Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

GLADHEN PAS XII B. Jawa

Total questions: 46

Worksheet time: 33mins

Name
Class
Date
1.

Tuliskan Nama

4 lines
2.

Kelas

4 lines
3.

No Absen

4 lines
4.

Tembang kinanthi serat wedhatama anggitane ....

a)

Mangkunegara III

b)

Mangkunegara IV

c)

Mangkunegara VI

d)

Mangkunegara VII

e)

Mangkunegara VIII

5.

Cacahing wanda saben sapada pala iku diarani laku. Iku cirine....

a)

tembang campursari

b)

tembang gedhe

c)

tembang tengahan

d)

tembang macapat

e)

tembang kroncong

6.

Mangka kanthining tumuwuh, menawi dipuntingali saking titikanipun, pethilan sekar menika kawastanan sekar macapat menapa?

a)

Pocung

b)

Sinom

c)

Pangkur

d)

Kinanthi

e)

Gambuh

7.

Salami mung awas eling, tembung ingkang kacithak kandel ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?

a)

tansah

b)

sumerep

c)

was sumelang

d)

mangertos

e)

kengetan

8.

Eling lukitaning alam. Tembung lukita ing pethilan sekar menika tegesipun menapa?

a)

tandha

b)

tetembungan

c)

sumerep

d)

ngertos

e)

enget

9.

Eling lukitaning alam, pethilan sekar menika nggadhahi werdi menapa?

a)

Kedah tansah atos-atos kaliyan pratandha saking alam.

b)

Kedah saged maos pratandha saking alam.

c)

Kedah saged njagi badan saking bebayaning alam.

d)

Kedah ngatos-atos dhumateng bebayaning alam.

e)

Kedah tansah enget wontenipun pratandha saking alam.

10.

Supadi nir ing sangsaya. Tembung nir tegesipun menapa?

a)

Sampun

b)

Boten

c)

Inggih

d)

Badhe

e)

Saestu

11.

Yeku pangreksaning urip. Pethilan sekar menika gadhah werdi menapa?

a)

Mekaten caranipun ngrusak pagesangan.

b)

Mekaten caranipun ngertos pagesangan.

c)

Mekaten caranipun pados pagesangan.

d)

Mekaten caranipun nata pagesangan.

e)

Mekaten caranipun nyobi pagesangan.

12.

Cerkak wancahan(singkatan) saka....

a)

Cerita cekak

b)

Cerita pendek

c)

Cerita cakak

d)

Cerita sambung

13.

Ing ngisor iki sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yaiku....

a)

Sudut Pandang

b)

Tema

c)

Kehidupan sosial panulis

d)

Amanat

14.

"An, kapan kae aku krungu menawa ibumu gerah, apa bener" pitakone Rani marang Ani. Ukara kasebut menawa diowahi menyang ukara crita sing trep, yaiku ....

a)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

b)

Rani takon marang Ani ngenani babagan bener apa ora yen ibune gerah

c)

Rani takon marang Ani yen ngerti ibune gerah

d)

Rani takon marang Ani menawa ibune gerah.

15.

Ing ngisor iki sing kalebu ukara crita kang trep, yaiku ....

a)

"Tugase kae garapen!" Jarene Rina

b)

"Nyuwun pirsa, menika menapa dalemipun Pak Burhan" pitakone Sasti

c)

"Coba wedang iki tilikana!"

d)

Katno kandha yen kelase arep diresiki.

16.

Cerkak nduweni unsur intrinsik lan ekstrinsik. Nang ngisor kiye sing ora kalebu unsur ekstrinsik cerkak yakuwe....

a)

pendhidhikan panganggit

b)

sudhut pandhang

c)

kahanan politik

d)

ekonomi panganggit

e)

kapitadosan panganggit

17.

Sing kalebu topik wacan narasi (cerkak) ing ngisor iki yaiku ….

a)

Budidaya lele tambah rejeki

b)

Carane nggawe srabi

c)

Narkotika lan Miras Mbebayani

d)

Pacarku sing item manis

e)

Lelampahane Pangeran Diponegoro

18.

