NEW
Font size
WorksheetsUlangan Harian Bab Pawarta Basa Jawa
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Pawarta ingkang nembe kedadosan, taksih anget, taksih rame dados pirembagan tiyang kathah kalebet sipatipun pawarta ingkang sae inggih menika...
faktual
objektif
lugas
aktual
jangkep
Seratan pawartos kedah adhedhasar kadadosan ingkang nyata, boten dipundamel-damel. Bab menika kalebet sifatipun pawartos ingkang sae inggih menika...
faktual
aktual
objektif
publisitas
narik kawigatosan
Tiyang ingkang padamelanipun pados pawarta dipunsebat....
presenter
reporter
wartawan
host
penyiar
Pawartos ingkang boten saged dipuntentokaken wedal saha panggenanipun kados ta kecilakan, bencana. Kalebet ing jinisipun pawartos...
pawartos ekonomi
pawartos cariyos
pawartos ndinan
pawartos budaya
pawartos dadakan
Pawartos ingkang boten winatesan wedal lan panggenanipun kados ta pawartos bab kuliner, budaya, wisata kalebet ing jinisipun pawartos...
pawartos dadakan
pawartos cariyos
pawartos agama
pawartos ndinan
pawartos ekonomi
Para pamirsa, sugeng pepanggihan kaliyan kula Ardini Prameswari ing giyaran pawartos Ngayogyakarta. Wekdal menika pawartos badhe mbabar warta ingkang dumados wonten ing wewengkon Ngayogyakarta sakiwa tengenipun. Kasuwun tetepa ...... pawartos basa Jawi dalu menika.
Tembung ingkang trep kangge njangkepi reroncen teks pawartos ing nginggil inggih menika...
nyawiji
nengga
niti
midhangetaken
nglenggahi
Ingkang boten kalebet sumber sekunder pawartos inggih menika...
siaran pers
media cetak
wawancara langsung ing lapangan
internet
media elektronik
Bab wigati ing pawarta saged karingkes kanthi pitakenan ....
menapa, sinten, pinten, kapan, wonten pundi, kenging menapa
sinten, wonten pundi, kapan, jam pinten, kaliyan sinten
sinten, menapa, kenging menapa, kapan, wonten pundi, jam pinten
menapa, sinten, kapan, wonten pundi, kenging menapa, kados pundi
menapa, sinten, pinten, wonten pundi, kenging menapa, kados pundi
Ing ngandhap menika bab-bab ingkang kedah dipungatosaken nalika maos pawarta, kajawi...
intonasi kedah trep
paningal ndhingkluk kemawon
vokal trep kaliyan artikulasi
nyingkirke dialeg
ekspresi sumeh
Struktur sesorah ingkang isinipun nggambaraken ringkesanipun pawartos, limrahipun kacithak kandel ing sangandhapipun sesirah kasebat...
headline
sumber
isi (body)
gambar
lead
