wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

unggah-ungguh kls 9

Total questions: 13

Worksheet time: 9mins

Name
Class
Date
1.

Aku lagi wae ditimbali Pak Lurah. Ukara kasebut nggunakake ragam basa ... .

a)

ngoko lugu

b)

krama alus

c)

ngoko alus

d)

krama inggil

2.

Matur marang wong sing luwih tuwa prayogane nganggo basa ….

a)

krama alus

b)

ngoko kasar

c)

ngoko lugu

d)

ngoko alus

3.

Basa kang kabeh ukarane nganggo ngoko diarani …

a)

krama alus

b)

ngoko alus

c)

krama lugu

d)

ngoko lugu

4.

Murid matur marang guru becike nganggo basa …

a)

ngoko lugu

b)

krama alus

c)

ngoko alus

d)

krama lugu

5.

Basa krama alus dumadi saka … .

a)

kabeh ngoko

b)

ngoko lan krama

c)

krama kabeh

d)

krama lan krama inggil

6.

Ibu : “Nda, aja lali gawe unjukan, ya.”

Nanda : “…, Ibu.”

Tembung kang trep kanggo ngisi ceceg-ceceg ing dhuwur yaiku … .

a)

inggih

b)

mangke

c)

mboten

d)

mboten perlu

7.

Bapak : “kowe arep menyang ngendi, Ri?”

Ari : ………………………………..

Wangsulane Ari sing bener yaiku ….

a)

Kula badhe dhateng peken

b)

Kula ajeng tindak peken

c)

Kula badhe tindak peken

d)

Kula ajeng teng peken

8.

Kula badhe nyuwun pirsa dhumateng panjenengan. Basa kang digunakake yaiku ....

a)

bagongan

b)

ngoko lugu

c)

krama inggil

d)

ngoko alus

9.

Penjenengan arep tindak ngendi, Bu? Basa kang digunakake yaiku ...

a)

ngoko lugu

b)

bagongan

c)

ngoko alus

d)

kraton

10.

Simbah mau arep tindak ngendi ta? Basa kang digunakake yaiku ….

a)

ngoko lugu

b)

ngoko alus

c)

krama inggil

d)

bagongan

11.

Bu Isti ndangu ”Sapa sing ora mlebu sekolah dina iki?”

Atur wangsulan sing trep tumrap pandangunipun bu Isti yaiku ...

a)

Ingkang mboten tindak sekolah dinten punika Rani.

b)

Ingkang mboten mlebet sekolah dinten punika Rani.

c)

Ingkang mboten kesah sekolah dinten punika Rani.

d)

Ingkang mboten rawuh sekolah dinten punika Rani.

12.

Bu Lurah kesah dhateng kabupaten numpak becak.

Ukara punika unggah-ungguh basa ingkang leres inggih punika …

a)

Bu lurah kesah dhateng kabupaten nupak becak.

b)

Bu Lurah tindak dhateng kabupaten nitih becak.

c)

Bu Lurah tindak menyang kabupaten nitih becak.

d)

Bu Lurah kesah menyang kabupaten numpak becak.

13.

Ibu : “Kadingaren Nur, kok dandan, arep menyang ngendi?”

Nurwan : “Badhe sinau klompok wonten … Agus”

Kanggo ngganepi ukara kang gothang iku sing trep tembung … .

a)

gubugipun

b)

omahipun

c)

griyanipun

d)

dalemipun