WorksheetsGLADHEN SOAL PAS B.JAWA KELAS XI
Total questions: 56
Worksheet time: 33mins
TULISKAN NAMA
TULISKAN KELAS
TULISKAN NO ABSEN
Tembang sapada ana patang gatra utawa patang pada pala. Cacahing wanda saben gatra siji lan sijine padha. Cacahing wanda saben sapada pala iku diarani laku. Iku cirine....
tembang campursari
tembang macapat
tembang gedhe
tembang tengahan
tembang alit
Tetembungan utawa ukara kang ana ing tembang arane …
cengkok
cakepan
laras
pathet
titi laras
Ing ngisor iki kang ora klebu pengertiane tembang macapat yaiku …
maca cakepan
maca kanthi cepet
maca kanthi kekarepane dhewe
maca mat (kanthi diematake)
maca nganggo pedhotan
Cara iki dadi contoh pakarti utama, njunjung etika paprangan (jihad ala Kejawen); “nglurug tanpa bala” dan “menang tanpa ngasorake”. Tegese ….
menang kanthi cara kesatria, lan ora tau mirangake mungsuh
menang kanthi cara licik lan mirangake mungsuhe
menang kroyokan lan gawe wiring mungsuh
nglurug nggawa bala akeh, lan mirangake mungsuhe
nglurug tanpa daya, nanging ora mirangake mungsuh
Saben tembang macapat nduweni watak lan sasmita. Kang kalebu watek lan sasmitane tembang Pocung yaiku
galak, nesu, wijiling tapa
sedhih,sengsem, titi anom
sembrana, guyon, bapak pocung
sembrana, guyon, mungkur
seneng, tresna asih, kanthinira
Simbah nandur wit jeruk nang mburitan. Tembung linggane nandur yaiku …
nandur
nanduri
tandur
tanduri
ditandur
“Lali. Kalingan bandha donya nganti lali apa-apa,” Zulkifli nyela-nyela melu ngudarasa karo ngelus-elus dhadha. Ulate katon nelangsa. Wong yen lagi ledhok awake kaya siing dialami Zulkifli wektu iki pancen gampang kesenggol rasa pangrasane. Sensitif. Wis telung taun iki Zulkifli sing kerja neng leasing mobil lagi anjlog targete.
Punjering crita (sudut pandang) ana ing crita kuwi yaiku …
migunakake tembung sesulih wong katelu
migunakake tembung sesulih wong kapisan (kula)
migunakake sudut pandang impersonal
migunakake tembung sesulih wong kapindho
migunakake tembung utawa jeneng wong
Rerangken awujud gancaran kang duweni unsur intrinsik lan ekstrinsik, ngandhut crita panguripan kang nyritakake sawijining paraga lan manungsa sakupenge kanthi cara ngatonake watak saben paragane diarani ....
cerkak
serat
novel
naskah
tembang
"weruh kahanan ing kurang ajar mau, sekala aku muntab nepsuku. Tanganku terus ngepel marani. ora saranta tanganku terus kumlawe nibani raine nomnoman mau."
wewatek paraga sajroning teks ing dhuwur yaiku ....
jirih
sabar
wani
sangar
pinter
unsur kang katon yaiku ....
latar
alur
sudhut pandhang
tema
wewatek
"bareng nembe oleh setahun, ibuku anjar malih sipate. Katresnane menyang aku ilang, malih dadi sengit, lan kadangkala wani nangani aku"
tema kang kaandhut sajroning pethikan novel yaiku....
katresnan
kulawarga
pendhidhikan
sosial
ekonomi
gegayutan antar prastawa kang nduweni sipat sebab akibat lan runtut utawa kronologis crita diarani....
amanat
paraga
sudhut pandhang
irah-irahan
alur
unsur sajabane karya yaiku ....
amanat
style
sudhut pandhang
tema
ekstrinsik
crita kang njlentrehake kedadeyan kepungkur gunakake alur ....
mundur
maju
campuran
ngarep
mburi
"R.S Ranuasmara nyeritakake marang Sri Endah Wahyuningsih babagan nom-nomanne R. Sukmana lan R.A Tien Tisnowati sing nduweni rasa katresnanan marang siji lan sijine, ananging bapak R.A Tien Tisnowati ora menehi restu marang hubungan R. Sukmana lan R.A Tien Tisnowati"
petikan novel ing ndhuwur minangka pethikan saka novel kang nduweni irah-irahan ....
sing diarani novel yaiku
karya sastra awujud prosa kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit
crita cekak kang misuwur, isine ngemot crita kang rinakit
karya sastra awujud prosa kang dicritakke kanthi ke dawa-dawa
karya sastra kang awujud kidung
karya sastra sing critane ora bakal iso tamat
Sabar narima kabeh pacoban lan tansah ngucap syukur marang apa sing wis diduweni kuwi kalebu nilai moral marang...
