wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

SOAL PRA PAS GANJIL BAHASA JAWA 8

Total questions: 40

Worksheet time: 10hrs 0mins

Name
Class
Date
1.

Legenda yaiku crita rakyat sing ana bukti papan panggonan. Tuladhane legenda yaiku ….

a)

Crita Si Kancil

b)

Crita Timun Mas

c)

Crita Bawang Abang lan Bawang Putih

d)

Crita Sangkuriang lan Tangkuban Prau

2.

Urut-urutane crita diarani ….

a)

tema

b)

alur

c)

latar

d)

watak paraga

3.

Perangan struktur teks crita cerkak sing isine nelakake urut-urutane crita, diarani ..

a)

Tema

b)

Alur/plot

c)

Paraga /pamaragan

d)

Latar/setting

4.

Carita kang nyaritake asal-usul dumadine papan panggonan diarani....

a)

Fabel

b)

Legendha

c)

Mite

d)

Sage

5.

Gatekna pethikan cerita Legendha ing ngisor iki!


Legendha Desa Lahar

Jeneng desa Lahar kawiwitan saka jebluge Gunung Muria. Awit gedhene daya jebluge lahar, kurang luwih ping 500 saka daya ledhake bom atom Sekutuku ing kutha Hirosima. Mula iku nyebabake yutan meter kubik magma cair kecampur pasir mabur adoh ing angkasa.

..................................................


Irah-irahan saka carita Legendha ing dhuwur yaiku....

a)

Legendha Gunung Muria

b)

Legendha Desa Lahar

c)

Legendha bom Hirosima

d)

Legendha ledakan bom Sekutu

6.

Sekar Gambuh ping catur,

Kang cinatur polah kang kalantur,

Tanpa tutur katula-tula katali,

Kadaluarsa katutuh,

Kapatuh pan dadi awon.


Guru wilangan lang guru lagune tembang Gambuh gatra kaping telu yaiku…

a)

10i

b)

10a

c)

12a

d)

12i

7.

Aja nganti kebanjur

Barang polah ingkang nora jujur

Yen kebanjur sayekti konjur tan becik

becik ngupayaa iku

Pitutur ingkang sayektos


Tembang Gambuh ing dhuwur gatrane ana....

a)

wolu

b)

gangsal

c)

enem

d)

sekawan

8.

Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”

Bambang : “Uwis, undhangan kerja bakti ta?”

Agus : “Iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan saka mantenan kancaku.”

Bambang : “Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesok teka dhisik ning papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan.”


Manut isining pacelathon. Agus lan Bambang ngrembug bab….

a)

kerja bakti

b)

kondangan

c)

ngaturi undhangan

d)

sowan pak RT

9.

Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”

Bambang : “Uwis, undhangan kerja bakti ta?”

Agus : “Iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan saka mantenan kancaku.”

Bambang : “Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesok teka dhisik ning papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan.”


Panganggone ukara pitakon ing pacelathon dhuwur tinemu ing….

a)

Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?

b)

Iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan saka mantenan kancaku.

c)

Ya ora papa, kowe becike matur pak RT.

d)

Esuk teka dhisik ing papan kerja bakti.

10.

Agus : “Bang, wis oleh undhangan saka pak RT durung?”

Bambang : “Uwis, undhangan kerja bakti ta?”

Agus : “Iya bener, nanging dina iku aku ngepasi oleh undhangan saka mantenan kancaku.”

Bambang : “Ya ora papa, kowe becike matur pak RT, utawa sesok teka dhisik ning papan kerja bakti, lagi awane mangkat mantenan.”


Miturutmu, apa hubungane Bambang lan Agus?

a)

Warga – pak RT

b)

Bapak – anak

c)

Warga – manten

d)

warga – warga

11.

Ing ngisor iki kang kalebu tuladhane cerita legendha yaiku.…

a)

Dumadine desa Cluwak

b)

Joko Tingkir

c)

Nyi Rorokidul

d)

Timun Mas

12.

"Kadaluwarsa katutuh"


Ukara kasebut yen ditulis nganggo Aksara Jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)
13.

Sore mau aku bali sekolah, bapak lagi nonton tv. Yen diowahi basa krama dadi ....

a)

Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg mirsani tv

b)

Sonten wau kula kondur sekolah, bapak saweg mirsani tv

c)

Sonten wau kula wangsul sekolah, bapak saweg ningali tv

d)

Sonten wau kula kesah sekolah, bapak saweg mirsani tv

14.

Gatekna pethikan carita Legendha ing ngisor iki!


Asal-Usul Desa Sirahan-Cluwak-Pati

Desa Sirahan manggon ing tlatah Wates Kabupaten Pati-Jepara. Desa Sirahan kawentar dadi pusat pendhidikan Agama. Kacarita nalika samana Kadipaten Pati ngutus Ki Jiwonolo, punggawa Kadipaten Pati kanggo mbukak alas ing tlatah Tayu sisih kulon.

.......................................................


