Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

PAS 1 TA. 2020/2021 KELAS 3 BAHASA JAWA KD. 3.1 s/d 3.4

Total questions: 35

Worksheet time: 49mins

Name
Class
Date
1.

KD. 3.1


I. Wenehana tandha ping (x) aksara a, b, c, utawa d ing sangarepe wangsulan kang paling bener !


Werkudara

Werkudara iku satriya saka Jodhipati. Jodhipati iku sawijine kasatriyan kang ana ing Nagara Amarta. Werkudara iku putrane Prabu Pandhu Dewanata lam Dewi Kunthi. Werkudara iku putra kang ngka loro, kang uga sinebut “ Panenggak Pandhwa”. Sesebutan liyane yaiku Bratasena, Bima, Bimasena, Haryasena, Bayusiwi, Jagalabilawa, Kusumadilaga, lan Jayalaga.

Werkudara duwe guru sejati kang asma Dewaruci. Werkudara garwane telu,yaiku Dewi Nagagini, Dewi Arimbi, lan Dewi Urangayu. Putrane Werkudara uga ana telu, yaiku Raden Antareja, Raden Gathutkaca, lan Raden Antasana. Werkudara duwe pusaka aran Kuku Pancanaka, Gada Rujakpolo, lan Gada Lambitamuka. Aji-ajine Werkudara, yaiku Bandung Bandawasa, Ungkal Bener, Blabag Panganthol-anthol, lan Bayu Braja.

Werkudara ora bisa basa marang sapa wae. Nanging watake becik setya tuhu marang guru, bekti marang ibu,teguh ing janji, mbelani bebener, mbrastha angkara, dhemen tetulung, tresna marang kadang,lan adil marang sapa wae.


Werkudara iku putrane ... .

a)

Prabu Baladewa

b)

Prabu Pandhu Dewanata

c)

Prabu Kresna

d)

Prabu Antawirya

2.

Werkudara anak kang nomer loro saka Pandhawa, mula Werkudara diarani satriya ... .

a)

Penenggak

b)

Pembayun

c)

Wuragil

d)

Pandhada

3.

Kuku Pancanaka iku klebu salah sawijine ... kagungane Werkudara

a)

Piyandel

b)

Aji-aji

c)

Pusaka

d)

Gegaman

4.

... yaiku asma saka guru sejatine Werkudara

a)

Baladewa

b)

Dewa Siwa

c)

Dewa Brama

d)

Dewaruci

5.

Kasatriyane Raden Werkudara iku ana ing … .

a)

Parang Garuda

b)

Madukara

c)

Sawojajar

d)

Jodhipati

6.

Sakehing watak wantune Raden Werkudara kang becik, ana siji sing ora perlu dituladha yaiku ... .

a)

Senenge yen dialem

b)

Asring mblenjani janji

c)

Ora bisa basa

d)

Seneng sulaya marang pepada

7.

Raden Werkudara duwe bojo cacahe telu. Tembung telu basa kramane ... .

a)

Setunggal

b)

Kalih

c)

Tiga

d)

Sekawan

8.

Tokoh pewayangan ing gambar kuwi arane ... .

(a)  

9.

Gambar ing sisih kiwa iku jenenge ... .

(a)  

10.

Sebutna sapa wae jeneng-jenenge kang klebu Pandhawa Lima iku !

Wangsulan : ……………………………………...............................................................

4 lines
11.

KD. 3.2


Teks kanggo soal nomer 11, 12, lan 13

Granggrang kuwi wujude pring kang dikethok. Dawane kira-kira sadedege manungsa, pucuke dipaprs lancip. Ing ngendi-endi ganggrang mujudake piandel kanggo perang.

Banjur lakune wong papat wis tumeka Karanggede terus nuju padesan menehi kabar para warga supaya ngungsi. Tengah wengi kahanan sepi nyenyet. Para pejuang sumebar siyap ing sacedhake gedhung pagadhean kang kanggo leren pasukan Walanda, sawise sing njaga gedhung padha ngantuk para pejuang banjur njupuk kunci terus mbukak lawang, bedhil-bedhile padha dijupuki. Semono uga bahan pangan.

Wektu iku wong Walanda ora wani nglawan. Kabeh wong Walanda padha angkat tangan. Bengi iki uga Walanda ninggalake dhaerah Karanggede. Sabanjure gedhung Pagadhean kang kanggo leren Walanda diuncali granat dadi lebur.


“Ganggrang Bambu Runcing" mujudake wacan kanthi tema … .

a)

Kabudayan

b)

Gotong royong

c)

Kepahlawanan

d)

Peperangan

12.

Ganggrang d1gawe saka …

a)

Ros-rosane pring

b)

Nam-naman pring

c)

Pring kang dipapras lancip

d)

Kethokan pring garing

13.

Para pejuang Pribumi perang lumawan Walanda kanthi cara …

a)

Perang gerilya

b)

Perang adhep-adhepan

c)

Perang kembang

d)

Perang tanding

14.

Teks kanggo soal nomer 14, 15, lan 16

Jojo : “Wonten pawartos menopo ta, Bu wonten ing layang kabar ?”

Bu Dar : “Iki lho, Le. Kampung-kampung ing Solo akeh sing padha karendem banjir”

Jojo : “Wonten pundi mawon menika, Bu ?”

