wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

QUIZIZZ BAHASA JAWA 7 BAB I-II

Total questions: 20

Worksheet time: 40mins

Name
Class
Date
1.

Lagu-lagu utawa tembang Jawa sing carane nggarap, carane ngarang, lan carane mainake sarana dimodifikasi dijumbuhake karo kemajuwane jaman diarani tembang....

a)

klasik

b)

kenangan

c)

kreasi anyar

d)

Gending langgam

2.

Tembang kreasi anyar kuwi nuruti kesenengane para pandhemen, supaya lagu-lagu Jawa bisa disenengi dening sapa wae. Ing ngisor iki seng kelebu tembang kreasi anyar yaiku....

a)

Tembang “Prau Layar” lan tembang tengahan

b)

Tembang gedhe lan lan tembang macapat

c)

Tembang macapat lan tembang “Kangen”

d)

Tembang “Kangen” lan “Sewu Kutha”

3.

Turi-turi putih, suwe ora jamu, buta galak, jamuran, ilir-ilir, swara suling. Iki kelebu tembang kreasi anyar yaiku wujude campursari tembang....

a)

Sekar gendhing

b)

Langgam

c)

Macapat

d)

Dolanan

4.

Ing tembang campursari ana instrumen kang ngirigi yaiku gabungan antarane pentatonis lan diatonis. Ing ngisor iki sing kelebu instrumen pentatonis yaiku....

a)

Gitar, biola, drum

b)

Kendang, gong, suling

c)

Suling, biola, slenthem

d)

Keyboard, bas guitar, organ

5.

Strukture tembang kreasi anyar kuwi ora ana struktur kang dadi pathokan, sifate bebas, nanging amarga wujud tembang kudu nduweni titi laras lan cakepan. Sing diarani cakepan yaiku...

a)

Syair tembang

b)

Tangga nada

c)

Notasi

d)

Swara

6.

Saliyane titi laras lan cakepan, struktur teks tembang kreasi kang awujud campursari podo kaya lagu populer liyane, yaiku ana bagean-bagean kaya ta intro, verse, chours, lan ending. Apa bedane intro lan verse ?

a)

Intro yaiku laras wiwitan kang murwakani sawijining tembang, dene verse laras kang dadi panutupe tembang

b)

Intro yaiku laras kang dadi panutupe tembang, dene verse laras kang murwakani tembang

c)

Intro iku laras kang murwakani tembang, dene verse dadi inti isine tembang

d)

Intro iku dadi panutup tembang, dene verse iku dadi intine tembang

7.

Tembang kreasi migunakake pilihan tembung kang mirunggan, runtut swara, sastra, lan basane, saengga krasa enak lan kepenak yen dirungu. Pangrakite tetembung kang kaya mankono diarani....

a)

Basa rinengga

b)

Purwakanthi

c)

Titi laras

d)

Cakepan

8.

“Aku dikongkon mas Bayu tuku kacang karo roti”. Ukara basa ngoko lugu kasebut yen diowahi dadi basa krama alus, yaiku....

a)

Kula dikengken mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti

b)

Kula dipun utus mas Bayu tumbas kacang kaliyan roti

c)

Kula dipun utus mas Bayu mundhutaken roti

d)

Kula diutus mas Bayu mundhutaken kacang

9.

Teks profil tokoh uga diarani teks biografi, teks kasebut kelebu teks....

a)

Narasi

b)

Persuasi

c)

Deskripsi

d)

Argumentasi

10.

Sing diarani tokoh idhola yaiku ....

a)

Tokoh sing kepingin disenengi wong

b)

Tokoh sing durung tau dikenal wong

c)

Sawijine tokoh sing paling digetingi

d)

Sawijine tokoh sing paling digandrung

11.

Saben-saben wong mesthi nduweni tokoh sing paling digandrungi, ing ngisor iki ciri-cirine wong sing nyenengi (ngidholakake) sawijine tokoh, kejaba ....

a)

Tata carane tumidak, patrap, solah, serta apa wae tansah ditiru

b)

Ing saben-saben kalodhangan tansah dicritakak marang wong liya

c)

Saben dina mesthi ketemu lan rembugan ing sadhengah panggonan

d)

Tokoh mau kaya-kaya dadi panutan, lan rumangsa duwe rasa tresna

12.

Bagean teks sing isine ngenalake tokoh, umume ngandharake jeneng, papan kelairan, lan keluwargane, diarani....

a)

Penutup

b)

prastawa

c)

orientasi

d)

reorientasi

13.

Apa bedane orientasi lan reorientasi kang ana ing strukture teks profil tokoh ?

a)

Orientasi ngandharake bagean umum, reorientasi ngandharake bagean penutup

b)

Orientasi ngandharake ngandharake bagean penutup, reorientasi ngandharake bagean umum

c)

Orientasi ngandharake kahanan, reorientasi ngandharake peristiwa utawa masalah sing pernah dialami tokoh

d)

Orientasi ngandharake pandangan lan pemawase penulis marang sing diceritakake, reorientasi ngandharake jenengm papan lairan, lan keluwargane tokoh sing diceritakake

14.

Jroning teks profil tokoh ana rong macem tembung, salah sijine tembung sing isih asli lan durung owah saka asale diarani tembung....

a)

Garba

b)

Lingga

c)

Camboran

d)

Andhahan

15.

Tembung sing wis owah saka asale merga oleh wuwuhan, kecambor, kerangkep, lan kawancah diarani tembung....

a)

Garba

b)

Lingga

c)

Camboran

d)

Andharan

16.

“pintune dak kunci amarga arep lunga”. Ukara ing nduwur kelebu tembung.....

a)

Seselan

b)

Panambang

c)

Ater-ater tripuswara

d)

Ater-ater anuswara

17.

Tembung “kerelip” asale saka tembung....

a)

Kelip

b)

Kelap

c)

Kemerlip

d)

Kelap-kelip

18.

“Mbak Eni nyapu latar kanthi resik”. Tembung linggane tembung "nyapu" l yaiku....

a)

Sapu

b)

Nyapu

c)

Disapu

d)

Kasapu

19.

Pak Usman ...... nalika prastawa “perobekan” gendera Landa abang putih biru engga kari abang putih ing Hotel Oranye Surabaya. Tembung sing cocok kanggo ngisi ceceg-ceceg ing nduwur yaiku....

a)

Ndelok

b)

Mirsani

c)

Nyawang

d)

Nyekseni

20.

Susi Susanti wis (bali) nyumbang medhali marang bangsa lan negara. Pandhapuke tembung jeron kurung yaiku....

a)

Mbaleni

b)

Bali-bali

c)

Dibaleni

d)

Bola-bali