wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

paribasan, bebasan , lan saloka

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Unen-unen kang ajeg panganggone, tegese wantah ora ngemu surasa pepindhane. Iku diarani ....

a)

Paribasan

b)

Wangsalan

c)

Bebasan

d)

Saloka

2.

Unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindan kang dipindahake sifate utawa kahanane wong diarani ....

a)

Cangkriman

b)

Geguritan

c)

Wangsalan

d)

Bebasan

3.

Sepi ing pamrih rame ing gawe, bebasan iku tegese ....

a)

nduweni pengin barange kanca

b)

wong tuwa rekasa amarga polahe anak

c)

nindaake pegawean kanthi ora duwe kemelikan apa-apa

d)

karepe ngirit nanging malah entek akeh

4.

... yaiku unen-unen ajeg panganggone ngemu surasa pepindhan kang dipindahake wonge

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Wangsalan

5.

Becik ketitik ala ketara, tegese ....

a)

tumindak ala utawa becik wusanane bakal konangan

b)

bia njunjung drajate wong tuwa

c)

wong tuwa njaluk warah wong enom

d)

wis nate lunga teka ngendi-ngendi

6.

Esuk dele sore tempe, tegese ....

a)

uripe tansah kuwatir

b)

akeh wong kesusahan amarga ketaman bencana

c)

ora teteg atine, gampang molah-malih

d)

sipate wong tuwa tumurn menyang anak

7.

Kodok nguntal gajah, saloka kasebut tegese ....

a)

wong kang rekasa uripe amarga kakehan anak

b)

luwih dhuwur pangkate, luwih gedhe panguwasane

c)

wong duwe kekarepan sing mokal kelakone

d)

prakara cilik dadi gede

8.

Wong tuwa njaluk wuruk wong enom, salokane yaiku ....

a)

Kebo nusu gudel

b)

Kebo kabotan sungu

c)

Kebo lagi turu

d)

Kebo mangan suket

9.

Jer basuki mawa beya


Unen-unen ing dhuwur kalebu...

a)

Paribasan

b)

Bebasan

c)

Saloka

d)

Sanepan

10.

Wong bodho utawa wong pinter padha nemu rekasa utawa nemu cilaka.

Paribasane ...

a)

Busuk ketekuk pinter keblinger

b)

Becik ketitik ala ketara

c)

Adigang adigung adiguna

d)

Jer basuki mawa beya

11.

Timun wungkuk jaga imbuh, paribasan iki tegese...

a)

wong bodo iku kanggone mung sak perlune wae

b)

wis ditulungi malah ora matur suwun

c)

nyambut gawe tanpa nyuwun pamrih babar pisan

d)

wong asor naging sugih kapinteran

12.

Desa mawa cara, nagara mawa ....

a)

aturan

b)

tata

c)

basa

d)

tatacara

13.

Wong sing seneng nyambut gawe tanpa duwe pamrih diparibasakake ....

a)

jer basuki mawa beya

b)

sepi ing pamrih rame ing gawe

c)

kriwikan dadi grojogan

d)

kaya banyu karo lenga

14.

Ora gelam ngrungokake rekasaning liyan kang ora prayoga.

Yen diparibasaake...

a)

ono catur mungkur

b)

angon ulat ngumbar tangan

c)

becik ketitik ala ketara

d)

jer basuki mawa bea

15.

Unen-unen kang ajeg panganggone mawa teges entar (kiasan) lan ngemu surasa pepindhan. Sing pindhakake iku sipate wonge.

sing dimaksud saka pernyataan iku...

a)

paribasan

b)

bebasan

c)

saloka

d)

unen-unen jawa