WorksheetsKUIS BAHASA JAWA TENTANG MACAPAT
Total questions: 15
Worksheet time: 1hrs 21mins
Kanggo pitakon no 1-15 !
Wacanen kang patitis wacan tembang macapat ing ngisor iki!
Kinanti
Padha gulungen ing kalbu,
ing sasmita amrih lantip,
aja pijer mangan nendra,
ing kaprawiran den kaesthi,
pesunen sariranira,
sudanen dhahar lan guling.
Dadia lakunireku,
cegah dhahar lan guling,
lan aja sukan-sukan,
anganggoa sawatawis,
ala watake wong suka,
nyuda prayitnaning batin.
Yen wis tinitah wong agung,
aja sira nggunggung dhiri,
aja leket lan wong ala,
kang ala lakunireki,
nora wurung ajak-ajak,
satemah anelulari.
Tembang ing dhuwur kalebu jenise tembang Macapat ....
a. kinanthi
b. pucung
c. asmarandana
d. maskumambang
Wacana tembang Macapat ing dhuwur dumadi saka ... pada.
a. 1
b. 2
c. 3
d. 4
Saben pada wacana tembang ing dhuwur dumadi saka ... gatra.
a. 3
b. 4
c. 5
d. 6
Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi siswa kudu bisa nglatih diri supaya ....
a. biasa
b. kulina
c. pinter
d. trampil
Ing pada 1 wacana kasebut becike dadi wong aja mung nggedhekake ....
a. mangan karo turu
b. mangan karo ngombe
c. mangan karo sinau
d. mangan lan dolanan
Tetembungan kaprawiran den kaesthi ing pada 1 wacana kasebut tegese kaprawiran kudu ditindaake kanthi ....
a. sembrana
b. temen
c. sabisane
d. sakarepe
Bakune gagasan (pokok pikiran) sing bisa dijupuk saka pada 1 wacana kasebut, yaiku ....
a. dadi wong iku santai wae
b. wong urip iku ora usah ngaya, mangan lan turu kudu cukup
c. dadi wong iku antarane nyambut gawe lan istirahat kudu cukup
d. wong urip iku kudu akeh nglatih dhiri supaya pinter, aja mung nggedhekake mangan lan turu
Tegese ukara " Dadia lakunireku lan aja sukan-sukan" ing pada 2 wacana kasebut, yaiku dadi wong iku aja mung urip ....
a. sedhih
b. susah
c. prasaja
d. seneng-seneng
Tegese ukara “ Yen wis tinitah wong agung” ing pada 3 wacana kasebut, yaiku yen wis ditakdirake dadi ....
a. wong gedhe
b. wong cilik
c. wong mlarat
d. wong apik
Tegese tetembungan " nggunggung dhiri " ing pada 3 wacana kasebut, yaiku ....
a. pinter
b. wasis
c. sombong
d. prasaja
Paugeran(aturan/pedoman) ing tembang macapat ana 3, yaiku kang kasebut ing ngisor iki, kajaba ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra
Cacahe gatra(baris) saben sapada ing tembung macapat diarani ....
a. guru basa
b. guru sastra
c. guru gatra
d. guru wilangan
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru sastra
b. guru gatra
c. guru lagu
d. guru wilangan
Tibaning swara ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ....
a. guru gatra
b. guru wilangan
c. guru lagu
d. guru sastra
Ing ngisor iki bab-bab sing kudu digatekake anggone maca geguritan, kajaba ....
a. kudu apal isine geguritan
b. kudu nggatekake pocapan lan wiramane
c. bisa maragakake kanthi mimik lan ekspresi sing trep
d. mangerteni isi lan karepe geguritan kasebut, banjur dirasakake
