BARU
Ukuran huruf
Lembar kerjaQUIZIZZ BAHASA JAWA 8 BAB I-II
Total soal: 20
Worksheet time: 10mins
Pesen utawa pawarta sing isine tawa-tawa utawa promosi sawijine barang, jasa, lan perusahaan marang para konsumen lan calon konsumen diarani....
Pawarta
Pariwara
Pambiwara
Pranatacara
Resmine iklan iku sawijine pariwara yaiku promosi barang, promosi jasa, promosi usaha, lan promosi ide. Ing ngisor iki kang kelebu iklan promosi jasa yaiku.....
Shopee
Kantor pos
Meja anyar
Sepeda rusak
Jroning teks iklan iku ana strukture kang maceme ana telu, yaiku....
Bagiyan pambuka, bagiyan isi, lan bagiyan panutup
Bagiyan utamane, bagiyan isine, lan bagiyan geganep
Bagiyan isine, bagiyan pambukane, lan bagiyan geganep
Bagiyan pambuka, bagiyan utamane, lan bagiyan panutup
Jroning unsur basane teks iklan ana ukara lamba, ukara camboran, ukara tanduk lan ukara tanggap. Sing diarani ukara lamba yaiku....
Ukara sing gagasan mung siji, dumadi saka sapola
Ukara sing gagasan lan pola ukara luwih saka siji
Ukara sing jejere ketaman (nandhang) pakaryan.
Ukara sing jejere nindakake pakaryan
Jenise iklan iku ana telu, yaiku adhdasar sipate, adhedasar tujuwane, lan adhedasar mediya sing digunakake. Ing ngisor iki sing kelebu jenis iklan adhedasar sipate yaiku.....
Iklan cethak
Iklan komersial
Iklan elektronik
Iklan wara-wara
Jroning nggawe iklan, panulisan iklan kudu becik lan bener. Adhedhasar bab-bab sing kudu ana sajroning sawijine pariwara yaiku kejaba.....
Nyiptakake pepinginan konsumen
Narik kawigatene calon konsumen
Nyiptakake produk sing jarang digawe kanggo konsumen
Nakyinake menawa produk kuwi cocog kanggone konsumen
Kegiatan dhialog antarane pewawancara utawa wong sing golek informasi lan narasumber, diarani....
Dhialog
Penelitian
Observasi
Wawancara
Joning kegiatan wawancara ana pawongan sing golek informasi lan ana wong sing dadi punjering pitakonan. apa jenenge wong sing dadi punjering pitakonan?
Tujuwan
Informasi
Narasumber
Pewawancara
Struktur teks wawancara dumadi saka carane ngandharake, isine wawancara, lan basa sing digunakake kanggo wawancara. Carane ngandharake teks wawancara yaiku....
Nggunakake tembung penggandheng kanggo nggandheng antarane tembung lan tembung, frase lan frase, ukara lan ukara.
Isine wawancara gumantung marang masalah apa sing dirembug lan ditakokake marang narasumber
Ditulis kanthi wujud teks dhialog sarana nggunakake ukara langsung, ukara andharan, lan ukara pitakon.
Basa kang digunakake lumrahe nganggo basa krama alus tumrap pitakonan marang narasumber
Jroning struktur teks wawancara ana basa kang digunakake, yaiku basa kang tansah nggatekake unggah-ungguh basa. Apa basa kang trep digunakake kanggo wawancara ?
Ngoko lugu
Krama lugu
Krama alus
Ngoko alus
Jroning teks wawancara ana ukara pitakon lan ukara andharan. Ing ngisor iki sing kelebu ukara andharan yaiku....
Kados pundi kahanipun lare-lare ingkang nyipen ngriki ?
Kahanipun lare-lare ingkang nyipen ngriki sae sanget.
Adhik mboten taun menika mboten tumut rekreasi, amargi larenipun mabukan.
Ing pasar mengko aku arep tuku keperluwane sekolah karo keperluwane masak.
Unggah-ungguh basa jroning wawancara ana kalane nggunakake krama alus lan krama lugu. Ukara ing ngisor iki sing kelebu basa krama alus yaiku....
Nuwun sewu, bab menika kula pancen dereg semerap saestu
Sesampunipun menika, aku mengko nyuwun pamit langsung wangsul
Kalawau kula kasupen mboten mbekta buku kaliyan pulpen, amargi radi kasesa
Nuwun sewu, sowan kula dateng ngriki kalawau badhe nyuwun pirsa panjenengan
Sedurunge nindakake wawancara luwih ndisik kudu nyiapake daftar pitakonan minangka pedoman nalika nindakake wawancara. Pedoman wawancara ditulis lelandesan 5W+1H, yaiku....
Apa, sapa, kapan, neng, endi, sing endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, seng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, geneya, neng endi, lan kepriye
Apa, sapa, kapan, kenapa, endi, lan ya’apa
Nyusun daftar pitakonan kudu migatakake udha-usuke basa. Udha usuke basa sing dienggo gumantung saka narasumbere sing arep diwawancarai lan isine pitakonan dicundhukake marang....
Wawancarane
Narasumbere
Pitakonane
Temane
Yen arep nindakake wawancara, kudu nyepakake kaperluan kanggo wawancara. sing kudu disiyagakake paling ndisik yaiku....
Nemtokake narasumber
Ndapuk sawetara/daftar pitakonan
Nemtokake dina lan papan kanggo wawancara
Nemtokake topik wawancara
Sakwise nindakake wawancara kudu ana laporan asil wawancara. Carane nglaporake asil wawancara kuwi ana loro, yaiku....
Ditulis kanthi wujud ukara langsung lan ukara andhahan
Ditulis kanthi nggunakake ukara cerita lan ukara pitakon
Ditulis kanthi wujud teks dhialog lan ditulis kanthi model narasi
Ditulis kanthi wujud dhialog lan dilaporake kanthi nggunakake lisan
“ Panjenengan wau dalu anggenipun tilem jam pinten, sakmenika kok sampun tangi?”. Sing kudu dibeneri saka ukara ing nduwur yaiku tembung....
Panjenegan diganti Sampeyan
Pinten diganti piro
Tilem diganti sare
Dale diganti dalu
“ Panjenengan punapa sampun adus, niki wau kula nembe siram kaliyan rayi”. Ukara sing pas kanggo ganti ukara ing nduwur yaiku....
Panjenengan punapa sampun siram, niki wau kula nembe adus kaliyan rayi
Panjenegan punapa sampun siram, niki wau kula nembe siram kaliyan rayi
Sampeyan punapa sampun siram, niki wau kula nembe adus kaliyan rayi
Sampeyan punapa wes adus, niki wau kula nembe siram kaliyan rayi
“ Kepriye carane supaya oleh biji apik ?”. Ukara andharan kang trep karo ukara pitakon ing nduwur yaiku....
Adhiku njaluk dulenan motor-motoran
Kudu ngerjakno tugas tepat wektu
Buku punika disimpen ing lemari
Kudu sregep sinau ing omah
"Kula mboten nedha amargi kula nembe kemawon nedha wonten sekolahan". Ukara iki kelebu ukara . . . .
Lamba
Pitakon
Andharan
Camboran
