wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Review PAS Bahasa Jawa

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Jinise geguritan iku kaperang dadi loro, yaiku ....

a)

lawas lan anyar

b)

fisik lan batin

c)

modern lan batin

d)

lawas lan fisik

2.

Geguritan gagrag anyar uga diarani geguritan ....

a)

lawas

b)

mentes

c)

tradisional

d)

bebas

3.

Guruku...

Kula nyuwun dunga lan pangestu

Mugi-mugi sedaya ilmu

Saged dados sangu

Kanggo nggayuh gegayuhanku


Geguritan ing ndhuwur nduweni tema...

a)

Sekolahku

b)

Guruku

c)

Sinau

d)

Gegayuhanku

4.

Guneman/omong-omongan antarane wong siji lan sijine diarani ...

a)

Rasan-rasan

b)

Geguritan

c)

Pacelathon

d)

Pidato

5.

Bab kang kudu digatekake nalika nindakake pacelathon karo wong liya yaiku ….

a)

nggunakake unggah-ungguh kang trep

b)

nganggo basa sing kasar

c)

ngomonge kudu banter

d)

ngomong sakkepenake dhewe

6.

Ibu : Srengenge wes mlethek, lampu kamarmu yen arep budhal sekolah aja lali dipateni.

Arka : Inggih Bu, kulo mboten ngantos kesupen. Matur nuwun.


Sing nindakake pacelathon ing ndhuwur yaiku ...

a)

Ibu lan Bapak

b)

Arka lan Bapak

c)

Ibu lan Arka

d)

Arka lan Rama

7.

Simbah dhahar randha royal saben sonten.

Randha royal iku jinise panganan saka ....

a)

tempe

b)

tahu

c)

gedhang

d)

tape

8.

Pakdhe Hasan bar lara, awake kari lunglit.

Lunglit cekakan saka tembung....

a)

balung kecetit

b)

balung lan kulit

c)

kulit lan awak

d)

lara suwe

9.

Nayla nggawa saputangan nalika ujian.

Saputangan iku tegese....

a)

sapune ana ing tangan

b)

kacu sing gunane kanggo ngelap tangan

c)

sapune bisa mlaku-mlaku

d)

Tangane kaya sapu

10.

Pak Bakir njupuki lan milihi sampah miturut jinise ing ngarep omah.

Pak Bakir iku klebu wong sing ....

a)

Peduli marang kelestarian lingkungan.

b)

Ora duwe pegawean sing tetep.

c)

Wong sing males

d)

Senengane dolanan

11.

Salah siji tumindak sing klebu hemat energi yaiku ....

a)

Murid kelas papat sadurunge mlebu, kelase disapu dhisik.

b)

Budhal lan mulih sekolah Lina dipapag mobil.

c)

Beni mateni lampu lan kipas angin sadurunge ninggalake kelas.

d)

Yen wis wayahe mulih saka sekolah kelase kudu dibuka.

12.

Crita rakyat utawa dongeng sing nyritakake asal-usul yaiku....

a)

Mite

b)

Sage

c)

Fabel

d)

Legenda

13.

Crita rakyat ngisor iki sing klebu jinise Fabel yaiku....

a)

Asal Usul Banyuwangi

b)

Damarwulan

c)

Kancil karo Baya

d)

Nyai Roro Kidul

14.

Jarene Udin kowe lara pilek dhek wingi.

Ukara ing dhuwur nggawe basa....

a)

Ngoko Lugu

b)

Ngoko Alus

c)

Krama Lugu

d)

Krama Alus

15.

Embah turu, aku adus.

Yen dikramakake sing bener manut unggah-ungguh yaiku....

a)

Eyang sare, kula siram.

b)

Eyang sare, kula adus.

c)

Eyang tilem, kula siram.

d)

Eyang tilem, kula adus.