Rumangsa duwe utang, Kang Soma banjur ngedol wedhuse loro menyang pasar. Dheweke ngrekadaya amrih bisa mbayar utang lan mbayar SPP putrane. Miturut panjenengan, piweling saka andharan ing dhuwur yaiku ….

a)

Urip kudu digawe seneng-seneng.

b)

Urip kudu priatin, aja lali karo kewajiban

c)

Aja seneng adol-adol barang kang larang

d)

Urip kudu seneng utang, apa maneh nek butuh.

e)

Nalika urip kudu seneng nyambut gawe, supaya mukti

19.

Wacanen pethilan crita cekak nang ngisor kiye kanthi patitis !

“Saiki aja padha adu nepsu lan karep. Wis dha lerema! Aku sing bakale ngrumat bapak!”. Kabeh pada meneng nalika Saptono lagi ngomong kaya kuwe, kabeh pada krasa ayem uga wedi amarga omongane mau. Sita lan Sono banjur pada siap-siap bali maring umaeh sinambi nyepakake dhaharane bapak.

Manut pethilan cerkak nang ndhuwur, wateke paraga aku yakuwe ....

a)

gampang kesuh

b)

gawe nepsu

c)

kemaki

d)

ngalahan karo liyan

e)

bekti maring wong tuwa

20.

Manungsa kedah ubed anggenipun gesang kadosta kangge pados rejeki ingkang halal, lan ampun damel serik tiyang sanes menika pralambang saking...

a)

jarik/sinjang

b)

beskap

c)

keris

d)

kebaya

e)

canela

21.

Gambar menika dipunwastani....

a)

kopyah

b)

blangkon gaya Jogja

c)

blangkon gaya Surakarta

d)

canela gaya yogyakarta

e)

paes gaya yogyakarta

22.

Gambar menika dipunwastani...

a)

kamus

b)

lonthong

c)

timang lan lerep

d)

sabuk

e)

canela

23.

Gambar menika dipunwastani...

a)

kamus

b)

timang

c)

lonthong

d)

epek

e)

lerep

24.

Gambar menika dipunwastani...

a)

beskap gagrag Surakarta

b)

beskap gagrag Ngayogyakarta

c)

surjan gagrag Ngayogyakarta

d)

surjan gagrag Surakarta

e)

busana takwa

25.

Gambar menika dipunwastani...

a)

blangkon gagrag Ngayogyakarta

b)

blangkon gagrag Surakarta

c)

sinjang gaya Surakarta

d)

sinjang gaya Yogyakarta

e)

nyamping gaya Surakarta

26.

Gambar menika dipunwastani...

a)

surjan

b)

iket

c)

sinjang gagrag Ngayogyakarta

d)

sinjang gagrag Surakarta

e)

rasukan gaya Yogyakarta

27.

Gambar menika dipunwastani...

a)

iket

b)

sinjang gagrag Ngayogyakarta

c)

sinjang gagrag Surakarta

d)

slendhang

e)

canela gaya Yogyakarta

28.

Perangane busana Jawa kang mengku piwulang menawa sajroning nindakake tumindak dipikir dhisik aja nganti ngrugekake dhewe apa meneh wong liya, yaiku...

a)

benik

b)

panunggul/gajahan

c)

surjan

d)

timang

e)

keris

29.

Gambar iki diarani ...

a)

Lerep

b)

Samir

c)

Cenela

d)

Dhuwung

e)

Wangkingan

30.

Teks eksposisi menika minangka salah satunggaling teks ingkang mbetahaken fakta, dene fakta ing salebeting teks eksposisi saged dipunjlentrehaken mawi.....

a)

angka

b)

data

c)

tulisan

d)

laporan

e)

peta

31.