Tembung "kawentar" tegese....

a)

Punggawa

b)

Dikepung

c)

Terkenal

d)

Dijenengi

15.

Serat wulangreh kaanggit dening...

a)

Pakubuwana IV

b)

Raden Mas Suwandi

c)

Kraton Surakarta

d)

Sri Sultan Hamengkubuwana X

16.

Cacahe tembang gambuh ing serat wulangreh yaiku...pada.

a)

16 pada

b)

17 pada

c)

18 pada

d)

19 pada

17.

"Sekar gambuh ping catur. Kang cinatur polah kang kalantur."

Tembung Sekar saka pethilan tembang Gambuh kasebut tegese....

a)

kumbang

b)

nembang

c)

tembang

d)

kembang

18.

Guru wilangan lan guru lagu saka tembang kasebut yaiku

a)

7u, 8i, 8u, 8i, 8o

b)

6u, 8i, 10u, 6u, 8o

c)

7u, 10u, 12i, 8u, 8o

d)

12u, 8u, 10i, 8u, 80

19.

Guru gatra yaiku .....

a)

Tibane swara ing pungkasane gatra

b)

Cacahe gatra saben sapada

c)

Cacahe wanda saben sagatra

d)

Tibane swara saben sawanda

20.

Tembang Gambuh punika gatranipun wonten....

a)

wolu

b)

enem

c)

gangsal

d)

sekawan

21.

Guru lagu lan guru wilangan tembang gambuh ingkang leres inggih punika....

a)

7u, 10u,7i,8u,8o

b)

7u,12u,10i,6u,8o

c)

6u,8u,10i,7u,8o

d)

6u,7u,12i, 8u,8o

22.

Isinipun tembang Gambuh kasebat....

a)

Goroh punika tumindak ingkang sae

b)

Ampun nyedhaki tiyang ingkang culika

c)

Ampun kulina tumindak boten jujur

d)

Ngupadi kabecikan punika boten sae

23.

Tembung sudra papeki ing gatra tiga nggadhahi teges....

a)

wong becik

b)

wong pinter

c)

wong jujur

d)

wong mlarat

24.

Isinipun tembang gambuh punika, pitutur becik kedah ditiru najan metu saking tiyang....

a)

wong pinter

b)

wong apik

c)

wong mlarat

d)

wong ala

25.

Paugerane tembang macapat, kajaba

a)

guru gatra

b)

guru wilangan

c)

guru lagu

d)

guru vokal

26.

5. Kadalu warsa kapatuh. Ukara ingkang kacetak kandhel menika, anggadhahi teges punapa….

a)

wis kadung dadi kabiyasan

b)

tembang gambuh sing ke papat

c)

kabiyasan saged ndadosaken lelara

d)

tanpa pitutur kabajut lelara

27.

Cacahing gatra saben sapada diarani....

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Pupuh

28.

Tibaning swara ing pungkasaning gatra diarani....

a)

Guru gatra

b)

Guru lagu

c)

Guru wilangan

d)

Pupuh

29.

Kopyah putih, yen ditulis nganggo aksara Jawa yaiku

a)
b)
c)
d)
30.

"Kadaluwarsa katutuh"


Ukara kasebut yen ditulis nganggo Aksara Jawa yaiku....

a)
b)
c)
d)
31.

Tembung "kebanjur" menawa katulis mawa aksara Jawa yaiku ....

a)
b)
c)
d)
32.

Iklan / reklame kudu digawe sing apik lan menarik, supaya ...

a)

Enak didelok

b)

minangka hiasan

c)

supaya gambare apik

d)

Supaya wong sing weruh ketarik banjur tuku barang sing ditawakake

33.

iklan pariwara dibawah ini yang termasuk pariwara pendidikan adalah.....

a)
b)
c)
d)
e)
34.

Gambar Pariwara kasebut ing samping iku ditujukake kanggo

a)

masyarakat umum

b)

para siswa sekolah SD

c)

para guru SMA

d)

para petani

35.

Pariwara kang kasebut ing samping iki digiyarake lumantar....

a)

Televisi

b)

Baliho

c)

Koran

d)

Majalah

36.

Unggah-ungguh nalika nelpon kaya ing ngisor iki, kejaba ....

a)

ngomong ngalor ngidul

b)

ngucapake salam

c)

nyebutake jeneng

d)

ngaturake panuwun

37.

Saka pariwara ing ndhuwur, bisa dimangerteni yen lampu osram....

a)

padhang lan awet

b)

padhang lan irit

c)

padhang lan murah

d)

padhang lan apik

38.

Aksara jawa ing ndhuwur iki diwaca ....

a)

pitutur bener iku

b)

pitutur kang bener

c)

pitutur bener yaiku

d)

pitutur sing bener

39.

Kewan kang mamerake mandine kalamun nyokot yaiku kewan ....

a)

ula

b)

gajah

c)

kidang

d)

kancil

40.

Pitutur utawa pesen pangripta kang arep diaturake marang pamaos diarani ....

a)

amanat

b)

tema

c)

alur

d)

paraga