Wayground logo

Free Printable Worksheets

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Soal Latihan PAS Bahasa Jawa

Total questions: 40

Worksheet time: 20mins

Name
Class
Date
1.

Puisi Jawa gagrak anyar iku diarani ....

a)

parikan

b)

wangsalan

c)

cangkriman

d)

geguritan

2.

Saben pada geguritan nduweni ....

a)

tema

b)

gagasan

c)

gagasan pokok

d)

gagasan penjelas

3.

Wacan ing ngisor iki kanggo mangsuli pitakonan nomer 3-7!


Pak Tani


Pancen luhur bebudenmu

Urip prasaja ora kesusu

Ana ing desa kang asri

Urip rukun dadi petani


Tanduran digulawenthah ngati-ati

Gotong royong iku wis mesthi

Asile dienteni wong sanagari

Ora lali syukur rina wengi


Bu tani uga polah

Nyiapake dhaharan ana ing omah

Banjur digawa menyang sawah

Dhahar ing galengan kanthi bungah


Geguritan "Pak Tani" kang ana ing wacan nduwur nduweni tema yaiku ....

a)

gotong royong

b)

budi pakerti

c)

urip santosa

d)

urip rukun

4.

Geguritan ing nduwur dumadi saka ... pada/ bait.

a)

2

b)

3

c)

4

d)

5

5.

"Dhahar ing galengan kanthi bungah." Tembung bungah tegese ....

a)

sedhih

b)

lungguh

c)

ati-ati

d)

seneng

6.

Sawise nyiapake dhaharan ing omah, banjur ....

a)

digawa menyang galengan

b)

digawa menyang sawah

c)

digulawenthah sing ngati-ati

d)

dienteni wong sanagari

7.

Sing ngenteni tandurane petani yaiku ....

a)

bu tani

b)

wong sanagari

c)

pak tani

d)

wong menyang omah

8.

Budi ditakoni kancane, "Dina Minggu wingi menyang endi?" Wangsulane kang trep yaiku ....

a)

Kula dhateng dalemipun pakdhe

b)

Aku tindak nggone pakdhe

c)

Kula tindak dalempiun pakdhe

d)

Aku menyang nggone pakdhe

9.

Ica didangu Pak Guru, "Dhek Minggu wingi menyang endi?" Wangsulane Ica kang trep yaiku ....

a)

Kula dhateng Balekambang

b)

Kula tindak Balekambang

c)

Aku tindak Balekambang

d)

Aku meyang Balekambang

10.

Jeneng liyane pacelathon yaiku ....

a)

sesorah

b)

dhialog

c)

wara-wara

d)

pawarta

11.

Pacelathon iku paling sithik ditindakake dening ... wong.

a)

siji

b)

loro

c)

telu

d)

papat

12.

Ciri-cirine teks pirembugan yaiku ....

a)

Nggunaake basa kang endah

b)

Tetembungane angel dingerteni

c)

Ukara sing digunaake kudu dawa

d)

Ukarane awujud pacelathon (dhialog)

13.

Crita rakyat iku disebarake kanthi ....

a)

lesan

b)

tulis

c)

tulisan

d)

seratan

14.

Ing ngisor kalebu crita rakyat, kajaba ....

a)

legendha

b)

sesorah

c)

mitos

d)

fabel

15.

Ing ngisor iki kalebu crita legendha yaiku ....

a)

Jaka Kendhil

b)

Dumadine Kutha Banyuwangi

c)

Nyi Roro Kidul

d)

Kancil lan Macan

16.

Ide baku utawa gagasan baku jroning crita diarani ....

a)

seting

b)

alur

c)

paraga

d)

tema

17.

Sing diarani alur yaiku ....

a)

urut-urutane prastawa sajrone crita

b)

ide pokok kang dai dhasar crita

c)

papan, wektu kan kahanan crita

d)

pawongan sajrone crita

18.

Karangan kang nggambarake objek kanthi tujuwan supaya wong kang maca ngrasa kaya nyawang dhewe objek kang digambarake diarani karangan ....

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

argumentasi

d)

persuasi

19.

Jinise karangan sing kena kanggo mangsuli nem pitakonan: apa, ing ngendi, sapa, kapan, kepriye lan geneya diarani karangan ....

a)

narasi

b)

dheskripsi

c)

argumentasi

d)

persuasi

20.