Teks menika peranganipun namung wonten tiga lan saged kangge sarana ningkataken pangertosan babagan salah satunggaling subjek, saengga pamaos saged pinaringan pangerten ingkang linuwih babagan salah satunggaling teks. Teks menika kasebut teks .......

a)

narasi

b)

eksposisi

c)

argumentasi

d)

persuasi

e)

deskripsi

32.

Tujuwane teks eksposisi yaiku...

a)

kanggo mbabar kawruh utawa ilmu, definisi, pengerten, cak-cakan sawijining kegiatan, metode, cara lan proses dumadi sawijining kekadeyan

b)

kanggo nggambarake sawijining prastawa, ilmu kang cetha

c)

kanggo nyritakake kanthi runtut salah sawijining prastawa kang kedaden

d)

kanggo njlentrehake trap-trapane prastawa kanthi 5w 1 H

e)

kanggo nyiarake sawijining prastawa kanthi nggunakake unsur pawarta

33.

Gambar gamelan iki yaiku jinis gamelan awujud...

a)

pencon

b)

wilahan

c)

tebokan

d)

kawatan

e)

pipa

34.

Gunane gamelan ing gambar iki yaiku.....

a)

kanggo ngiringi gamelan liyane

b)

kanggo nyelani gamelan liyane

c)

kanggo nuntun gendhing gamelan

d)

kanggo kaselarasan kuripan

e)

kanggo ngiseni ing wayah sirep

35.

Miturut wujude ricikan gamelan kagolong dadi maneka warna, gambar ing ngisor iki gamelan kang awujud kawatan yaiku...

a)
b)
c)
d)
e)
36.

gambar iki yaiku salah siji jinis gamelan kang awujud pencon, gamelain iki arane yaiku...

a)

a. slenthem

b)

b. kempul

c)

c. gong kemodhong

d)

d. kenong

e)

e. bonang

37.

Gambar iki ing karawitan diarani....

a)

gerong

b)

wiraswara

c)

swarawati

d)

koor

e)

pengrawit

38.

Pirangi gamelan iki arane ....

a)

Rebab

b)

Gender

c)

Suling

d)

gong

e)

saron

39.

Piranti gamelan iki arane ....

a)

Kempul

b)

Bonang

c)

Kethuk kempyang

d)

gong

e)

saron

40.

Bu, kula ……sekolah, menawi ibu ………. kantor pukul pinten?

a)

mangkat, mlampah

b)

mlampah, tindak

c)

tindak, mlampah

d)

tindak, tindak

e)

tindak, mlampah

41.

Nalika matur ing rapat Rt, kepriye anggonmu njaluk kawigaten?

a)

Kepareng nyela pangandikan dhateng para bapak-bapak sedaya.

b)

Kula suwun bapak-bapak mendel rumiyin, kula badhe matur!

c)

Kepareng nyela atur dhumateng bapak -bapak ingkang nembe wawan

pangandikan.

d)

Kula suwun panjenengan sedaya mirengaken atur kula menika.

e)

kula suwun bapak-bapak mendel, kula badhe ngendika

42.

Pratelan ing ngisor iki kang ora trep dilakoni nalika mertamu yaiku…

a)

ngaturake salam utawa kula nuwun

b)

ngomong sakepenake nganti saktutuge

c)

ndhodhok lawang paling akeh kaping telu

d)

mlebu menawa wis dimanggakake

e)

nggatekake wektu nalika mertamu

43.

1932

a)
b)
c)
d)
e)
44.
a)

sepatuku regane 175.000

b)

sepatuku regane 275.000

c)

sepatuku regane 374.000

d)

sepatuku regane 174.000

e)

sepatuku regane 375.000

45.
a)

aku lair taun 1990

b)

aku lair taun 2005

c)

aku lair taun 2003

d)

aku lair ing taun 2005

e)

aku lair ing taun 2003

46.

Apa gunane aksara rekan?

a)

kanggo nulis aksara gedhe

b)

kanggo nulis basa manca

c)

kanggo nulis jeneng panggonan

d)

kanggo nulis angka

e)

kanggo nulis gelar