WorksheetsNILAI PENGGANTI BAHASA JAWA KELAS 7
Total questions: 10
Worksheet time: 13mins
Lagu-lagu utawa tembang Jawa sing carane nggarap, carane ngarang, lan carane mainake sarana dimodifikasi dijumbuhake karo kemajuwane jaman diarani tembang....
klasik
kenangan
kreasi anyar
Gending langgam
Tembang kreasi anyar kuwi nuruti kesenengane para pandhemen, supaya lagu-lagu Jawa bisa disenengi dening sapa wae. Ing ngisor iki seng kelebu tembang kreasi anyar yaiku....
Tembang “Prau Layar” lan tembang tengahan
Tembang gedhe lan lan tembang macapat
Tembang macapat lan tembang “Kangen”
Tembang “Kangen” lan “Sewu Kutha”
Turi-turi putih, suwe ora jamu, buta galak, jamuran, ilir-ilir, swara suling. Iki kelebu tembang kreasi anyar yaiku wujude campursari tembang....
Sekar gendhing
Langgam
Macapat
Dolanan
Gatekna tembang-tembang ing ngisor iki!
1. Turi-turi putih
2. suwe ora jamu
3. buta galak
4. jamuran
5. ilir-ilir
6. swara suling.
Tembang ing nduwur kelebu tembang kreasi anyar yaiku wujude campursari tembang....
Dolanan
Macapat
Langgam
Sekar gendhing
Ing tembang campursari ana instrumen kang ngirigi yaiku gabungan antarane pentatonis lan diatonis. Ing ngisor iki sing kelebu instrumen pentatonis yaiku....
Gitar, biola, drum
Kendang, gong, suling
Suling, biola, slenthem
Keyboard, bas guitar, organ
Strukture tembang kreasi anyar kuwi ora ana struktur kang dadi pathokan, sifate bebas, nanging amarga wujud tembang kudu nduweni titi laras lan cakepan. Sing diarani cakepan yaiku....
Syair tembang
Tangga nada
Notasi
Swara
Tembang kreasi migunakake pilihan tembung kang mirunggan, runtut swara, sastra, lan basane, saengga krasa enak lan kepenak yen dirungu. Pangrakite tetembung kang kaya mankono diarani....
Basa rinengga
Purwakanthi
Titi laras
Cakepan
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Sewu kutha uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Padha ra ngerteni
Lungamu ing ngendi
Pirang taun aku nggoleki
Saprene durong bisa nemoni
Gatra kang ana jroning tembang ing nduwur iku akehe ana (a)
Gatekna cakepane tembang ing ngisor iki!
Yo pra kanca dolanan ing njaba,
Padhang mbulan padhange kaya rina,
rembulane kang ngawe-awe,
ngelikake aja turu soore-sore
tegese tembung “rina” jroning tembang ing nduwur yaiku (a)
Gatekna tembang ing ngisor iki!
Lir-ilir tandure wus sumilir
Kang ijo royo-royo tak sengguh penganten anyar
Bocah angon penekna blimbing kuwi
Lunyu-lunyu penekna kanggo masuh dodot ira
Dodot ira kumitir bedhah ing pinggir
Domana jlumatana kanggo seba mengko sore
Mumpung gedhe rembulane
Mumpung jembar kalangane
Ya suraka, surak hore
Pira gatrane tembang ing duwur?
(a)