Dhiri pribadhi
Gusti Maha Agung
Sapadha-padhane manungsa
Alam lingkungan
Pacoban urip
Pesen utawa nilai-nilai moral kang disampekake marang pamiarsa kalebu salah siji saka struktur teks drama kang diarani...
Tema
Amanat
Dudutan
Epilog
Dialog
Adhik kula sampun saged . . . Piyambak, tembung kang paling pener kanggo ngisi yaiku . . .
Ngadeg
Jumeneng
Siram
dhahar
wungu
Saben enjang kula . . . Dhaharanipun Eyang.
Menehake
Nyukakaken
Ngaturaken
nyaosaken
wungu
Basa kramane tuku yaiku ...
Tumbas
Mundhut
Njupuk
Dhahar
tindak
Saka kesenian, kita ora mung bisa seneng-seneng ngrasake endahe karya para seniman nanging kita uga bisa...
Ngundhakake drajat lan pangkat
Ngundhakake gelar lan martabat
Ngundhakake gengsi lan prestisi
Ngundhakake pangkat lan jabatan
Ngundhakake ilmu lan kaweruh (pengetahuan)
Paraga kang nduweni sipat serakah, iri lan pengin menang dhewe diarani paraga...
Protagonis
Antagonis
Tritagonis
Paraga Utama
Paraga Pambantu
1995
1885
1776
1886
1996
1823
sepatuku regane 175.000
sepatuku regane 275.000
sepatuku regane 374.000
sepatuku regane 174.000
sepatuku regane 375.000
aku lair taun 1990
aku lair taun 2005
aku lair taun 2003
aku lair ing taun 2005
aku lair ing taun 2003
yuswane simbok saiki 85 taun
yuswane simbokku saiki 85 taun
yuswane simbokku saiki 95 taun
yuswane simbahku saiki 85 taun
yuswane simbahku saiki 95 taun
Apa gunane aksara rekan?
kanggo nulis aksara gedhe
kanggo nulis basa manca
kanggo nulis jeneng panggonan
kanggo nulis angka
kanggo nulis gelar
Wonten ing adicara mantenan, gambar ing dhuwur nedahake kagiyatan....
sawur-sawuran
balangan gantal
nguncalno dhuwit
suruh temurose
kacar kucur
saderengipun adicara mantenan, mesti ana kagiyatan sing bakal dilakoni. kagiyatan ing gambar punika yaiku....
pasang janur
pasang terop
pasang omah-omahan
pasang bleketepe
pasang tenda
gambar punika nedahaken kagiyatan...
pangkon
panggih
bobot timbang
kacar-kucur
siraman
ing ngisor iki sing diarani kacar-kucur yaiku....
Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?
mangkat, mlampah
mlampah, tindak
tindak, mlampah
tindak, tindak
mangkat, tindak
Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…
ngaturake salam utawa kula nuwun
ngomong sakepenake nganti saktutuge
ndhodhok lawang paling akeh kaping telu
mlebu menawa wis dimanggakake
nggatekake wektu
Bu, menawi kepareng kula badhe ……pirsa!
mundhut
nyuwun
tanglet
njaluk
ndangu
Kanca-kanca aku ….. kawigatenmu sedhela, aku arep …… wara-wara !.
njaluk, aweh
nyuwun, paring
njaluk, caos
njaluk, paring
maringi, nyuwun
Ature Siti ing ngisor iki endi kang trep?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan nganake piknik, kula ndherek oleh
ora?
Bu,aku melu piknik menyang Malang oleh apa ora?
Bu, wulan Desember tahun menika sekolahan badhe ngawontenaken piknik
dhateng Bali, menapa kula kepareng ndherek?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan arep nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Bu, wulan Desember tahun iki sekolahan badhe nganake piknik, apa aku oleh
melu piknik?
