
Jejer-wasesa-geganep- katrangan wayah- katrangan panggonan
Jejer-wasesa-lesan-katrangan panggonan-katrangan wayah
Jejer-wasesa-geganep-katrangan panggonan-katrangan wayah
Jejer-wasesa-lesan-katrangan panggonan
32. Ngoko lugu: Mario arep lunga menyang Trenggalek numpak sepedhah motor Krama lugu:
Mario arep lunga menyang Trenggalek numpak sepedhah motor
Mario arep kesah menyang Trenggalek numpak sepedhah motor
Mario arep lunga dhateng Trenggalek numpak sepedhah motor
Mario badhe lunga datheng Trenggalek numpak sepedhah motor
Mario badhe kesah datheng Trenggalek numpak sepedhah motor
33. SUN NGGEGURIT Jati
Watake wong kampung
Satiti angati-ati
Wani gawe wedi judi
Tresna mring janmi sesami
Bawa leksana berbudi
Lega lila trusing budi
Tuhu mring sakeh janji
Bekti ing Gusti Hyang Widi
Kapethik saka: Adi Triyono, antologi Puisi Jawa Modern,
1985
Lega lila trusing budi..
Tembung kang dicithak kandel ing ndhuwur nduweni teges kang padha karo tembung....
Suci
Nyata
Ikhlas
Pracaya
Kasembadan
34. Manuk emprit nucuk pari......
Jangkepana parikan ing dhuwur!
Dadi murid bukune keri
Melu kowe ora kepenak
Ketoke cilik jebule babon
Ngenyek, aja banget-banget
Dilirik, wadul mring kakung
35. PANGKUR
Mingkar mingkuring angkara
Akarana karenan mardi siwi Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarta
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah Jawa Agama ageming aji Tembang pangkur ing dhuwur duweni watak.....
Sedih
sekepenake
Mituturi
Antepan ati
Tresna Asih
36. Sinom
Nulada laku utama,
Tumrape wong Tanah Jawi.
Wong agung ing Ngeksiganda,
Panembahan Senopati,
Kepati amarsudi.
Sudane hawa lan nepsu,
Pinepsu tapa brata, Tanapi ing siyang ratri.
Amemangun karyenak tyasing sesama.
Miturut tembang sinom ing
ndhuwur, tumindak becik kang patut
dituladhani saka Panembahan Senapati yaiku .....
Tansah gawe susah wong liya
Ngupaya nyuda hawa nepsu kang ora becik
Kalakone panggayuh iku kudu seneng sinau
Nyonto tumindak kang ala
Urip kudu bisa nuruti hawa lan nepsu
37. Pak, panjenengan mangke menapa tamtu tindak dhateng kantor?
Ukara ing dhuwur kalebu basa.…......
Krama inggil
krama lugu
Ngoko
ngoko lugu
Ngoko alus
38. Kosok balen saka tembung ageng yaiku ....
Asat
ala
arang
Alit
Akas
39. Kosok balen saka tembung becik yaiku ......
Aset
Ala
Arang
Alit
Akas
40. Kosok balen saka tembung alon yaiku .....
Asat
Ala
Arang
Alit
Akas
