NEW
Font size
WorksheetsLATIHAN SOAL BASA JAWA KELAS 4 WULANGAN 4 (PERT. 17)
Total questions: 10
Worksheet time: 50mins
Kesed makarya lan mung nyuwun agunge sih Gusti, pada karo ....
ngenteni udan terang banjur ngiyup
ngenteni thukule jamur ing mangsa ketiga
ngenteni bakul jamur liwat ngarep omah
ngobati jamur kulit nganggo macem-macem obat
Para leluhur kita pancen wis kondhang yen makarya tansah ....
tata, tatas, titi, lan titis
takon, tekun, teken, tekan
gemi lan nastiti
guyub rukun ora cecongkrahan
Narasi, yaiku ....
teks kang ngandharake lelakon utawa kedadean anut urutan wektu (kronologis)
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe
teks kang ngandharake asil panaliten utawa asil pamawas marang sawijining kahanan
pengalaman manungsa ngadhepi pacobaning urip saka Kang Maha Kawasa
Tulisan sing gagasan pokoke diandharake kanthi cara nggambarake objek, panggonan, utawa kedadean nganti sing maca rumangsa kaya nyawang utawa ngalami dhewe objek sing digambarake panulis, diarani ....
narasi
deskripsi
argumentasi
eksposisi
Pilihan tembung ing teks deskripsi ....
nggambarake konflik / perang sing bisa ndadekake owahowahan nasibe paraga
mung nggambarake kahanane objek ing siji wektu, panggonan, lan sosial
migunakake tembung/ukara sing biasa digunakake ing saben dina
migunakake tembung/ukara sing bisa nggugah rasa utawa narik kawigaten
Teks narasi isine ....
nyritakake proses kedadeyan
nyritakake kahanane objek
nggambarake kahanane objek
nggambarake proses kedadean
Langkah sepisanan nalika ngarang narasi yaiku ....
nemtokake alur
nemtokake paraga
nemtokake setting
nemtokake tema
Langkah sepisanan nalika ngarang dheskripsi yaiku ....
netepake objek kang bakal katulis
naliti panulisan supaya dadi tulisan kang trep
gawe reng-rengan apa kang arep dikembangke
observasi kanthi cermat lan tuntas
Bahane teks narasi bisa saka ....
pengalaman uripe manungsa utawa saka asil rekadaya pikirane pengarang dhewe
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan pengalaman uripe manungsa
asil rekadaya pikirane pengarang dhewe lan asile panaliten sing dianakake dening para ahli
asile panaliten sing dianakake dening para ahli lan saka kabar ing ariwarti utawa kalawarti
Gunane pepindhan (persamaan/perbandhingan) ing teks deskripsi yaiku ....
supaya katon endah
supaya katon akeh
kanggo nambahi teks
kanggo nguripake gambaran
