wayground logo

Free Printable Worksheets

NEW

Font size

S
M
L
XL
Worksheets

Pengayaan Bahasa Jawa Kelas 4

Total questions: 15

Worksheet time: 8mins

Name
Class
Date
1.

Kang dimaksud Alur ing karangan cerita yaiku… .

a)

urutan kedadean ing cerita

b)

hikmah ing jerone cerita

c)

urutan omongane ing pidato

d)

urutan anggone maca ing puisi

2.

pokok kang dadi dadar ing jeroning cerita diarani ... .

a)

tokoh

b)

alur

c)

tema

d)

latar

3.

Sakabehe ukara ing teks pacelathon iku nggunakake ....

a)

Ukara kandha (kalimat langsung)

b)

Ukara crita (kalimat ora langsung)

c)

Ukara pakon (kalimat perintah)

d)

Ukara panjaluk (kalimat permohonan)

4.

Kowe yen dikongkon bapak kudu manut, supaya bapak ora nesu. Tembung ing dhuwur krama inggile yaiku….

a)

dipunkengken, muring

b)

dikengken, duka

c)

dipunutus, duka

d)

dipunutus, muring

5.

Cerita rakyat Roro kuning lan Asal usul danau toba, kalebu jenis cerita ... .

a)

Fabel

b)

Mite

c)

Hikayat

d)

Legenda

6.

Tuladha tembung sing nganggo swara (a) jejeg yaiku ... .

a)

Dadi

b)

Palupi

c)

Dumadi

d)

Widada

7.

Budhe : “Rih, ibumu ana neng ndalem?”

Farih : “Ora Budhe, ibu lunga maring apotek tuku obat kanggo Bapak"

Ature Farih sing bener yaiku....

a)

Mboten Budhe, ibu bidhal dhateng apotek tumbas obat kangge bapak.

b)

Mboten Budhe, ibu pangkat dhateng apotek tumbas obat kagem bapak.

c)

Mboten Budhe, ibu tindak dhateng apotek mundhut obat kagem bapak

d)

Mboten Budhe, ibu kesah dhateng apotek mundhut obat kangge bapak.

8.

Jroning nulis geguritan, kudu nggatekake dhiksi. Dhiksi yaiku....

a)

pengangen - angen

b)

gaya bahasa

c)

ekspresi

d)

pamilihing tembung

9.

Wacanen saperangan gegeuritane Aming Aminoedhin “Ngeyel Jengkel Apa Mlaku Becik” ing ngisor iki!

ngenam rasa jengkel

malah dadi klasa mangkel

ati malah kaya diudheg-udheg

dadine rasa ati malah dhedhel-dhuel


ngenam wae klasa apik

sabisa-bisa mlakuwa sing becik

amarga Gusti mesthi paring

dalan padhang, marang

wong kang pikir lan atine resik

.............................................

Adhedhasar geguritan kasebut, rasa apa kang tuwuh sajrone penggalihmu?

a)

jengkel nindakake kabecikan

b)

gumregah nindakake kabecikan

c)

ora trima nindakake kabecikan

d)

gampang nindakake kabecikan

10.

Struktur geguritan ing ngisor iki sing ora kalebu struktur batin geguritan yaiku .....

a)

Tema

b)

Rasa

c)

Tembung pinileh/Diksi

d)

Amanat

11.

“Simbah taksih gerah padharanipun.”

tembung padharan ngokone yaiku ...

a)

Sikil

b)

Sirah

c)

Weteng

d)

Untu

12.

Bapak lunga menyang Jakarta dina Minggu.

yen diowahi dadi krama alus benere yaiku ... .

a)

Bapak tindak dhateng Jakarta dina Minggu.

b)

Bapak tindak menyang Jakarta dina Minggu.

c)

Bapak kesah dhateng Jakarta dinten Minggu.

d)

Bapak tindak dhateng Jakarta dinten Minggu.

13.

Pawacan kang menehi samubarang marang maca nganti sing maca kaya ngrasakake,nyawang, ngrungokaken lan ngalami dewe

a)

Narasi

b)

Deskripsi

c)

Persuasi

d)

Pariwara

14.

Ngopeni Banyu Sumber Panguripan


Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip ora bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhaek banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit-witan sing nandon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kena polusi amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah omahan uga limbah pabrik.


Banyu kali kang kebak uwuh lan limbah mili menyang segara, mulane segara dadi reged. Supaya ora kekurangan banyu resik, ayo padha ngopeni sumber banyu kanthi nandur wit-witan ana ing sakiwa tengene sumber!. Aja mbuwang uwuh lan limbah menyang kali! Mula saiki ayo bebarengan gumregah, ngopeni banyu minangka sumber panguripan.


Teks wacan ing dhuwur klebu jenis wacan ... .

a)

Deskripsi

b)

Narasi

c)

Persuasi

d)

Eksposisi

15.

Teks crita iku duwe unsur intrinsik kejaba...

a)

Tema

b)

Paraga

c)

Amanat

d)

Judul