Salam pakurmatan kang sepisanan marang para rawuh/tamu ing teks pewara diarani ...
salam pambuka
salam wekasan
salam pakurmatan
salam pungkasan
salam salam
Sepisanan sumangga kita sesarengan ngunjukaken pudya pudyastuti konjuk ing ngarsanipun Gusti Allah SWT ingkang tansah paring kawilujengan, katentreman, lan kasarasan dhumateng kita sedaya.
Ukara kasebut kalebu perangan teks pewara kang diarani ...
salam pambuka
pambuka
isi
salam penutup
surasa
Para pinisepuh tuwin sesepuh ingkang dhahat pinundhi-undhi, ingkang hamengku karsa Bapak/Ibu Sudrajad Djiwandana miwah gotrah ingkang dhahat kinurmatan.
Pethikan ukara kasebut kalebu ....
purwaka/pambuka
salam wekasan/akhir
panyapa
salam penutup
surasa
Kulawarga Bapak Sudrajat Djiwandana ugi nyuwun idi pangestu saking panjenengan sami, mugi-mugi pinanganten kekalih (pengantin berdua) saged rukun anggenipun mangun bale wisma (rumah tangga). Mugi-mugi pinanganten kekalih mangkenipun saged atut runtut rerentengan ngantos kaken ninen-ninen, dados kulawarga ingkang sakinah, mawadah, warohmah.
Andharan kasebut kalebu ....
purwaka
surasa basa
pangarep-arep
wasana
pambuka
Makaten ingkang saged kawula aturaken miangka sesulihing kulawarga Bapak Sudrajad Djiwandana sekaliyan, mbok bilih anggenipun mangayubagya panjenengan sami wonten ceweting aruh, lungguh, suguh, sarta rengkuh, ingkang hamengku karsa nyuwun lumunturing sih samodra pangaksami, lan sateruse.
Andharan kasebut kalebu ....
purwaka/pembuka
surasa basa/isi
pangarep-arep
wasana basa/penutup
dudutan
Isine perangan pidhato panutup, yaiku babagan ....
pangajab (harapan) sing diandharake marang para rawuh/tamu lan sing midhangetake
salam pakurmatan sing sepisanan marang para tamu utawa sing kaperang rawuh
nyebut sapa wae sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan
atur panuwun sarta nyuwun pangapura menawa ana kekurangan utawa kaluputan anggone ngandharake pidhato
nyebut sing rawuh ing adicara pasamuwan kasebut kanggo paring pakurmatan
Ing ngisor iki kang ora kalebu bab sing kudu digatekake supaya basa kang digunakake komunikatif lan trep, yaiku ,,,,
cacahe sing di ajak guneman (banyaknya orang yang hadir)
sapa sing di ajak guneman
swasana nalika guneman (suasana)
sapa sing digunemake
kahanan nalika diajak guneman
Busana lan ngadi sarira sing digawe pranata acara kudu salaras karo kahanan ing adicara, tujuwane yaiku ...
supaya katon nengsemake marang para tamu
amarga ana paribasan ajining raga saka busana
busana kang endah ndadekake paragane katon sulistya
amarga busana uga dadi punjering kawigaten marang para tamu
migunakake busana kang trep karo adicara
Tema pidhato neng dhuwur, yakuwe....
pengetan Dinten Pahlawan
nampani murid anyar
perpisahan kelas VI
pentas seni
pengetan dina kamardikan
Wong sing pidhato neng dhuwur, yakuwe....
wali murid
wakil sekolah
siswa kelas VI
kepala sekolah
siswa kelas IV
Tembung purna tegese...
mulai
sinau
sekolah
rampung
wiwit
Tembung liyane pidhato, yakuwe....
serat ulem
sesorah
kempalan
tempo
wawancara
Perangane pidhato neng dhuwur, yakuwe....
purwakane atur
salam pembuka
surasa basa
penutup
dudutan
Conto babagan penutup teks pidhato, yakuwe....
Cekap semanten atur kula, menawi lepat nyuwun pangapunten
Mangga sami muji maring Gusti Sing Kuwasa, awit dinten niki kita teksih saged kempal wonten papan ngriki
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru sing kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani
Batir kabeh sing tak tresnani, dadi siswa kudu sregep sinau, manut maring guru, lan netepi aturan sekolah
Dhumateng Bapak lan Ibu Guru ingkang kula bekteni, lan kanca batir sing tak tresnani
Perangan pidhato sing surasane muji syukur maring Gusti Kang Mahakuwasa dearani....
pembuka
surasa basa
atur puji syukur
salam penutup
surasa