Ciri-cirine karangan narasi yaiku ....

a)

Bisa dirasaake nggunaake panca indra

b)

Ana unsure paraga, alur lan seting

c)

Wong sing maca kaya-kaya ngalami dhewe

d)

Bisa kanggo nggambarake samubarange

21.

Ciri-cirine karangan dheskripsi yaiku ....

a)

Nduweni konflik/ pasulayan sajrone crita

b)

Adhedasar urutan wektu kang runtut

c)

Njlentrehake ciri-ciri objek sacara rinci

d)

Urutane crita cetha lan jelas

22.

Rukun agawe santosa, crah agawe ....

a)

merdeka

b)

bungah

c)

bubrah

d)

crita

23.

Becik ketitik ala ....

a)

rasakna

b)

katon

c)

sawetara

d)

ketara

24.

Kapan sampeyan teka kene?

Ukara ing dhuwur kalebu ukara ....

a)

pitakon

b)

pakon

c)

tanduk

d)

tanggap

25.

Jupuken bukune ibuk ana meja kana kae cah ayu!

Ukara ing dhuwur kalebu ukara ....

a)

pakon

b)

pitakon

c)

tanduk

d)

tanggap

26.

Semar, Gareng, Petruk lan Bagong iku diarani ....

a)

Limbukan

b)

Cangikan

c)

Pandhawa

d)

Punakawan

27.

Ing ngisor iki sing kalebu Pandhawa yaiku ....

a)

Kresna

b)

Karna

c)

Puntadewa

d)

Laksmana

28.

Krisna : "Budhe badhe ... pundi?"

Budhe : "Kate nang pasar le."

Ukara kang trep kanggo njangkepi pacelathon ing dhuwur yaiku ....

a)

lunga

b)

tindak

c)

kesah

d)

wangsul

29.

Bapak lagi mangan ing pawon. Tembung mangan kudune ....

a)

nedha

b)

methong

c)

dhahar

d)

madhang

30.

Unen-unen "ngundhuh wohing pakarti" tegese ....

a)

wong sing ora bisa ngajeni marang wong liya

b)

wong sing senengane aweh pitulungan marang liyane

c)

wong kang tumindake tansah njagaake wong liya

d)

wong sing nampa piwales saka tumindake dhewe

31.

Bocah-bocah kudu gelem sinau aksara Jawa, ancas tujuane yaiku kanggo ....

a)

nguri-uri budaya Jawa

b)

nglaleake budaya Jawa

c)

mamerake budaya Jawa

d)

pangiling-iling budaya Jawa

32.

Warga kampung padha sarujuk ngedegna poskamling.

Tembung sarujuk padha tegese karo ....

a)

gelem

b)

manut

c)

melu

d)

setuju

33.

Tata krama jroning pirembugan sing becik yaiku ....

a)

rembugan mung karo wong cedhek wae

b)

saora-orane bisa gawe lara atine wong liya

c)

gunaake tetembungan sing becik lan sopan

d)

nalika rembugan ora perlu nganggo basa

34.

Pawongan kang ngajak guneman ing pacelathon diarani ....

a)

panutur

b)

mitra tutur

c)

pamedhar sabda

d)

panonton

35.

Larik ing geguritan uga diarani ....

a)

wanda

b)

padha

c)

gatra

d)

suara

36.

Crita rakyat iku anonim, tegese ....

a)

isine bab ala lan becik

b)

sing duweni sakabehing masyarakat

c)

dimangerteni sapa sing ngarang crita

d)

ora dimangerteni sapa sing ngarang crita

37.

Ngirit energi iku kuwajibane ....

a)

siswa

b)

guru

c)

wong tuwa

d)

kabeh wong

38.

Wong kang pagaweyane nembang ing pagelaran wayang diarani ....

a)

dhalang

b)

sindhen

c)

niyaga

d)

sinoman

39.

Bayu cita-citane dadi pilot. Pilot yaiku wong kang pagaweyane nglakoake ....

a)

kapal laut

b)

sepur

c)

pesawat

d)

taksi

40.

Wong kang pagaweyane gawe barang saka wesi diarani ....

a)

pandhe

b)

montir

c)

mandhor

d)

kusir