Bu Dar : “Ana ing Kecamatan Pasarkliwon, Kecamatan Serengan, Kecamatan Jebres, lan Kecamatan Laweyan.”

Jojo : “Lha, kok saget mekaten kenging punapa, Bu ?”

Bu Dar : “Jalaran kali Bengawan Solo luber, amarga udan kang ora mandheg-mandheg

saka dina Setu sore tumeka Minggu esuk.”

Jojo : “Lajeng sami ngungsi wonten pundi, Bu ?”

Bu Dar : “Ana ing pendhapa kalurahan sing ora kena banjir.”


Jojo lagi rembugan karo … babagan banjir ing kutha Solo.

a)

Bu Dar

b)

Pak Dar

c)

Jojo

d)

Adhine

15.

Banjir iku ngrendhem 4 kecamatan ing Solo yaiku . …

a)

Pasarkliwon, Kampung Baru, Laweyan, Jebres.

b)

Pasarkliwon, Serengan, Jebres, Laweyan.

c)

Jebres, Banjarsari, Serengan, Laweyan.

d)

Laweyan, Jebres, Semanggi, Serengan.

16.

Nalika dumadi banjir ing kutha Sala, kahanan lalulintas ing sadalan-dalan dadi …

a)

Aman

b)

Tertib

c)

Macet

d)

Sepi

17.

Gambar ing sisih kiwa iku tokoh perang gerilya kang asale saka kutha ... .

(a)  

18.

Para warga padha ngungsi ana ing Pandhapa Kalurahan sing ora kena banjir.

Tegese tembung ngungsi yaiku ... .

(a)  

19.

Tembung kramane wong yaiku ... .

(a)  

20.

Sebutna 3 wae perkara kang bisa nyebabake banjir !

Wangsulan : ……………………………………................................................................

4 lines
21.

KD. 3.3


Teks kanggo soal nomer 21, 22, lan 23

Kerja Bakti

Rama : “Shin, sesuk kowe melu kerja bakti apa ora ?”

Shinta : “Ya, mesti melu.Lha piye ta ?”

Rama : “Aku kok males yo. Mosok kudu ngresiki lapangan sekolaan ?”

Shinta : “Kowe kok ngono sih, Ma ? Tak kandani, ya ! Kerja bakti kuwi becik. Anggone kita ngresiki lapangan iku ora diayahi dhewe. Nanging bebarengan karo kanca liyane.

Dadi gaweyane mesthi luwih enteng lan enggal rampung, kaya kang ana diterangake

sajrone tembang kae."

Rama : “O, ngono ta ? Eh, tembange apa sing kaya ngono kuwi ?”

Shinta : “Gugur Gunung. Wis bisa nembangake tembang dolanan iku durung ?”

Rama : :Wah, durung bisa aku. Shin, aku ajarana ya !”


Tembang dolanan kang temane kerja bebarengan yaiku ... .

a)

Padang Bulan

b)

Gugur Gunung

c)

Soyang

d)

Numpak Sepur

22.

Miturut pitutur ing tembang Gugur Gunung, urip iku kudu ... .

a)

Sayuk rukun

b)

Seneng dredah

c)

Guyub sega

d)

Ngedab-edabi

23.

Salah sijine unen-unen nalika ngayahi jejiban bareng kang ana ing tembang Gugur Gunung yaiku ....

a)

Malang-malang putung

b)

Holobis kuntul baris

c)

Rawe-rawe rantas

d)

Maju-maju mundur

24.

Supaya pagaweyan bisa enggal rampung kudu ....

a)

Dietogake dhisik

b)

Dijarake wae

c)

Dicelukake tukang

d)

Digarap bareng

25.

Aku lan kanca-kanca arep gawe layangan bebarengan. Tembung kramane gawe yaiku ... .

a)

Dhahar

b)

Tindak

c)

Damel

d)

Bidhal

26.

Sing paling suwe njajah bangsane dhewe yaiku ... .

a)

Jepang

b)

Walanda

c)

Inggris

d)

Portugis

27.

Gambar ing sisih kiwa iku ngambarake bocah-bocah kelas telu lagi pada ... .

(a)  

28.

Perang antarane Pandhawa lan Kurawa diarani perang ... .

(a)  

29.

Nyambut gawe kanthi semangat njalari gaweyan enggal ... .

(a)  

30.

Sebutna 3 wae pitutur luhur kang ana ing tenbang Gugur Gunung !

4 lines
31.

Aksara Jawa sing durung ditambahi sandhangan lan pasangan jenenge ... .

a)

Legena

b)

Legenda

c)

Wantah

d)

Anuswara

32.

Ing laladan Karanggede wektu tengah wengi kahanan sepi nyenyet. Tembung wengi basa kramane yaiku ... .

a)

Enjing

b)

siyang

c)

Sonten

d)

Dalu

33.

Watake satriya Pandhawa ing saben dinane yaiku ... .

a)

Cethil mbethithil

b)

Adi kumalungkung

c)

Berbudi bawaleksana

d)

Sabar lan brangasan

34.

Bakal kang dianggo geber ing pagelaran wayang kulit jenenge ... .

a)

Kelir

b)

Kemul

c)

Kelud

d)

Kelor

35.

Aksara Jawa iku panulisane ana ing ... garis.

(a)