NEW
Font size
WorksheetsPAS GANJIL B.JAWA
Total questions: 20
Worksheet time: 2hrs 38mins
Teks kangngandharake samubarang apa anane, bisa lelakon, barang, lan bisa apa baesing dadi lesan (sesuatu, keadaan, tempat, barang, orang) diarani teks ….
argumentasi
persuasi
pawarta
pengalaman pribadi
Ukara “Sapa nandur bakal ngundhuh” kalebu jenise ….
sesanti
persuasi
dheskripsi
pawarta
Ing ngisor iki ukara sing klebu jinise pawarta yaiku .…
Ngundhuh wohing pakarti.
Gunakna banyu sacukupe!
Lemah longsor mendhem ewonan omah.
Ayo njaga lestarine alam.
Mijil, Sinom lan Pangkur kalebu tembang ….
Macapat
Maskumambang
Gambuh
Kinanti
Titikane tembang macapat kuwi manggon ana ing kasebut ing ngisor iki, kajaba ….
gatra
sasmita
wilangan
lagu
Cacahe wanda (suku kata) saben sagatra ing tembang macapat diarani ….
guru sastra
guru gatra
guru lagu
guru wilangan
Tibaning swara (vokal) ing saben pungkasane gatra ing tembang macapat diarani ….
guru gatra
guru wilangan
guru lagu
guru sastra
Watake tembang Sinom yaiku ....
gandrung
prihatos
sereng
wantah
Sing ora kalebu pitutur kang ana sajeroning tembang, yaiku….
Bocah-bocah kudu sregep sekolah
Kudu tansah mirengake prentahe guru
Aja gelem ngudi kawruh agama
Wiwit cilik sregep golek ilmu
Tetembungan kanthi teges kang mligi (khusus) diarani ….
Paribasan
Unen-unen
Bebasan
Saloka
Sing ora kalebu Unen-unen yaiku ….
Paribasan
Bebasan
Geguritan
Saloka
Lir-ilir
Lir-ilir, lir ilir, tandure wis sumilir,
tak ijo royo-royo,
tak sengguh temanten anyar
Tembung tak sengguh tegese yaiku ….
tak kira
tak unduh
tenanan
kaya manten
“Kacang mangsa ninggala lanjaran”, kalebu tuladhane ….
Saloka
Bebasan
Geguritan
Paribasan
Kakehan omong nanging ora ana bukti nyatane iku teges saka paribasan …
Kakean swara kurang banyu.
Kakehan gludhug kurang udan
Kacang mangsa ninggala lanjaran.
Becik ketitik ala ketara
Ngalami kapitunan sawetara nalika dedagangan, nanging nenambah paseduluran, teges saka paribasan …
Tuna satak bathi sanak
Mburu uceng kelangan dheleg
Kacang mangsa ninggala lanjaran.
Becik ketitik ala ketara.
Yen tegese paribasan sesambungan karo watak, kahanan, utawa tumindake manungsa, diarani ….
Saloka
Bebasan
Geguritan
Paribasan
Bisa njunjung drajate wong tuwa, teges saka bebasan …
Ing ngarsa asung tuladha
Becik ketitik, ala ketara
Mikul dhuwur mendhem jero.
Lambe satumang kari samerang.
Mubra-mubru mblabur madu, tegese yaiku …
Wong sing sarwa kecukupan uripe.
Dituturi bola-bali meksa ora digugu.
Sipate pemimpin bisa.
Dadi tuladha andhahane.
Ing ngisor iki titikane pariwara/iklan sing bener yaiku…
ukarane ngajak-ajak
ukarane mamerake
ukarane nyenengake
ukarane ngujuk-ujuki
Ngopeni Banyu, Sumber Panguripan
Banyu mujudake sumber panguripan. Makhluk sing urip, ora bakal bisa urip tanpa banyu. Banyu sing dibutuhake, banyu sing resik. Banyu kang bebas polusi. Nyatane ing jaman saiki angel banget golek banyu sing resik bebas polusi. Tuk banyu lan kali wis akeh sing asat amarga wit - witan sing nandhon banyu wis entek ditegori. Banyu kali ya wis kenek polusi, amarga kanggo buwangan uwuh lan limbah pomahan uga limbah pabrik.
Wacan ing ndhuwur kalebu teks ….
argumentasi
persuasi
dheskripsi
pawarta
