wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN BAB 3 OMAH JOGLO WUJUD PASRAWUNGAN LAN MAD SINAMADAN

Total questions: 20

Worksheet time: 25mins

Name
Class
Date
1.

Ana ing omah-omahan Jawa, papan sing biasa digunakake kanggo panggonan sepedha lan dodolan diarani .... (berjualan atau memarkirkan sepeda)

a)

Panyelak

b)

Gedhongan

c)

Pagang pe

d)

Panggang pe

2.

Bangunan omah kampung sing digawe saka 2 kejen lan 2 empyak, diarani ?

a)

Joglo

b)

Limasan

c)

Omah kampung

d)

Jebugan

3.

Joglo iku akronim saka tembung ......

a)

Tajug Mulo

b)

Tajug Molo

c)

Tajug Solo

d)

Tajug Loro

4.

Tajug yaiku ....

a)

Papan panggonan khusus ibadah sing perangan pucuk dhuwure utawa pucukan atap utawa gendhenge kotak, lan bentukke mengisor (menjulang kebawah).

b)

Papan panggonan khusus ibadah sing perangan pucuk dhuwure utawa pucukan atap utawa gendhenge lancip, lan bentukke mendhuwur (menjulang keatas).

c)

Papan panggonan kandang jaran sing perangan pucuk dhuwure utawa pucukan atap utawa gendhenge lancip, lan bentukke mendhuwur (menjulang keatas).

d)

Papan panggonan dodolan sing perangan pucuk dhuwure utawa pucukan atap utawa gendhenge lancip, lan bentukke mendhuwur (menjulang keatas).

5.

Endi urutan sing bener saka omah Joglo ?

a)

Joglo bujung, Joglo lawakan, Joglo panyelak, Joglo ageng, lan Joglo lambang gantung.

b)

Joglo jebugan, Joglo sinom, Joglo panyelak, Joglo ageng, lan Joglo lambang gantung.

c)

Joglo jebugan, Joglo lawakan, Joglo sinom, Joglo paningrat, lan Joglo lambang gantung.

d)

Joglo jebugan, Joglo lawakan, Joglo sinom, Joglo ageng, lan Joglo lambang gantung.

6.

Omah joglo sing miturut wong Jawa kasebut awisan (larangan) yaiku ora kena dibangun sembarang wong yaiku diarani ......

a)

Joglo Lambang sari

b)

Joglo Lambang gantung

c)

Joglo Trajumas

d)

Joglo Ageng

7.

Ana ing perangan dhuwur iku diarani ?

a)

Gerbang

b)

Regol

c)

Seketheng

d)

Lawangan

8.

Perangan ing ngisor iki sing ana ing Pelataran ngarep omah Joglo yaiku ......

a)

Sumur sisih tengen, senthong sisah ngarep, gedhongan kandhang jaran sisih kiwa.

b)

Sumur sisih tengen, langgar sisih tengen, gedhongan kandhang jaran sisih kiwa.

c)

Sumur sisih tengen, langgar sisih kiwa, gedhongan kandhang jaran sisih kiwa.

d)

Sumur sisih tengen, langgar sisih tengen, seketheng sisih kiwa.

9.

Papan kanggo nyimpen lan nonton pagelaran wayang kulit arane ?

a)

Pendopo

b)

Pringgitan

c)

Pelataran

d)

Longkangan

10.

Dalem ageng kasusun saka 3 senthong sing gunane kanggo ?

a)

Senthong tengen kanggo papan keris lan alat pertanian, senthong tengah kanggo turu sing duwe omah, lan senthong kiwa kanggo wadah pari.

b)

Senthong tengen kanggo turu sing suwe omah, senthong tengah kanggo putri, lan senthong kiwa kanggo putra.

c)

Senthong tengen kanggo papan turu sing duwe omah, senthong tengah wadah pari, lan senthong kiwa kanggo papan keris lan alat pertanian.

d)

Senthong tengen kanggo putri, senthong tengah apan turu sing duwe omah, lan senthong kiwa kanggo putra.

11.

Papan sing miturut gunane kanggo leren lan mangan sing duwe omah diarani ?

a)

Gandok

b)

Pawon

c)

Longkangan

d)

Gandri

12.

Pekiwan yaitu papan sing ana ing mburi omah sakburine Pawon, amarga ?

a)

Pekiwan yaiku jumblengan sing kanggone geguwak dening wong jaman kuna. Papane reget lan mambu dadi ora sopan yen diwenehna dadi siji ana ing dalem ageng.

b)

Pekiwan yaiku papan kanggo masak mula reget amarga wong kuna yen masak nganggo pawon.

c)

Pekiwan yaiku papan kanggo papan leren lan mangan.

d)

Pekiwan yaiku papan kanggo wadah sato kewan sing duwe omah.

13.

Omah joglo duweni ciri khas yaiku nalika pendopo lan pringgitan dadi siji, omah joglo duweni bangunan cilik ana ing sisih ngarep kanggo kendaraan kreta sing duwe omah iku diarani apa ?

a)

Gandhongan

b)

Kuncungan

c)

Panggape

d)

Langgar

14.

Kayu sing miturut gunane kanggo nyangga konstruksi atap utawa gendheng arane .....

a)

Saka

b)

Blandar

c)

Balok

d)

Papan

15.

Pira cacahe saka guru ana ing omah Joglo Trajumas ?

a)

10

b)

4

c)

8

d)

6

16.

Saka guru miturut gunane kanggo nyangga blandar, blandar sing bentuke persegi panjang. Yen bujur sangkar utawa kotak diarani tajug. Blandar dawa lan cendak itu diarani ?

a)

Blandar panyelak lan pamanjang

b)

Blandar pamanjang lan paningrat

c)

Blandar lar-laran lan ler-leran

d)

Blandar pamanjang lan panyelak

17.

Balok dawa lan cendhak sing dilebokake ana ing saka guru arane ?

a)

Sundhuk peningrat lan sundhuk panyelak

b)

Sundhuk pamanjang lan sundhuk panyelak

c)

Sundhuk pamanjang lan sundhuk paningrat

d)

Sundhuk panyelak lan sundhuk lar-laran

18.

.......... yaiku kasusun saka blandar pamanjang lan blandar panyelak (pundak).

a)

Tumpangsari

b)

Lar-laran

c)

Pamidhangan

d)

Singkup

19.

Blandar sing ana ing dhuwure pamidhangan diarani .....

a)

Tumpangan

b)

Tumpang tindih

c)

Terasering

d)

Tumpang sari

20.

Jumlah blandar sing disusun ana ing tumpang sari itu nuduhake ....... sing duwe omah.

a)

Drajat utawa status sosial

b)

Kasugihan

c)

Kekarepan

d)

Kaendahan