NEW
Font size
WorksheetsDeskripsi Bathik
Total questions: 10
Worksheet time: 10mins
Ing sajroning struktur (cengkorongan) teks deskripsi pethilan teks iki kalebu jinis...
identifikasi
deskripsi bagian
dudutan
surasa
inti
Bathik digawe kanthi teknik utawa cara kang maneka warna, manut cara utawa teknike gawe ing gambar iki nuduhake jinis bathik...
sablon
celup
tulis
cap
printing
Manut pethilan teks deskripsi ing gambar iki lan gambar sadurunge, irah-irahan kang trep kanggo njangkepi struktuktur deskripsi yaiku...
Bathik Tulis
Ajining Bathik
Busana Adat Surakarta
Bathik Sidamukti
Bathik Parang
Ing bathik Sidamukti, gambar motif kang nduweni teges utawa makna kabebasan, pepadhang lan kasampurnan. yaiku gambar...
dhampar kedhaton
meru/ gunungan.
kupu
godhong
kembang
Ing bathik sidamukti, ornamen utawa gambar Meru/ Gunungan dhuweni makna filosofi yaiku...
simbol sumber kaendahan lan sumber panguripan
nggambarake sawijining kekarepane manungsa supaya bisa munggah drajate, mulya sarta dikurmati dening wong akeh.
kasampurnan lan kaendahan kang kudu dibudidaya
keteguhan kanthi pangajab bisa ngendhalekake hawa nepsu sing ana dhiri pribadine
simbol sampurnaning manungsa kang urip ing donya
Ing jaman saiki ewah gingsire panganggone bathik wis dadi wujud kang maneka warna, bathik sidamukti lan corak liyane bisa dikreasi supaya...
owah saka pakeme lan ngilangake nilai filosofoni
nduweni nilai ekonomi kang dhuwur, digandrungi dening generasi mudha ing jaman saiki lan bisa lestari
ora ngisin-ngisini manawa dienggo
samsaya apik lan ngungkuli busana dhaerah liyane
ora disenengi dening para sesepuh sutresna budaya
Bathik ing biyen dadi busana andhapan (ngisoran) kang nuduhake status sosial ing bebrayan masyarakat Jawa, jaman saiki motif sidamukti kang wujude ana ornamen-ornamen gambar simbole dadi busana nasional kang bisa digunakake dening sapa wae, wujud bathik kang umum ing jaman saiki yaiku...
rompen, beskap, lan atela
jarik utawa sinjang
klambi, kathok, topi, jaket, rok
surjan lan lurik
lendhang, tapih
Ing motif Bathik sidamukti ana ornamen-ornamen utama sing nduweni teges lan filosofi dhewe-dhewe.
Ornamen kasebut yaiku: 1. kupu, 2. dhampar, 3. gunungan, 4. kembang.
Perangan ing dhuwur kalebu jinis struktur...
deskripsi bagian
identifikasi
dudutan
pambuka
penutup
Gambar iki ing bathik sidamukti diarani ornamen.... kang nduweni makna......
kupu, kasampurnan urip
dhampar, kekatrepane manungsa
gunungan, urip kang sampurna
godhong, kamakmuran urip
kembang, kaendahan lan sumber panguripan
Makmur/ Mulya, nduweni makna supaya sing nganggo Bathik iki dikarepake bisa urip makmur lan mulya. Yaiku tegese tembung...
Sida
Asih
Mukti
Dhampar
Meru/ gunungan
