wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

LAT SOAL PRA PAS BAHASA JAWA

Total questions: 20

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Cerita iki sing salah sawijine budaya daerah sing diwarisne turun temurun sing dicritakake kanggo lisan. Cerita iki kalebu cerita jaman biyen sing ngemu pitutur kanggo manungsa kang dianut masyarakat. Cerita iki jenise ….

a)

cerita peninggalan

b)

cerita rakyat

c)

pachelaton

d)

guneman

2.

Kutha malang yaiku salah sawijine kutha sing ana ing wilayah Jawa Timur. Nalika, semana, Malang iku kalebu kerajaan sing punjere ana ing wilayah Dinoyo. Ing jaman biyen ono raja sing wicaksana lan sekti mandraguna ingkang kagungan asma Dewashima. Miturut cuplikane crita ing duwur Dewashima nduweni watak ….

a)

lalian

b)

keset

c)

pinter

d)

wicaksana

3.

Crita rakyat miturut jenise cacahe ana ….

a)

loro

b)

telu

c)

lima

d)

papat

4.

Legenda yaiku crita rakyat sing ana bukti papan panggonan. Tuladhane legenda yaiku ….

a)

Crita Si Kancil

b)

Crita Timun Mas

c)

Crita Bawang Abang lan Bawang Putih

d)

Crita Sangkuriang lan Tangkuban Prau

5.

Semar nuruti Arjuna menawa dadi wong aja sombong. Ing unsur intrinsik kalebu ….

a)

paraga

b)

latar

c)

alur

d)

piweling

6.

Crita rakyat Rara Jongrang yaiku asal-usule candhi ….

a)

Borobudur

b)

Singosari

c)

Prambanan

d)

Jago

7.

Salah sawijining crita rakyat ing Jawa Timur, yaiku ….

a)

Jakatole

b)

Rara Jongrang

c)

Malin Kundang

d)

Sangkuriang lan Tangkuban Prau

8.

Urut-urutane crita diarani ….

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

watak paraga

9.

Crita rakyat “Legenda Watu Nangis” asale saka ….

a)

Jawa tengah

b)

Kalimantan

c)

Sumatera

d)

Sulawesi

10.

Crita rakyat sing dipercayai saka kedadean nyata lan paragane arupa dewa utawa setengah dewa diarani ….

a)

Legenda

b)

Dongeng

c)

Fabel

d)

Mite

11.

Tuladhane narasi sugestif kang ngracik kanthi runtut kang bisa nggugah pangangen-angene wong kang maca, kajaba ….

a)

critane bab panggonan

b)

roman

c)

dongeng

d)

novel

12.

Karangan kang nggambarake sawijining hal saengga sing maca kaya melu ngrasakake, ndeleng, utawa ngrungokake dhewe hal sing dibahas diarani ....

a)

karangan bebas

b)

karangan deskripsi

c)

karangan narasi

d)

karangan rekaan

13.

Wacenen crita ing ngisor iki!

Saiki dina minggu. Aku lan kluargaku jam 06.00 esuk budhal mlaku-mlaku menyang pasar minggu. Kira-kira jam 07.00 aku wis tekan panggone. Bapakku nyewa sepedhah pancal karo Roni. Aku lan ibuku blanja kabutuhan ing pawon. Ora krasa wis wayahe mulih. Nalika aku ndelok jam, tibake wis tumuju jam 10.00. banjur aku lan ibuku ngampiri bapak sing wis ngenteni. Aku lan kluargaku tekan omah jam 11.00

Tugelane crita ing nduwur kalebu karangan ….

a)

novel

b)

narasi

c)

dongeng

d)

deskripsi

14.

Panganan khas daerah Gresik iku pundhak. Rasane enak teksture empuk. Bungkuse wernane putih. Niyen isine wernane putih. Saiki werna-werna ana sing abang lan ijo. Pangan iki ajeh ditemokake ana ing pasar-pasar daerah Gresik.

Wacan ing dhuwur termasuk karangan ....

a)

narasi

b)

deskripsi

c)

eksposisi

d)

argumentasi

15.

Teks deskripsi sing kalimat utamane ono ing ngarep paragraf diarani teks ....

a)

deduktif

b)

induktif

c)

induksi

d)

deduktor

16.

Mbah Suto penggaweane dadi wong tani. Mbah Suto sabendinane budhal menyang sawah ing wayah esuk. Piranti sing digawa Mbah Suto salah sijine yaiku caping sing wernane coklat, arit lan pacul. Mbah Suto ndangir suket nganti kringete tumetes.

Miturut crita iku, latar waktu ditemokake ana ing tembung ....

a)

kepisan

b)

kepindo

c)

ketelu

d)

kepapat

17.

Ing ngisor iki ciri-ciri teks deskripsi kajaba ....

a)

njlenterahake objek

b)

digawe kaya kaya ngrasakake

c)

rinci lan gamblang

d)

arupa crita bab prastawa

18.

Jenising karangan narasi ana ....

a)

papat

b)

telu

c)

loro

d)

siji

19.

Nggawe karangan sing apik yaiku yen kita nulis karangan nganggo urut-urutane nulis karangan sing trep. Urut-urutane nggawe karangan sing dhisik yaiku ….

a)

netepake tujuan

b)

milih tema utawa topik

c)

ngumpulake bahan informasi

d)

ngembangake kerangka tulisan

20.

Jenising karangan ana loro yaiku karangan deskriptif lan karangan narasi. Karangan kang nyritakake prastawa utawa kedadean nyata utawa rekaan diarani ….

a)

impresionistis

b)

deskripsi

c)

khayalan

d)

narasi