Font size
WorksheetsULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS 7
Total questions: 20
Worksheet time: 5hrs 0mins
Karangan sing nyritakake sawijining kedadeyan kanthi runtut jumbuh karo urut-urutan dumadine utawa kelakone, diarani.....
Prastawa
Narasi
Eksposisi
Deskripsi
Wacana narasi kuwi akeh titikane, kaya ing ngisor iki. Kajaba....
Anane tandang gawe
Ana lakune crita
Migunake basa rinengga
Ana punjere crita
Narasi sing luwih mentingake piwulange , basa sing digunakake ora m ung wantah, nanging basane uga konotatif saengga luwih katon ing pangangen-angen tumrap sing maca, diarani.....
Dongeng
Cerkak
Narasi Ekspositoris
Narasi Sugestif
Sekawit langite padhang ndhrandhang weruh-weruh dadi peteng ndhedhet lelimengan. Saka pethilan crita kasebut tembung sing kalebu ing tembung saroja yaiku....
Sekawit
Padhang ndhradhang
eruh-weruh
Lelimengan
Tembung loro sing tegese padha utawa meh padha dienggo bebarengan, lumrahe nduweni teges mbangetak e kuwi diarani....
Tembung saroja
Tembung entar
Tembung garba
Tembung plutan
Tembang Pangkur dhek jaman biyen ana punggawa ing kapandhitan arane Pangkur kaya sing kasebut ing sajrone serat….
Wedhatama
Wulangreh
Purwaukara
Panitisastra
Iku wong durbala murka,
Nora nana mareme jroning ati
Sabarang karepanipun
Sanadyan wus katekan
Arep maneh nora marem saya mbanjur
Luwamah lawan amarah
Iku kang den tut wuri
Apa isi tembang Pangkur ing dhuwur?
Wong murka iku atine ora nduwe rasa seneng mung tansah sedhih wae
Wong urip seneng nuruti hawa nepsu sing ora cetha
Wong murka iku atine atos lan senenge arep nesu-nesu saben dinane
Wong murka iku atine ora duwe rasa marem mung tansah nuruti hawa nepsu
Supaya gampang anggone ngerteni isine tembang macapat becike tembang kasebut digawe….
unen-unen
paraphrase/gancaran
pisah-pisah gatrane
tegese
Deduga lawan prayoga
myang watara reringa aywa lali
iku parabot satuhu
tan kena tininggala
tangi lungguh, angadeg tuwin lumaku
angucap meneng anendra
duga-duga nora kari
Guru wilangan lan guru lagu gatra kaping lima tembang Pangkur ing dhuwur yaiku….
12u
12a
11u
11a
Tibaning swara ing pungkasaning gatra, diarani….
Guru gatra
Guru wilangan
Guru lagu
Guru sastra
Gaweya ukara nganggo tembung saroja ing ngisor iki:
a. Ayem tentrem
b. Sekti mandraguna
Coba goleki tuladha wacan sing kalebu ing narasi sugestif!
Nganti meh telung dina pasar sacedhake desaku sepi, ora ana sing dodol. Kios-kios padha rubuh. Pasar-pasar liyane uga ora beda, sepi ora ana sing dodol. Dol tinuku sasat macet total. dadine meh telung dina ora ana sayuran utawa lawuhan kaya dina biyasane.
Ukara kasebut nganggo ragam ngoko coba gaweya dadi ragam krama!
Sebutake enem titikane wacan narasi!
Lagi satengah-tengahe ngrungokake amanat, awake Dewi krasa gemeter lan ora kepenak. Mripate klemun-klemun suwe-suwe ora weruh apa-apa anane mung peteng. Dewi semaput, dheweke ngreti-ngreti wis ana ing ruang UKS, sikil lan githoke diblonyo minyak kayu putih dening petugas PMR. Dewi didhawuhi ngombe wedang legi tur anget. Sawise ngombe wedang. awake Dewi krasa kepenak lan mripate suwe-suwe dadi padhang wis ora klemun-klemun maneh. Jebul Dewi anggone semaput mau amarga ngelih lan kurang turu.
Adhedhasar pethilan wacan narasi kasebut apa isi pokok wacan kuwi? Coba jlentrehake pitutur luhur sing bisa dijupuk saka wacan kasebut!
Apa sing diarani guru gatra, guru wilangan, lan guru lagu? Jlrentrehake/andharna!
Iku wong durbala murka,
nora nana mareme jroning ati
sabarang karepanipun
sanadyan wus katekan
arep maneh nora marem saya mbanjur
luwamah lawan amarah
iku kang den tut wuri
Apa pitutur luhur sing bisa dijupuk saka tembang Pangkur ing dhuwur?
Apa sing diarani tembung rura basa kuwi? Jlrentrehake/andharna!
Coba goleki tuladha tembung rura basa, minimal 3!
Alaning liyan den andhar
ing beciking liyan dipunsimpen
becike dhewe ginunggung
kinarya pasamuan
nora ngrasa alane dhewe ngendhungkur
wong mangkono wateknya
nora kena denpedhaki
Tembang Pangkur ing dhuwur coba goleki guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!
