wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

ULANGAN HARIAN BAHASA JAWA KELAS 8

Total questions: 20

Worksheet time: 5hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Sawijining crita kang isine bab dumadine papan, diaarani....

a)

Mite

b)

Legendha

c)

Fabel

d)

Sage

2.

Ing ngisor iki unsur instrinsik crita legendha, kajaba....

a)

Irah-irahan

b)

Tema

c)

Paraga

d)

Alur

3.

Adhipati Yudhapati rumangsa diasorake, akhire mutusake memungsuhan karo Adipati Puspa Andungjaya. Kadipaten loro sing rikala semana urip rukun akhire perang. Ana ong paperangan iku, pemimpin prajurit kadipaten Carangsoka, Raden Sukmayana gugur lan diganteni adhine yaiku Raden Kembangjaya.


Tembung diasorake ing pethilan crita ing dhuwur duweni teges....

a)

Dijunjung

b)

Dikurmati

c)

Diremehake

d)

Disuyudi

4.

Ing pungkasane Sinta Dewi ngubur Kidang Garung nalika lagi gawe sumur sing dikarepake. Sinta Dewi ngubur Kidang Garungan amarga dheweke emoh bebojoan karo pangeran sing jarene gagah gedhe dhuwur jebul pangeran kuwi awujud manungsa sing duweni sirah kidang.


Adhedhasar pethilan crita legendha ing dhuwur apa pitutur luhur sing paling trep?

a)

Dadi wong ora kena gampang ngapusi marang wong liya sing ndadekake awake dhewe cilaka

b)

Dadi wong nepati janjine kanggo gawe sumur sing dikarepake dening wong sing ditresnani.

c)

Dadi wong kudu manut marang dhawuh sing dikarepake marang wong liya apa maneh dhawuhe marang wong sing ditresnani.

d)

Dadi wong ora kena gampang mblenjani janji kanthi nindakake pegaweyan sakarepe dhewe sing nglarani wong liya.

5.

Adhedhasar crita legendha "Dumadine Kawah Sikidang " sing kalebu paraga antagonis yaiku.....

a)

Prabu Rama

b)

Sinta Dewi

c)

Kidang Garungan

d)

Prajurit

6.

Tembang Gambuh kuwi kalebu ing serat wulangreh. Serat kuwi anggitane.....

a)

Sinuwun Mangkunegara

b)

R.Ng. Ranggawarsita

c)

Sinuwun Pakubuwana IV

d)

Sinuwun Pakubuwana VI

7.

Sekar gambuh ping catur, kang cinatur polah kang kalantur.


Adhedhasar pethilan tembang gambuh kuwi apa tegese tembung "catur" kuwi ?

a)

Kembang

b)

Papat

c)

Guyonan

d)

Dicritakake

8.

Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos




Adhedhasar tembang Gambung ing dhuwur guru wilangan lan guru lagu gatra kaping 3 sing trep yaiku ?

a)

12e

b)

11i

c)

11e

d)

12i

9.

. Aja nganti kebanjur

barang polah ingkang nora jujur

yen kebanjur kojur sayekti tan becik

becik ngupayaa iku

pitutur ingkang sayektos


Adhedhasar tembang Gambuh ing dhuwur kuwi duweni ..... gatra

a)

3

b)

4

c)

5

d)

6

10.

Manut pangandikane Doyosantosa wulangreh iku asale saka tembung wulang lan reh. Wulang tegese ajaran, dene reh tegese. . . .

a)

Parentah

b)

Pangatag

c)

Tatanan/tuntunan

d)

Getih

11.

Apa sing diarani crita legendha kuwi ? Jlentrehake!

4 lines
12.

Coba sebutake 8 unsur instrinsik crita legendha!

4 lines
13.

Den Bagus Jaka ketemu maneh karo Abu Nawa. Wong loro tarung rame banget. Amarga Abu Nawa wedi karo kerise Den Bagus Jaka, dheweke banjur njaluk pitulungan marang wong Cina sing jenenge Mbah Brontok.


Ukara ing dhuwur kuwi nganggo ragam ngoko, coba owahana dadi basa Jawa ragam krama!

4 lines
14.

Coba critakake maneh nganggo basamu dhewe ngenani crita legendha "Dumadine Kawah Sikidang "!

4 lines
15.

Ki Ageng Gribig uga kalebu sawijine priyayi kang prasaja, senajan cinaket karo Sultan Agung Hanyakrakusumo ing Mataram. Rikala semana Ki Ageng Gribig kasil nyirep dahuru kang katindakake Adipati Palembang kang arsa mbelela marang Mataran. Ora sarana hinebug ing perang, nanging mung kanthi pangandikan kang manuhara kang bisa nglilihake mana. Saka karsa dalem Sultan Agung, Ki Ageng Gribig banjur kaparingan kalenggahan minangka Bupati Nayaka. nanging Ki Ageng Gribig ora kersa jalaran panjenengane luwih remen dadi ulama ing Desa Jatianom ketimbang dadi pejabat.


Apa isi pokok pethilan crita legendha ing dhuwur ? Jlentrehake!

4 lines
16.

Pitutur bener iku

sayektine apantes tiniru

nadyan metu saking wong sudra papeki

lamun becik wurukipun

iku pantes sira anggo


Adhedhasar tembang Gambuh ing dhuwur coba goleki guru gatra, guru wilangan, lan guru lagune!

4 lines
17.

Sebutake lan jlrentrehake paugeran/pathokan tembang macapat!

4 lines
18.

Sekar gambuh ping catur

kang cinatur polah kang kalantur

tanpa tutur katula-tula katali

kadaluarsa katutuh

kapatuh pan dadi awon


Adhedhasar tembang ing dhuwur pitutur luhur apa sing bisa kita jupuk? Coba jlentrehake!

4 lines
19.

Apa tegese tembung-tembung ing ngisor iki :

a. Polah

b. Kalantur

c. Awon

4 lines
20.

Ana pocapanipun

adiguna adigang adigung

pan adigang kidang adiguna pan esthi

adiguna ula iku

telu pisan mati sampyoh


Apa tegese adigang, adigung, adiguna miturut tembang Gambuh kasebut ? Jlrentrehake!

4 lines