NEW
Font size
WorksheetsPAS 1 Basa Jawa Kelas 6
Total questions: 25
Worksheet time: 2hrs 5mins
Ing ngisor iki titikane sesanti utawa slogan sing bener yaiku ukarane ….
ngajak-ngajak
mamerake
nyenengake
ngujuk-ngujuki
Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku ukurane ….
ngajak-ngajak
mamerake
nyenengake
ngujuk-ujuki
Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pariwara / iklan yaiku ….
ngunduh wohing pakarti
gunakna banyu sacukupe
lemah longsor mendem ewonan omah
ayo njaga lestarine alam
Panguripan ing ngendi bae mbutuhake oksigen.
Ukara ing dhuwur yen diowahi nganggo basa krama sing bener ….
Pagesangan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen.
Panguripan ing pundi mawon mbetahaken oksigen.
Pagesangan ing pundi kemawon betah oksigen.
Panguripan wonten pundi kemawon mbetahaken oksigen.
Unine swara saben pungkasaning gatra tembang macapat, diarani guru ….
lagu
wilangan
swara
gatra
Dene cacahe wanda saben gatra diarani guru ….
lagu
wilangan
swara
gatra
Sing ora kalebu pitutur kang ana sajroning tembang, yaiku ….
bocah-bocah kudu sregep sekolah.
kudu tansah mirengake prentahe guru.
wiwit cilik sregep golek ilmu.
aja gelem ngudi kawruh agama
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutukira pan pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntutira.
Tembang ing dhuwur jenenge tembang ….
gambuh
pucung
sinom
mijil
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutukira pan pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntutira.
Guru wilangan lan guru lagune gatra katelu ing tembang dhuwur yaiku ….
7i
8i
9i
10i
Bapak pucung, saben dina tansah bingung,
Badanira panjang,
Tutukira pan pesagi,
Saben dina pucung nguntal buntutira.
Tembang ing dhuwur satemene cangkriman, batangane ….
tali
kalung
sabuk
ula
Nut jaman kapungkur tetep nyawiji”, ukara iki mujudake sasmitane tembang ….
pucung
pangkur
sinom
gambuh
Unen-unen jawa, tegese tetembungan ….
tartamtu sajrone ukara, kang ora nduweni titikan tartamtu
tartamtu sajrone ukara, kang nduweni titikan lan piguna tartamtu
tartamtu kang endah
sajerone ukara, kang kasusun miturut adat
Unen-unen sajrone basa lan kasusastran Jawa cacahe ana ….
loro
telu
papat
lima
Sing kalebu unen-unen jawa, yaiku ….
bebasan, paribasan, saloka
bebasan, saloka, pepindhan
saloka, paribasan, pepindhan
saloka, baradha, pepindhan
Sing padha antarane paribasan, bebasan, lan saloka yaiku ….
tetembungane tetep, cacahe ganep
tetembungane tetep, isine owah
tetembungane tetep, ora owah
tetembungane tetep, ganep, bisa owah
Sing mbedakake antarane paribasan kalawan bebasan lan saloka ….
tembunge lumrah, dene bebasan lan saloka tembunge entar.
tembunge lumrah, bebasan lan saloka tembunge endah.
tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lugu
tembunge ora lumrah, bebasan lan saloka tembunge lumrah
Museum Radya Pustaka dumunung ana ing ….
Jogyakarta
Surakarta
Kartasura
Semarang
Tegese paribasan nututi layangan pedhot nindakake pakaryan kang ….
angel kelakone
gampang kelakone
angel oleh-olehane
gampang oleh-olehane
Tegese bebasan kebo kabotan sungu wong kang kesrakat uripe merga ….
dhemen apus-apus
dhemen mangan turu
kakehan anake
kakehan pakaryane
Tegese saloka jer basuki mawa beya yaiku amrih bisa ….
mulya, butuh pangurbanan
sugih, butuh utangan
pinter, butuh sekolah dhuwur
seneng, butuh mangan enak
Negriku indonesia,
Nut jaman kepungkur tetep nyawiji,
Nunggal ingkang den ginayuh,
Karaharjaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandang lawan pangan,
Karukunan kang jinagi.
Tembang ing dhuwur kalebu tembang ….
durma
gambuh
pangkur
pucung
Negriku indonesia,
Nut jaman kepungkur tetep nyawiji,
Nunggal ingkang den ginayuh,
Karaharjaning bangsa,
Loh jinawi subur kang sarwa tinandur,
Murah sandang lawan pangan,
Karukunan kang jinagi.
Cacahe guru gatrane tembang ing dhuwur ….
7
8
9
10
Unen – unen kang ngemu teges wantah diarani ….
paribasan
saloka
sanepa
bebasan
Ing ngisor iki tuladha paribasan ….
bathok bolu isi madu
rawe-rawe rantas malang-malang putung
cebol nggayuh lintang
nabok nyilih tangan
Njagakake endhoge si blorok. Unen-unen kasebut tegese ….
wong kang pagaweyane ngingu pitik
saben dina mangan lawuhan endhog
ngarep-arep barang sing durung mesthi
wong pinter kang muspra nanging ora dianggo
