NEW
Font size
WorksheetsGladhen PAS 1 Bahasa Jawa
Total questions: 20
Worksheet time: 20mins
Crita "Anoman Duta" iku njupuk saka lakon wayang...
Mahabharata
Ramayana
Bharatayuda
Rama Shinta
Dewi Shinta iku garwane Prabu Rama kang didhusta dening raja Ngalengka, asmane ...
Kumbakarna
Indrajid
Dasarata
Dasamuka
Prabu Ramawijaya sedih atine nalika Dewi Shinta ilang ing tengah alas sasuwene ditinggal mburu kidang kencana. Arane alas (hutan) kasebut yaiku....
Alas Dhandhaka
Alas Roban
Alas Malang
Alas Gedhe
Anoman dadi dutane Ramawijaya, banjur njujug menyang Taman Keputren. Ing kono Anoman bisa nemoni Dewi Shinta lan Dewi Trijatha, malah bisa ngaturake kalpikane Ramawijaya marang Dewi Shinta.
Tegese kalpika, yaiku ...
kalung
gelang
ali-ali
kondhe
Anoman iku prajurit wanara kang asale saka kraton ...
Manthili
Ayodya
Pancawati
Kendhalisada
“Sawise oleh sisik melik lan kahanan liyane, Anoman banjur bali.”
Ukara menika menawi kaewahi nganggo basa krama alus ....
Sasampunipun pikantuk sisik melik lan kawontenan sanesipun, Anoman lajeng kondur.
Sasampunipun pikantuk sisik melik kan kawontenan sasnese, Anoman lajeng wangsul.
Sasampune pikantuk sisik melik lan kawontenan sanesipun, Anoman lajeng kesah kondur.
Sasampune pikantuk sisik melik lan kawontenan sanese, Anoman lajeng wangsul
Anoman kuwi prajurit wanara kang sekti mandraguna.
Dasanamane tembung 'wanara', yaiku ...
kapi, kethek, rewanda, duta
maruta, rewanda, kapi, seta
rewanda, kapi, wre, kethek
tirta, maruta, rewanda, anoman
Kang kalebu tembang Macapat, yaiku...
Gambuh, Sinom, Kinanthi, Pangkur, Asmaradana, Dhandhanggula, Durma, Campursari
Megatruh, Kinanthi, Sinom, Pocung, Dhandhanggula, Pangkur, Asmaradana
Dhandhanggula, Pangkur, Sinom, Durma, Megatruh, Ilir-Ilir, Pocung, Kinanthi
Sinom, Maskumambang, Durma, Pangkur, Dhandhanggula, Kinanthi, Prahu Layar
Naskah Serat Wulangreh iku kaanggit dening ...
KGPAA Mangkunegara IV
KGPAA Hamengku Buwana IV
KGPAA Mangkunegara V
KGPAA Hamengku Buwana V
Serat Wulangreh pupuh Dhandhanggula iku cacahe ana ...
10 pada
17 pada
8 pada
16 pada
Pamedhare wasitaning ati
Cumanthaka aniru pujangga
Dahat mudha ing batine
Nanging kedah ginunggung
Datan wruh yen akeh ngesemi
Ameksa angrumpaka
Basa kang kalantur
Tutur kang katula-tula
Tinalaten rinuruh kalawan ririh
Mrih padhanging sasmita
guru wilangan lan guru lagu ing gatra 'gangsal', inggih menika ...
10 i
9 i
10 a
8 a
“Ameksa angrumpaka” . Tembung Angrumpaka tegesipun ..
pitutur
ngarang / nggawe
kasenengan
duwe gawe
Tutur kang katula-tula
Ukara menika nggadhahi teges ....
sandhangan kang ora becik
basa kang becik
basa kang ora becik
sikap kang becik
Pamedhare wasitaning ati.
Dasanamane 'ati', yaiku ...
nala, kalbu, wardaya, galih, manah
nata, nara, kalbu, manah, galih
netra, tirta, wardaya, nala, galih
kalbu, nala, warih, arga, giri
Ritual sedhekah Laut iku kanggo mujudake rasa syukur para misaya mina (nelayan) marang Gusti Allah SWT awit wis paring rejeki saka asiling panen iwak. Kejaba iku sedhekah laut uga minangka tradhisi masyarakat nelayan kanggo nyenyuwun marang Allah SWT supaya saben wayah panen iwak bisa oleh asil kang maremake, lan para nelayan uga bisa tansah slamet.
Ubarampe kang dibutuhake ana ing upacara Sedhekah Laut, yaiku : endhas kebo, jajan pasar, sandhangan wong wadon, wedang putih, wedang ireng, kembang setaman.
Tujuanipun nindakaken upacara adat sedhekah laut inggih menika ....
kangge nyenyuwun marang Gusti Allah SWT kang paring rejeki saka asiling panen pantun.
kangge nyenyuwun marang Gusti Allah SWT kang paring rejeki saka asiling panen iwak.
kangge nyenyuwun marang Gusti Allah SWT supados bayi enggal cepet ageng lan sehat.
kangge nyenyuwun marang Gusti Allah SWT supados bayi ingkang dipunkandhut tansah wilujeng.
Upacara adat Mitoni iku upacara adat kang wis lumaku ing Jawa, khususe ing Jawa Tengah. Upacara Mitoni dianakake nalika kandhutan calon ibu umur pitung wulan. Tujuwan upacara iki supaya jabang bayi kang dikandhut dening calon ibune bisa slamet. Uga ora menangi apa-apa lan diparing gampang laire.
Upacara adat Mitoni iku kanggo ibu kang lagi ngandhut ...
4 wulan
5 wulan
6 wulan
7 wulan
Ing ngandhap menika minangka upacara adat Cilacap Jawa Tengah ingkang tesih limrah dipuntindakaken dening para warganipun, inggih menika ....
Sedhekah laut, Ruwatan, Tedhak Siten, Tingkeban/Mitoni
Sedhekah laut, Sedhekah Bumi, Tingkeban/Mitoni, Ngupati
Sedhekah laut, Tingkeban/Mitoni, Tedhak Siten, Ruwatan
Sedhekah Laut, Ruwatan, Ngupati, Sedhekah Bumi
Upacara Siraman biasanipun dipuntindakaken wonten ing dalemipun calon penganten piyambak-piyambak.”
Ukara menika kaewahana ngangge basa ngoko alus ....
Upacara Siraman biasanipun dilakoake wonten ing omahe calon penganten dhewe-dhewe.
Upacara Siraman biasane ditindakaken wonten ing daleme calon penganten piyambak-piyambak.
Upacara Siraman biasane ditindakake ana ing daleme calon penganten dhewe-dhewe.
Upacara Siraman biasane dilakoake ana ing omahe calon penganten piyambak-piyambak.
“ Ya saru ta. Sing maringi PR Pak Nata, mosok takone marang Pak Nata dhewe. Kejaba saru, awake dhewe ya ora ngerti daleme Pak Nata.”
Dasanamanipun tembung daleme inggih menika ....
omah, griya, panti
wisma, maruta, ranu
graha, giri, ardi
wisma, panti, waluyo
Watak lan gunane tembang Dhandhanggula ...
sedhih, ngresepake. Gunane kanggo seneng-seneng
ngresepake ati, gunane kanggo pitutur
nyenengake, gunane kanggo kangen-kangenan
sembrana, gunane kanggo dolanan
